Kembang sungsang dinang kunang Kotak kurawis wayang Lindu nira bumi bengkah Adam adam babu hawa Siskang danur wilis Ingkang ngagelaraken cahya nur cahya Anwas anwar ngagelaraken Malih kang danur citra Nurcahya nursari nurjati Dangiang wayang wayanganipun Semar sana ya danar guling Basa sem pangangken-angken Mareng ngemaraken Dat Kang Maha Tunggal Wayang agung wineja wayang tunggal Wayang tunggal

Rabu, 08 November 2017

NGELMU KIAI PETRUK


Kuncung ireng pancal putih

Swarga durung weruh
Neraka durung wanuh
Mung donya sing aku weruh
Uripku aja nganti duwe mungsuh.

Ribang bumi ribang nyawa

Ana beja ana cilaka
Ana urip ana mati.
Precil mijet wohing ranti
Seneng mesti susah
Susah mesti seneng
Aja seneng nek duwe
Aja susah nek ora duwe.

Senenge saklentheng susahe sarendheng

Susah jebule seneng
Seneng jebule susah
Sugih durung karuan seneng
Ora duwe durung karuan susah
Susah seneng ora bisa disawang
Bisane mung dirasaake dhewe.

Kapiran kapirun sapi ora nuntun

Urip aja mung nenuwun
Yen sapimu masuk angin tambanana
Jamune ulekan lombok, bawang
Uyah lan kecap
Wetenge wedhakana parutan jahe
Urip kudu nyambut gawe.

Pipi ngempong bokong

Iki dhapur sampurnane wong
Yen ngelak ngombea
Yen ngelah mangana
Yen kesel ngasoa
Yen ngantuk turua.

Pipi padha pipi

Bokong padha bokong
Pipi dudu bokong.
Onde-onde jemblem bakwan
Urip iku pindha wong njajan
Kabeh ora bisa dipangan
Miliha sing bisa kepangan
Mula elinga dhandhanggulane jajan :

Pipis kopyor sanggupira lunga ngaji

Le ngaji nyang bejadah
Gedang goreng iku rewange
Kepethuk si alu-alu
Nunggang danglem nyengkelit lopis
Utusane tuan jenang
Arso mbedhah ing mendhut
Rame nggennya bandayudha
Silih ungkih tan ana ngalah sawiji
Patinira kecucuran

Ki Daruna Ni Daruni

Wis ya, aku bali menyang giri
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi
Lho ratu kok dadi pak tani?

Sumber: Air Kata-Kata, Oleh: Rm. Sindhunata, S.J.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar