Kembang sungsang dinang kunang Kotak kurawis wayang Lindu nira bumi bengkah Adam adam babu hawa Siskang danur wilis Ingkang ngagelaraken cahya nur cahya Anwas anwar ngagelaraken Malih kang danur citra Nurcahya nursari nurjati Dangiang wayang wayanganipun Semar sana ya danar guling Basa sem pangangken-angken Mareng ngemaraken Dat Kang Maha Tunggal Wayang agung wineja wayang tunggal Wayang tunggal

Sabtu, 26 Agustus 2017

PITUWASING KATRESNAN (upah cinta)



Kawula sesambat dhumateng Paduka duh Gusti, punapa ta ingkang ndadosaken sesami kawula sami cecongkrahan, mitenah, nyebar sesengit ing sesaminipun, ingkang sejatosipun kathah-kathahipun mboten sami mangertos punapa ingkang  sami katindakaken. Paduka paringi pangapunten ing sesami kawula, duh Gusti ingkang Nyiptakaken langit kaliyan bumi, sedaya  dosanipun, sae ingkang kasengaja punapa dene mboten kasengaja. Paduka wulang piyambakipun nyebar wiji-wijining katresnan suci Paduka, ingkang nate paduka paringaken saderengipun piyambakipun Paduka dhakaken wonten ing arca-pada, kangge nindakaken jejibahan suci saking paduka. Paduka paringi piyambakipun perteguhan ingkang suci, kebak ing pangajeng-ajeng katresnan surgawi kangge piyambakipun. Paduka paringi piyambakipun pangertosan ngengingi “artos saha makna sesaminipun” kagem katresnan suci Paduka, punapa ta ingkang mbentenaken ing antawisipun kawula, badhea piyambakipun sami-sami ciptaan Paduka.



PRINSIP


Kawula nyoba nyebar wiji-wiji ing saindhenging jiwa pikiranmu, bab panguasa katresnan dalem Gusti ing sajeroning panguripan nira, supaya  sira luwih mangerteni jeroning jiwanira luwih-luwih mangerteni sepira cetheking  nalarira, nganti sira mangerti apa kang kudu sira tindakake murih becike  penguripannira besuk ing dina pangrantunan.


1.Kowe kabeh cinipta dening Gusti Kang  Maha Tunggal. Kowe kabeh cinipta nduweni rambut, arepa beda  warna sarta jinise. Kowe kabeh cinipta nduweni irung, arepa dibedakake bab becike, amba lan mancung orane. Kowe kabeh cinipta duwe mripat, arepa dibedakake bab becike, jinis sarta warnane. Kowe kabeh cinipta duwe kulit, arepa dibedakake bab jinis warna, semono uga liyane. Kowe kabeh dilengkapi piranti pinangka manungsa, kang nyandhang titah  urip kang padha, utawa kaprentah  urip ing alam donya, nanging dibedakake ing bab talenta, peran jumbuh karo bangsa, budaya, suku lan keyakinan sarta kapercayane dhewe-dhewe.
2.Saka ing kono ing antaramu dibedakake prinsip, persepsi (pandhangan) kang kasimpulake ing pola utawa cara mikir lan tumindak ing sawijining pambiji  sajeroning kesimpulan.
3.Pola mikir lan tumindakmu mujudake hasil saka rumeseping sepira jembaring pangertenmu kang sinebut prinsip sarta pandhanganmu kanggo ndeleng penguripanmu. Yen prinsip sarta pandhangan pinangka pathokan, sapa sing kuwawa nyalahake kang ana ya mung bebener iku dhewe. Mesthi wae kang nanggung ya mung awakmu dhewe.
4.Bebener dhewe kang di undha-usukake ing derajat tanpa toleransi bakal diuji dening wektu lan kanyatan. Sepira gedhening bukti kang ana, kuwawa nanggung, apa ora.
5.Bab sing paling penting pinangka dhasaring urip pinangka bebener, kang dilandhesi nganggo ukuran pangerten pribadhi kang tanpa toleransi  paling bener, yaiku bebener iku dudu hasil saka ing playu sawijining sikap  kangelan ngakoni kesalahan lan ke-sekengan-ing dhewe, utawa sawise kabukten mlayu saka  kanyatan  kang wis di putusake.
6.Becike, tetepa setya lan tanggung-jawab sawise mutusake sawijining bebenermu. Yen atimu ngakoni kasekengan lan kesalahanmu becike mbok akoni kanthi  perwira. Saka kono kowe wis mbayar kanthi lunas resiko kang bakal tumanduk marang kowe mbesuke.
7.Ngakoni kesalahan lan kasekengane dhewe  kanthi legawa bakal ndadekake uripmu urip kang ora dibebani utawa entheng anggone nglakoni.
8.Keakuan lan Pengakuan mujudake bagian prinsip lan panemu sing maujud ing harga-dhiri lan iku mungsuh lan uga mitra sing paling gedhe mungguhing uripmu, sebab saka kono harga-dhiri kang wis kabina saka prinsip lan panemumu terbina, lan pinangka ukurane, kuwawa  apa ora berkembang ing lingkungan pasrawungan-mu.
9.Gawenen prinsip-prinsipmu srana nulad  keagungan sih katresnan dalem Gusti, kanthi tulus, lan eklas ndeleng lan ngajeni sakabehing beda-bedaning prinsip ing antaramu.
10.Mangertenana  lamun kabeh keputusan prinsipmu  ing wusanane tanggung-jawabmu  dhewe. Prinsip bebener tumrap ego-mu kang ora bisa dikalahake dening sapa wae lan srana apa wae; sebab prinsip mujudake wawasan keyakinan lan kapercayanmu  nulad sawijining makna urip kang sinebut panemu tumrap urip. Mula saka iku, kebakana panemumu srana  pangerten katresnan dalem Gusti, kowe ora bakal kajiret dening prinsip-prinsip ego-mu.
11.Kabisan ndeleng urip, kudu mbok jembarake cakrawalamu, kareben awakmu ora cupet ing budi, sarta  cupeting nalar.
12.Jembrengen prinsip-prinsipmu apa bener apa salah, yaiku sepira gedhening kekuataning prinsip-prinsipmu tahan lan kuwawa urip ing lingkungan pepadhamu utawa sepira gedhening daya prinsip-prinsipmu  kuwawa mbok buktekake. Ya  mung  srana mangkono kang bisa mbiji bener orane prinsip-prinsipmu.
13.Aja nganti prinsip-prinsipmu dadi salah sawijining bagiyan tumrap pengangen-angenmu lan ndadekake kowe tentrem utawa mbela awakmu, saka ing pangendha akibat rusaking prinsipmu.
14.Jingglengan prinsip-prinsipmu sajerone ngatur pola urip lan pola pikiranmu ing padinan, pinangka srana anggonmu miwiti mahami lan mangerteni jati-dhirimu. Sebab prinsip mujudake aturan-aturan kang mbok cakake tumrap ing uripmu padinan.
15.Upayakna prinsipmu bisa mbok uji srana  pikiran lan perasaanmu. Ya iki margane kowe bisa tumuju  marang   pemahanan tumrap uripmu.
16.Prinsip kang tansaya kuat ngatur uripmu, yen panemumu ndeleng urip, tansaya ngyakini sarta mercayani. Saiba becike yen panemumu iku ngeblat  marang kabecikan katresnan dalem Gusti.
17.Aja nganti prinsip-prinsip sarta harga-dhirimu, ngrugekake sarta nguciwani tumrap pepadhamu.
18.Dadekna prinsip-prinsipmu nguripake jiwa kang sayah, nguripake, menehi pengarep-arep, minterake, madhangake, mbebasake saka belengguning  kebodhoan, lan  mujudake rahmat sih katresnan dalem Gusti.
19.Benahana  prinsipmu, lamun ora kuwawa ngatur panguripan srana becik. Nduwenana prinsip, sak ora-orane ing hasil pungkasane, yaiku ora seneng cecongkrahan, ora seneng sesengitan, ora seneng hasut (ngajak lan ngajani ala), ora seneng gawe kuciwa, sarta ora seneng gawe fitnah.
20.Prinsipmu kudu mbok landhesi toleransi, saka toleransi pribadhi dadi toleransi sedulur,  toleransi mitra, lan toleransi sapadha-padha, tumuli dadi toleransi lingkungan, toleransi regional, nasional sabanjure toleransi  negara lan bangsa, nuli internasional,  lan sabanjure toleransi tumrap umat manungsa  sakabehe.
21.Prinsip toleransi nuwuhake uripmu ing sajerone pola pikir lan tindak kang dewasa. Sebab pedhuli marang sapepadhamu, utamane pandhangan tumrap sakabehing beda-beda kang mbok prangguli.
22.Perlu mbok elingi, lamun kabeh manungsa cinipta dening Panjenengane Gusti, kabeh manungsa jejer titah sawantah, nanging ora kabeh manungsa  nduweni pola pikir lan panggawe kang padha. Ya iki hikmahe  beda-bedaning manungsa, ing antarane prinsip lan panemu kang beda, arepa kabeh  padha-padha manungsane.
23.Beda-bedaning pola pikir sarta panggawe bisa mbok entasake lamun kowe mangerteni lan mahami hikmah iki.

Oase Romo Sapto :
“Lekna mripatmu, sarta jerengen talinganmu, sebab saka ing kono pangertenmu katampa, mbok simpen, lan mbok tata ing telung papan panyimpenan, yaiku  ono utek Panyimpenan, Ati sarta Bathinmu pinangka landhesan prinsip sarta panemumu” 



PANEMU TUMRAP TAFSIR.


Kawula nduweni panuwunan marang  Gusti, tangekna pengertenmu, he sedulur, supaya sira kuwawa  ndeleng  urip, srana keagungane sih katresnan dalem Gusti, Coba upayanen mbukak korining atimu, supaya penguripanmu bisa padhang-njingglang.


24.Cegahen lan sadharna  sapa wae kang  gawe rusak talining paseduluran utawa talining  kekadangan ing sapadhamu. Cencangen atine ing sajerone sih katresnan dalem Gusti.
25.Wulangen  pepadhamu kanggo sinau  memahami lan mangerteni kamulyan lan keagungane Gusti kang kebak ing sih katresnan dalem  ing sakabehing panguripanmu.
26.Aja predondi  tumrap sakabehing panemu tafsir  utawa woh pangeja-wanthaning jiwamu mring sapadha-padha, sebab ya saka ing kono kowe bakal nemokake dhirimu, rumangsa paling kuat lan paling gedhe. Pahamana pitutur Kawula supaya kowe ora angkuh lan tolol
7. Becike, kowe mahami hakekat  tumrap padha-padhaning  manungsa, kang nduweni utek kanggo mikir, Ati kanggo ngrasa, lan Bathin pinangka budi.
28.Becike kowe mangerti, beda-bedane ana ing isi sarta mutu nalar ing utekmu, perasaan ing atimu, lan budi ing pakerti bathinmu.
29.Sapa saka ing antaramu kang ora mangerti, sarta ora paham salah sawijining pangerten iku, kupiyoa kareben mangerteni kanthi patitis
30.Dadia kowe pribadhi pinangka wong kang wicaksana sarta adhil. Aja nganti beda-bedaning antaramu pinangka pathokan kanggo  dhasaring padudon marang pepadhamu, lan ndadekake kowe hakim kanggo nge-hakimi  tumrap ing sapdha-padhamu.
31.Supaya penguripanmu luwih  becik, dadekna ora-ngertimu, kanggo ngakoni kekurangan lan pangertenmu kang sarwa winates. Kupiyoa supaya dadi mangerti lan paham, sebab srana dhasar iku kowe ora bakal kesasar lan sembrono.
32. Rilakna kowe kanthi piranti bodhomu, tumindak lan manggawe  tolol lan cupet-nalar kanthi nge-hakimi pepadhamu kanthi  rasa cubriya, hasutan, fitnah lan tumindak kejem  sarta mblasar. Lamun kowe rila lan saora-orane mangerteni arah pangerten iki, ateges ing kono  bukti   ketololanmu  ndeleng urip.  Sadhar-a lamun uripmu  cinipta dadi manungsa kang kudune nduweni budaya, ora kayadene  sato kewan  kang tansah  mung kanthi naluri (instinck)  kanggo mertahanake urip.
33.Tansaha eling, lamun kowe iku umate   Gusti, lan cinipta dening piyambake. Balia marang pangerten awalmu, Gusti Maha  Agung, lan Maha Pencipta, besuk utawa kapan wae kowe bakal kapundhut bali. Aja cecongkrahan marang sapepadhamu, karana wohing pikir  lan jiwamu  bab pangerten ngenani Gusti.
Elinga pembelaanmu marang kabeh  wohing pikir sarta jiwamu, padha wae nyupetake  pangertenmu tumrap rohing Allah. Sira rak  nduweni karep njerokake  pangertenmu ngenani  Allah.
34.Tansaha ngati-ati lan njaga wohing pikir sarta jiwamu, sebab ya saka ing kono  pangentho-entho tumrap urip tansah meden-medeni.. Nikmatana  kabecikaning  Gusti ing sajeroning atimu, kang tansah ana, arepa ora mbok mangerteni, Gusti ora bakal ninggalake kowe, nanging kowe kang ninggalake Piyambake.
35.Pahamana sakabehing siasat sapepadhamu, kang pepuntone  sengit lan cecongkrahan, banjur pedhoten srana kanyataning katresnanmu. Sebab sih katresnan mujudake pangerten kang tanpa winates.
36.Dadekna uripmu pinangka pangon kanggo kelompok kang kesasar pangertene. Mesthi wae jumbuh lan talenta uripe.
37.Sapa ta sing nduweni tanggung-jawab  tumrap bodhoning kelompokmu, arepa tanggung-jawab ing sabenere tumanduk marang dheweke.
38.Kanggone  Kawula,  kelompok kang kesasar  ing kebodhoan kudu mbok ngon  murih  beciking uripmu, lan uripe dheweke, sebab dheweke kesasar  lan ora mangerti endi dalan padhang kang kudu diliwati.
39.Kepriye wae,Gusti ngersakake  uripmu ing donya iki, salah sijine  yaiku nuhoni dhawuh-E, srana urip  nduweni toleransi, dan gotong-royong kanggo  tentreming uripmu, lan sapepadhamu, yen ing mbesuk  titi mangsane wektu alam pangarep-arep wis tumeka.
40.Toleransekna prinsip,  pandhangan sarta pola tingkah laku-mu kanggo kelompok  kang wis kebanjur  ora nduweni daya lan ora nduweni kekuatan kanggo ngalih dalan saka dalan nyasar menyang dalan kang padhang.
41.Murih beciking sih katresnan dalem Gusti, tentremna pikiran ing utek, perasaan Ati, lan Budi pakerti batin kelompokmu, kang wis ngalami urip ing pepeteng lan kesasar.
42.Rak ya wis bener lan sapantese prinsip sarta pandhangan bab cupeting budi ndadekake uripmu ing sadina-dinane, ing alam donya kang kebak ing rasa penasaran lan kesasar saka dalan katentreman kang sejati, luwih-luwih ngregoni  lakuning  urip kang nedya bali ing  pangayunaning Pangeran.
43.Wis sapantese, lamun murih sih katresnan dalem Gusti tumedhak marang kowe kabeh,  ngonen kelompokmu  kang kesasar karana pangerten lan pemahamane.
44. Awalana anggonmu angon kanthi mangerteni  sakabehing sifat  ala tumrap  sekelompokmu, lan kowe dhewe ora nganti kintir marang  dheweke. Hikmah bakal kita tampa yen kita mangerti  sakabehing sifate kang ala,  sing intine  saka sumber keangkuhan pikir-utek; karana atine kang sombong, sarta budi batine.Saka kono kowe bakal mangerteni wewengan kanggo ngengon dheweke tumuju menyang dalan kamulyaning Gusti, sebab lurung lan sela-selaning dalan wis mbok ngerteni yaiku pinangka  dalan kang bakal mbok leboni.
45.Bumi tansah mubeng, lan  zaman ngetutake kanthi setya. Mangkono uga wohing pikir lan jiwamu utawa  ndeleng urip aja nganti mandheg. Sebab yen nganti  mandheg, tumuli mandheg uga jamanmu. Kowe bakal ngumpet menyang pangerten liyane. Kowe bakal rumangsa paling bener, lan liyane mbok anggep kleru. Mesakna awakmu, aja nganti dadi wong kang fanatik !
46.Tansaha mbok bukak korining kalbumu, aja pisan-pisan mbok kunci.Muga mangertenana maksud Kawula.
47. Tansaha ngeli marang jantraning jaman. Yen pandhangan  wohing pikir lan jiwamu tansah ajeg banjur ora nduweni daya  kanggo ngadhepi jantraning-jaman kang tansah lumaku mubeng iku.
48.Tafsir saka wohing pikir lan jiwamu aja nganti  mandheg. Yen kelakon mandheg, bakal konyol lan supek uripmu.
49.Lamun mandheg, mesthi kowe bakal rumangsa  panggawemu iku kinersakake dening Gusti. Elinga, yen uripmu bakal tinampa ing swarga, lamun uripmu ing donya kebak sifat kamanungsan lan eling marang Gustimu.
50.Aja nganti ndhasari kesombongan spiritualmu kanggo ngrebut  panguasaning  Allah.
51.Aja nganti cecongkrahan karo pepadhamu, kang ora  jumbuh karo wohing pikir sarta jiwamu,  kanggo ngeblat sih katresanan dalem. Kowe  tansah bakal  nyenyamah marang Gusti. Gusti dipadhakake pepadhamu. Mangkono uga sabanjure  kaya-kaya Gusti  mujudake  sekelompokmu kang rebutan umat.
52.Lamun kowe kepingin cecaketan karo Gusti, tansaha nyelarasake pepinginanmu jumbuh karo sih katresnan dalem Gusti. Yen ora mangkono, mokal kowe bisa cecaketan karo Gustimu!
53.Gusti ora bakal bisa kanggo rebutan. Yen Gusti bisa kanggo rebutan, lan  rumangsamu bisa ngrebut Gusti, ateges Gusti sing mbok maksudake Gusti gaweyanmu dhewe, dudu Gusti kang nyipta awakmu.
54.Kawula paring pemut marang kowe, aja nganti  yasa Gusti srana gambaran  prinsip lan tafsir, sebab ing besuke kowe bakal kacemplungake ing  pepeteng langgeng.
55.Kabeh umat manungsa  sawutuhe,  dicipta dening Gusti Sang Maha Pencipta jagat saisine kalebu makhluk uripe.
56.Gusti Kang Maha Tunggal, utawa Tunggal anggone nguwasani jagat-raya saisine. Teges lan maknane Gusti ing antaramu beda-beda, karana wohing pikir sarta jiwamu kang maneka warna, cara ndeleng sih katresnan dalem. Akehing woh pikir sarta  jiwa  dipengaruhi dening budaya lan tradhisi asalmu. Nanging sejatine   ya mung sawiji, yaiku Gusti.
57.Aja nganti kowe padha predondi marang anane Gusti Kurmatana pepadhamu kayadene kowe ngurmati  awakmu dhewe.
58.Cara utawa dalane dhewe-dhewe  minangka ngupaya jati dhiri lan identitas  kabeh mau tundhone ngupaya sih katresnan dalem. Sauger cara iku tuwuh saka telenging atimu,  ngupaya Gusti sebab rumangsa katitahake dening Piyambake.
59.Ngibadaha jumbuh lan agamamu dhewe-dhewe, mung wae aja nganti   ibadhahmu mau  ngrusak  kesuciane Gusti apadene sih katresnan-E.
60.Ngibadaha jumbuh lan agamamu dhewe-dhewe, mung wae ibadhahmu aja nganti  ngrusak sesambunganing pepadhamu, lan padha-padha titahing Gusti.
61.Ngibadaha jumbuh lan agamu dhewe-dhewe, srana nyebar wewangian sih katresnan dalem tumrap sapepadhamu.
62.Sepira caketing  kowe marang Gustimu, diwawas saka gedhening dhirimu, nduweni unsur-unsur dzat ke-Ilahian, sebab Swarganing Allah mung kanggo  kowe kabeh kang  nresnani ing sih katresnanE

Oase Satguru :
“Wus layak lan sapantese, prinsip  lan pandhanganmu, mbok trepake  marang Sih Katresnan Dalem Gusti,  satemah  njalari kowe mikir, ngrasa lan tumindak bener, tumrap sapepadhamu, lan saka kersane Gusti”




KRENTEG.


Kawula  ngulurake  tangan sih katresnan dalem Gusti, supaya Panjenengane kepareng nyebar wiji-wijining katresnan  dalem  ing telenging atimu, supaya kabeh pangerten lan pemahamanmu  kebak ing sih katresnan.  Bukaken telapak tanganmu kekarone, kanthi kebak ing pengarep-arep. Kawula cawisake elusaning   katresnan dalem, murih lan kanggo kabecikaning uripmu.


63.Landhesana krenteging atimu kanggo kabecikan  urip lan kabecikane Gusti. Mula  saka iku   sebaren rasa krentegmu kanthi sih katresnan  surgawi pinangkane saka Gusti.
64.Mangertia ubaling prastawa nolak lan nampa  sakehing pangerten kang lumebu ing  penguripanmu, disebut krenteg.
65.Krentegmu yaiku bageyan saka perasaan kepenak lan ora kepenak, kang gegayutan karo perasaan alami saka tanggapan kritismu, ing kabeh  pancadriyamu kang dipengaruhi  dening suasana ati utawa batin lan pikiran-mu kang nduweni sir.
66.Krentegmu, yaiku bagian perkembangan putusan awal uripmu jumangkah
67.Pahamana, yen krentegmu dipengaruhi dening perasaan, pikiran, lan tindakan kang makaping-kaping, nganti gumantung sakehing jiwa pikiran lan wadhagmu  lan kaya-kaya ngapusi pinangka dadi salah sawijining kebutuhan urip.
68.Panggawe padinan kang kaya-kaya wis diprogram, banget mengaruhi tumrap keputusanmu.Karana krentegmu  gumantung saka   kebiasaan  kang wis kaprogram ing sakehing jiwa, pikiran lan wadhagmu. Nanging rasa gumantung iku dudu hasil saka kesadharan kang sejati
69.Becike krentegmu  dumadi karana kesadharanmu, supaya  kowe ora gampang  didadekake budhak  tumrap wadhagmu sarta jiwa pikiran  kang  liar.
70.Yen kowe kepingin  arep nguasani dhirimu sawutuhe,  kuasanana dhisik krenteg kang gumantung ing pola pikir lan pola rasa  jiwa  pikiranmu.Bebasna rasa gumantung kang kelet, nganti kowe kuwawa nemokake  badanmu  sawutuhe, kanthi kebak ing rasa sadhar. Ya iki sawijing cara nglepasake saka  lengketing nafsu duniawiahmu.
71..Mangertia,  lamun seneng, susah, ora nyenengake ati, mangkel, sedhih, kangen, nampa, nolak,lsp. Mujudake bageyan tekanan daya kang  ngundhakake krentegmu, dudu barang kang ideal, Mula saka  iku  disebut wae krenteg.
72.Pahamana  krentegmu nolak apadene ora, karana papan kanggo nemtokake keputusaning uripmu dudu barang kang baku utawa mutlak kanthi bab kang wis mbok tetepake ing pola uripmu.
73.Perlu mbok mangerteni, krentegmu, mujudake  bagian saka daya  hawa nafsu  jagat rayamu, kang disimpen ing papan panyimpenan  daya  utek pikiranmu, rasaning atimu, sarta  batin budimu.
74.Aja nganti  krentegmu njlomprongake uripmu.
75.Sing waspada krentegmu dipengaruhi dening hasil rumeseping daya kekuatan  jagat raya  ing sakiwa-tengenmu, bakal dadi dhasar pangerten  tunrap   nemtokake  krentegmu.
76.Mangertenana  pinangka dhasar pangerten kang nemtokake  krenteg kang asale saka  rumeseping  gapura lawang energi mripatmu kekarone, gapura talingan kekarone,  gapura irung kekarone, lawang gapura tutukmu, pepinginan  biologis kelaminmu, lan siji maneh gapura  energie rasa puas ngenani kadonyan kang ana ing dhubur (silit)., yaiku biasa diarani babahan hawa sanga.
77.Gapuraning daya pangerten ing bolongan mata loro-lorone, nyesep energi alam semesta pangerten, saka jagat raya kang  adohe sapandeleng . Hasil panyeseping energi  iku, mbok simpen ing utek, papan panyimpenan  pangeling-eling, pinangka bahan tetimbangan perasaanmu lan mbok simpen ing papan panyimpenan ing  atimu, pinangka bahan tetimbangan perasaan,  panyimpenan pangeling-eling batinmu pinangka bahan  tetimbangan  perasaan kang luwih alus lan budi;  saka ing kono pandelengan mripatmu nemtokake krentegmu.
78.Siyogoa,  latihen murih  dewasaning krentegmu ing bab pandelengan. Kupiyoa sinaua nyerap lan nyebar daya energi kanthi pendelengamu. Aja nganti kowe nduweni mripat kanggo ndeleng,  nanging  ora bisa weruh.
79. Elinga nalika kowe isih bayi,   sadurunge bisa weruh,  kudu sinau, lan merlokake proses lan wektu kanggo tumeka ing kesadharan ing mripatmu, supaya memori kang mbok simpen kanthi becik tumrap uripmu.
80. Sabanjure, pigunakna kabisaning  pandelengan mripatmu pinangka obor uripmu uga obor tumrap pepadhamu, jumbuh karo  sih katresnan ndalem, supaya  pandelenganing mripatmu nguripi tumrap kowe lan pepadhamu.
81.Sadhara, gapuraning pangerten wujud bolongan kuping loro-lorone, nemtokake krenteg tumrap kenyamanan wadhag lan jiwa  pikiranmu kanggo ngrungokake.
82.Sebageyan gedhe pangerten kang antuk saka proses pangrungu  kanthi cara nyesep energi pangerten jagat raya metu saka pangrungon kupingmu mbok simpen ing telung papan panyimpenan.Utek kanggo pikiranmu, Ati kanggo perasaanmu lan bathin pinangka budi pekertimu. Sakabehe bakal nemtokake krenteging .kupingmu
83.Wus pantes lamun kowe ajar nyesep metu pangrungonmu, kanthi kesadharanmu, Nalika jabang bayine kowe  kudu ngawali srana sinaur ngrungokake nganti nyadhari, mangerti lan paham. Sinaua ngrungokake kanthi cara sakbenere, sadhar, mangerti lan paham, yen pangrungu mujudake  lawanging pangerten kang mbok  tampa metu panyeseping liwat pangrungu.
84.Kanthi andhap asor Kawula nyuwun, udinen kesadharan ing pangrungu, gapuraning energi kupingmu kekarone. Sawise   ngumpul energi  pangerten mau  supaya dikelola murih   antuk keagungan  sih katresnan dalem Gusti, tumrap uripmu lan uripe pepadhamu.
85.Murih kabecikane krenteg uripmu, jumbuh karo  kersane Gusti, kupiyoa mangerti, yen gapuraning pangerten kang paling baku, kanggo penguripaning jasmani wadhagmu  lan spirit jiwa pikiranmu, manggone ing gapura energi bolongan irung loro-lorone.
86.Sebab loro-loroning bolongan irungmu mujudake penentu kang penting hawa nafsu krentegmu, supaya uripmu kebak ing vitalitas energi, utawa sinebut uga kanthi tembung nduweni vitalitas spirit lan mental.
87.Sebab kowe bakal adoh saka ing lelara, dawa umure lan awet enom yen mbok gunakake  pernapasan, secara kesadharan yen nafas  iki mujudake vitalitas inti penguripan, urip ing alam donya.
88.Daya pangerten mbok isep metu bolonganing irungmu, kanthi ngisep ambu-ambuan migunakake  serotan nafasmu, kowe bisa antuk energi vitalitas  kanggo wadhag jasmani lan jiwa pikiranmu.
89. Ambegan kanthi kebak ing kesadharan krenteg, kanthi pangerten-pangerten  urip  srana sih katresnan dalem Gusti. Isepen ganda wewangian, kamulyan, keagungan  sih katresnan dalem srana ambeganmu..
90.Sadhara, ambegan kang disadhari bakal ngumpulake  daya ing telung papan panyimpenan pangeling-eling, utek, ati, lan batin, nganti bangkit dadi lapisan energi pengayom lan pelayanmu kang tansah setya.
91.Mangertia pitutur Kawula, bolongan gapura energi tutukmu, mujudae  energi penegas lan keputusan krentegmu. Ya saka ing kono papan ketegasan awalmu, pinangka penegas tingkah lakumu  kanggo perilaku pepinginan kang  magepokan karo daya energimu.
92.Pinangka dhasaring pangerten, kabeh wae kang metu lewat tutukmu, apadene kang lumebu, kabeh mujudake daya-energi.
93.Kanthi papan panyimpenan memori energimu cacah telu nyimpen kanthi becik, energi kang lumebu ing tutukmu, nalika ngonsumsi panganan lan tetembungan mengaruhi nganti percaya marang kowe, ora mbebayani tumrap uripmu.
94.Ngati-ati, energi kang metu saka tutukmu, mligine pitembung anmu sebab pitembunganmu pinangka hasil kesimpulan tegas sementaramu, nanging nduweni akibat ala  kang gedhe pengaruhe tumrap uripmu.
95.Kosok-baline, tansaha dijaga,  sadhara  nalika tutukmu ngetokake  energi, yen energimu   isih liar bakal nduweni akibat ala tumrapmu.
96.Mula saka iku, wus layake, lan sapantese,  yen energi kang metu lan mlebu saka gapura-energi tutukmu, mbok tanemake pengarep-arep energi sih katresnan dalem Gusti.
97.Tansaha dijaga, apa kang ana ing gapura energi sensasi kreativitas  duniawimu, ing bolongan energi kelaminmu. Sebab kreativitas  liar  kang tinata ing jeroning krentegmu gumatung ana ing gapuraning energi kelaminmu.
98.Sebab gapuraning energi kelamin pinangka  sensasi kreativitas  energi kepentigan duniawi, kang arupa kecerdasan, lan kecemerlangan nggone ngupaya  energi kang luwih kanggo kebutuhan  lan kepentingan wadhag jasmani lan jiwa pikiran biologis  ing sakabehing  gapura energi.
99.Disadhari apa ora, aktivitas  penyesepan energi iki, sebab gapura energi kelamin nyesep energi aktifvitas sing paling akeh, dibandhing karo gapura energi liyane.
100.Gapura energi kelamin mimpin fenomena kreativitas energi liar  lan tinata saka rasa senyawa, rasa biologis,  rasa katresnan, rasa pepinginan, rasa kemuliaan, rasa keagungan, rasa kepingin dipercaya, rasa kepengin diakoni disanjung-sanjung. lsp.
101.Aktivitas kreativitas energi ditujokake srana  bertahap. Ing tingkat krenteg saka njaba nganti sing terkendali. Fungsi kreativitas kesadharan  asor, kayadene perjuangan ngentukake kebutuhan lan kepentingan perasaan   hawa nafsu, biologis kang jero. Kuwajiban kreativitas kesadharan dhuwur kaya perjuangan pembebasan  lan pencerahan  nganti tumuju  persenyawaan, keselarasan, lan keharmonisan jiwa pikiran. Kuwajiban kesadharan dhuwur, kaya perjuangan tumuju menyang sih katresnaning Pangeran.,
102.Pimpinen sarta dibina kang becik, kebak kesadharan gapura energi kreativitas  kelaminmu, supaya nyesep lan nebarake kreativitas katresnan saka Gusti tumrap donya.
103.Gapura energi sing nomer sanga, yaiku bolonganing dhubur (silit).Gapura energi ini pinangka sumber energi  krenteg rasa nduweni, kemewahan, kekayaan, kesetiaan, pengkhiatan, kecembu ruan, kebencian,  sombong, kebendaan, rumangsa  mampu,  rumangsa bisa,  rumangsa luwih dibandhing liyane lsp.
104.Gapuraning energi  bolongan dhubur yen peran entuk-entukane  sarta penyebaran energine ora terkendali utawa isih liar, bakal nuwuhake krenteg sifat bawaan utawa karakter  kang  liar,  kayata rasa ndarbeki  kang luwih saka ukuran, semono uga  bab kelete marang barang-barang kadonyan,.  umuk, sombong lsp.
105.Yen gapura energi  bolongan dhubur  dikendhaleni  karana kesadharan, bakal nuwuhake  krenteg sifat  sarta karakter kang ora ngrugekake tumrap wong liya.
106.Supaya dipahami, gapura   energi bolongan dhubur mujudake pondhasi  energi krenteg, sawine gapura energi irung. asring disebut gapura energi krenteg dhasar penguripan  utawa energi emosional energi pokok wadhag jasmani suwene nindakake akivitas.
107.Supaya disadhari, lamun gapura energi dhubur mujudake energi pengiket   energi spirit jiwa, pikiran supaya tetep bertahan ngobahake awak  lan ngiket  ruh ing sajeroning badan.
108.Gatekna, yen nyipati wong kang lagi sekarat,  nalika  jiwa pikiran ngeculake wadhag jasmani lan spirit  energi jiwa  pikiran isih nyelimuti ruh, bolongan dubur ngetokae kotoran.
109.Udinen, energi krenteg kang mbok duweni saka gapura energi duburmu,  supaya pondhasi kretegmu becik, jumbuh karo kersane Gusti  Allah Maha Pencipta.
110.Sadhara, lamun wis titi  wancine  tumrap kabecikanmu. upayanen pangerten urip sak jembar-jembare, nganti kowe  mahami  krenteging atimu, wiwit biyen mula tumeka  saiki. Apa krentegmu  wis njlomprongake  uripmu, apa ora utawa apa krentegmu  nyiutake  pangertenmu apa ora. Jelase, apa krentegmu menehi sumbangan, tumrap beciking panguripanmu apa ora.
111.Kawula pitakon  marang kowe : Lamun krentegmu ora menehi sumbangan tumrap beciking uripmu, apa kudu dipertahanake. Yen awakmu  rumangsa apik-apik wae, mula papan keterbatasan pangertenmu iku kang dadi underaning permasalahan, lan iku kudu mbok akoni.
112. Mawasa dhiri, ing sakabehing keterbatasan mligine ngenani  kemampauan awakmu.Nalika keputusan pinangka krenteging atimu, rasa tentrem sarta kedamaian jiwa pikiranmu bakal dumadi ing awakmu wis ngawali  keputusan urip kang kebak ing kesadharan.

PANGRUNGU

Bakal Kawula suwunake marang Gusti kanggo nylametake mutiaraning katresnan urip kanggo awakmu kang kasdu mirengake hikmah kawicaksanan kanggo indera pangrungumu.

113. Pangrungu mujudake gapuraning lawang energi vitalitas pangertenmu, saka ing kono akeh energi  kang mbok sesep. Arepa mbok sadhari apa ora, awakmu nyesep energi wiwit lahir mula tekane saiki.
114.Sadhara, nalika awakmu dilahirake ing donya, awakmu nyesep energi kanthi cara ngrungokake, kudu sinau luwih dhisik.
115. Keseimbangan kesadharan  jiwa pikiran lan kesehatan wadhag jasmani gumantung saka oleh-olehaning energi ing gapura energi pangrungu.
116.Gangguan tumrap pangrungu, keseimbangan badan, konsentrasi, lan kalebu gangguan daya tahan tubuh jasmani lan jiwa pikiranmu gumantung  gapura energi pandelengan.
117.Apa pangrungonmu   mbok pigunakake kango ngrungokake. Lamun pangrumu becik, pangertenmu uga becik tumrap uripmu.
118.Sadhar-a, kualitas  sakabehing  badan lan urip gumantung ana ing kemampuan indera pangrungu nyesep lan nampa pangerten sing  saka sakiwa tengenmu.
119.Ganepana pangrungumu kang biasane dikebaki  dening katresnan dalem Gusti, wadhag lan jiwa pikiran kanthi tindak-tandukmu bakal kapenuhan  cahya  katresnan dalem.
120.Becik, lamun indera pangrungumu  tansah becik. Mirengna sakehing  wawasan pangerten sak jembar-jembare, mligine njaban pangerten lan pemahamanmu, nanging kupiyoa mangerti lan mahami. Ya saka ing kono  kowe bakal mangerteni arti sawijining tuntutan  kang ngudokake  kowe tumindak wicaksana.
121.Ajarana pangrungumu kebak ing kearifan kang bisa mirengake sakabehing kang ora cocok karo pengarep-arepmu lan awakmu siap nampa sakehing beda-beda kang ana ing sajroning prinsip lan pandhanganmu.
122.Pangrungumu  kudu dewasa nampa sakabehing bab kang cocok apadene ora cocok  karo kang mbok karepake
123.Indera pangrungu ana bolongane hawa  loro, pinangka pusat sesambungan antarane gapura energi liar jagat raya, sarta makhluk urip.
124.Saupama  awakmu bisa mahami sarta  mangerteni isining misteri kang ana sesambungane energi jagat raya, ing indera pangrungumu, mesthi awakmu bakal tinarbuka lawanging swarga.
125.Ananging ora gampang, sebab awakmu kudu ngliwati  samodra kang kebak ombak lan angel mbok kira-kira. Upama awakmu bisa ngliwati, bakal mbok temokake misteri penguripanmu.
126.Mula saka iku, latihen bejana pikiranmu  nalika nampug pangerten iku.
127.Latihen bejana perasaan jiwa ing atimu, nalika nampung  wawasan kang beda karo wawasanmu.
128.Latihen bejana budi batinmu  nalika nampung sakabehing  bab kang ora laras karo kekarepanmu.
129.Pinangka tentreming uripmu., kudune mahami lan mangerteni. Bangunen telung bejanamu iku, kayata  bejana utek pikiranmu, bejana ati jiwa, perasaanmu sarta bejana budi batinmu  kanthi keagungane Gusti.
Kanthi pilar lan cakar kang pengkuh, supaya kuwawa nampung pangerten kang isih liar banget, kang ngandhut risiko ngrusak badan lan rokhanimu.
130.Apa kang mbok tampung ing telung bejanamu iku,  bisoa mbok dadekake berkat kanggo pepadhamu. Mula saka iku, arifa  katujokake   pangerten kang kebak  katresnan dalem Gusti. Dudu pangerten liar kang  angel mbok kendhaleni, kang siap  saben wektu  ngrusak prinsip lan pandhangan tumrapmu nalikane kowe tledhor.
131.Pangrungumu, iku  pinangka lawanging  pangertenmu. Keleng- kapane ana telung bageyan  penampungan memori kang mbok resepi , pikiran utek, ati lan batin.
132.Pahamana, becike nalikane nampa pangerten, awakmu kudu mahami, lamun pangerten iku sawijing bahan, saka  energi jagat-raya kang manjing  ing seliramu, sing pungkasane mbok tampung ing telung bejana iku.
133. Sesepana kanthi kebaking pangerten sarta pemahaman, nganti  awakmu dadi dunung ngenani daya iku, bakal dadi kekuatan jiwa utawa kekuatan spirit kanggomu. Mula saka iku kendhalenana  sirkulasi energi kang lumebu ing jeroning talinganmu.
134.Kowe bakal sinebut dewasa kang berkualitas yen wis bisa  mernata kanthi rapi, energi pangerten ing papan panyimpenan memori utek, ati lan batinmu. Luwih-luwih bakal nggampangake kowe, nalika nemtokake energi pilihan kang nduweni kualitas ing aktivitas mikir, ngrasa lan nduweni budi, kang pungkasane  mbok putusake ing ucapan lan tumindak kanggo sapadha-padha.
135.Yen memori kang mbok resapi tinata rapih lan becik,  kowe ora gampang diboti kanthi pemborosan energi kang mangkono bakal ndadekake kowe sayah nalika micara, ndeleng, apadene tumindak, mligine  nalika  proses  penataan energi  saka hasil penyerapan metu indera pangrungumu, ing gudhang memorymu.
136.Sadhara  lamun kowe mirengake pasambat  utawa ngrungu  sakabehing bab kang ora cocok karo pengarep-arepmu, pikiran utek, perasaan   jiwa atimu, lan budi batinmu  bakal sayah lan lungkrah utawa nggawa beban.
137.Sadhara yen kowe krungu  suara sumbang sing ngina marang harga-dhirimu bakal gawe pikiran otak, perasaan jiwa batin lan budi batinmu  kena beban, sebab telung gudhang memorimu wis akeh nampung , nata lan nyusun  energi liar sawise mbok rungu.
138.Sadhara yen kowe ngrungokake suara sing ora mbok karepake utawa ora cocok karo prinsip utawa pandhanganmu malah bakal ngebot-boti otak, ati, sarta batinmu,  sebab bejana telu iku dadi memori  kanggo nampung energi liar. Energi liar iku  kudu mbok susun  rapih ing telung  bejanamu, supaya kowe ora tumindak liar.
139.Sakjujure, apa  kang mbok sesep  ing pangrungonmu  yaiku energi jagat-raya bebas, utawa disebut hawa atma kang adoh saka penalaran lan akal sehatmu arupa pangerten  kang mlebu liwat kupingmu.
140. Hakekat  krungu,  yaiku nyesep energi jagat raya, banjur mbok proses, karana sadhar apadene ora, ing kegiatan nata, nyusun rapih supaya energi alam semesta iku ora liar mengaruhi kowe, nanging mbok kendhaleni energi liar iku jumbuh karo kebutuhanmu, dudu awakmu sing dikendhaleni.
141.Yen awakmu dikendhalni  ateges kowe ora nduweni  kesadharan tumrap awakmu dhewe. Yen kowe kang ngendhaleni, bakal ngrusak jiwa pikiranmu utawa wadhagmu yen nganti  ora bisa dikendhaleni.
142. Pangrungu kang becik yaiku pangrungu  kang didhasari saka ing  pangerten lan kepemahaman, mula saka iku ora ana  emosi liar kang ngrusak kowe, tanpa nganggo sayah, ora kabotan nanging kebak kesenengan.
143.Latihen kesadharan dhiri kanthi  sikap konsentrasi, bakal  ngerti marang kabecikan lan alamu;  kang bakune, kabecikan mujudake energi kang wis mbok kendhaleni, dene  sifat ala-mu  mujudake energi kang isih liar durung bisa dikendhaleni
Oase Satguru :
“Temokna jati dhiri lan identitasmu, sawise  nyumurupi energi ing jagat raya bebas, yaiku energi kang nyangga panguripan ing jagat raya, lan makhluk urip, kang disebut  energi utawa emosi liar. Yen lumebu ing proses  pangrungumu,  kudu mbok kendhaleni, supaya tersusun rapih  lan tinata becik supaya ora liar, mengaruhi jiwamu”.

PANDELENG.

Kawula tuduhi sih katresnan dalem Gusti  kang Maha Agung, Maha Asih, Maha Luhur, marang kowe kang kepengin mangerti lan memahami  hikmah pandelenganmu, sing perlu  mbok mangerteni.


144.Sadhara  kanthi andhap  asoring manah kanthi tulus lan iklas. mripatmu pinangka obor tumrap   wadhagmu.
145.Sebaren katresnan jati lumantar soroting mripatmu.
146.Mripatmu pinangka gapura  pangerten kang bakal menehi kesan  pancaran energi jagat raya utawa kang disebut emosi sing  bisa di kendhaleni utawa  becik, kang disalurake ora terkendali utawa ala, disalurke metu medium energi saka pancaran mripat, ucapan tutuk, ekspresi rai, sarta tingkah lakumu.
147. Kesehatan mata, otak gedhe, otak cilik, nganti kesadharan pikir lan jiwa,  gumantung marang keseimbangan energi kang entuk saka gapuraning lawang energi mripatmu.
148. Gapuraning lawang energi pandeleng,  pinangka lawanging kesadharan kang paling dhuwur tumrapmu.
149.Soroting mripatmu  pinangka konci   interaksi antarane emosi energi alam semesta bebas karo sapepadhamu.
150.Sesambungan bab apik lan ala ing  interaksi, kowe bakal nyadhari kemampuanmu nyesep lan nyalurake  energi penyangga penguripan makhluk urip kang ana ing bageyan wadhag sapepadhamu.
151.Soroting  mripatmu pinangka konci energi welas-asih lan katresnan ing sakabehing aktivitas sarta obahing  wadhagmu.
Sadhara yen bagiyan saka  solah bawamu terkadhang  narik kawigaten sapepadhamu,   arepa lepas saka kawigatenmu
152.Saka kono kowe bakal  nemoni awakmu dhewe; kanthi anane prastawa interaksi marang sapadha-padha, ana kang becik ana kang ala, ana kang setya, ana kang khianat, ana kang tresna, ana kang sengit  lsp.
153.Yen pandelenganmu becik kowe bakal ditampa ing  pasrawungamu.  Kosok baline yen pandelengamu ala, ora bakal ditampa dening kanca-kancamu.
154.Becike pahami sarta sadhara, bagian identitas  sarta jati dhiri, kapribaden ing aktivitas  pandelengamu, kang  sregep nyesep energi penyangga penguripan jagat raya, lan makhluk urip sarta nyalurake kanggo kepentingan katentreman, binerkahan ing  sih katresnan saka Gusti tumrap sapadha-padha.
155.Sinaunen pandelengamu kanthi konsentrasi penuh, ing jeroning mripatmu ana bolongan dalan hawa pinangka sarana sesambungan  lawang gapura energi liar jagat-raya lan makhluk urip.
156. Nalika indera pandelengamu nyambut gawe, kowe nyesep energi liar saka ing sakiwa tengenmu, nuli dipantulake kanthi wewujudan pancaran cahya kang ora katon ing bagiyan pirantining  wadhagmu, lan sakiwa tengenmu, laras karon wates pandelenganmu.
157. Bakal dadi luwih lengkap tumrap penguripanmu, lamun pandelenganmu dihubungake karo sakabehing kelengkapan inderamu.
158. Kanti konsentrasi kesadharan tahap   sabanjure, sawise nguasani alam kesadharan  gapuraning lawang energi indra pangrungumu, kowe bakal gampang manipulasi  sarta ndistribusekake   energi, gapura energi pandelengamu.  Indramu liyane  bakal gampang disambung nganggo indra pandelenganmu.
Kang luwih peka disebut indra keenam, mujudake landheping intuisi sarta perasaan jiwa kang nyata..
159.Kualitas/mutu pandelenganmu gumantung sepira gedhening  energi alam semestamu, ketampung  rapih lan dikendhaleni sepira kuat pondhasi memori bejana ati lan bathinmu sadhar sarta nyangga energi jagat raya kang wis disusun rapih  ing rong gudhang memori .
160.Becike dadi pola kebiasaan  nalika kowe nyesep  energi jagat raya, nalika weruhi, arepa disadhari apa ora, kuwawa apadene ora, cukup srana intuisi  keyakinan katresnan sejati, mbok tandur ing pikiran otak, perasaan jiwa lan budi batin, supaya prinsip lan pandhanganmu tansah  katon becik.
161.Aja mbok jar-ake mripatmu dadi peteng yen kanggo ndeleng, arepa mendolo, nanging ora bisa weruh kahanan ing sanyatane,  mung karana energi ing gudhang  memorimu ora disusun rapih.
162.Aja nganti pangerten kang wis mbok resepake metu pandelengamu ndadekake kowe tansaya wuta pangerten, kayata gampang dihasut,  gampang dibujuk srana   tembung manis, becike kerja sama karo  indra liyane.
163. Pandeleng kang nyunarake energi liar nggrusak citramu,  lan wadhagmu bakal melu nanggung resikone.
164.Soroting pandeleng yen pinuju susah apa bungah, sedhih, nesu, jengkel nangis utawa  pinuju  seneng, luapan energi saka alam semesta kang dipancarake  liwat soroting mripatmu, nuli bagian wadhag liyane melu nututi.
165.Sadhara yen vitalitas wadhagmu  banget gumantung  marang  gapuraning  lawang energi pandeleng,.Yen pandeleng  pinuju susah lan nangis, bagiyan wadhag liyane vitalitase dadi mudhun., semono uga kosok baline
166.Mula saka iku, dewasakna pandelenganing  mripatmu, supaya ora liar, nanging terarah lan tansah bening  lan sehat.Kanthi perasaan jiwa ing atimu, lan budi ing bathinmu, kang nduweni orientasi lan arahan  kang jelas,   kowe  bisa nyumurupi padhanging dalan menyang swarga
167.Becike uripmu  mbok kebaki cahya padhang ing pandelenganmu, supaya mripatmu bisa  mangerteni sakabehing wujud sih katresnane Gusti.Talinganmu bisa krungu warta kaswargan, napas ing irungmu bisa ngganda  hawa katresnan, ucapan ing lambemu bisa martakake  sih katresnan surgawi, tangan lan sikilmu bisa ndemok lan  jumangkah  kanggo mujudake sih katresnane Gusti tumrap kita kabeh.
Sing intine, apiking  dhirimu, mujudake energi kang wis bisa dikendhaleni, lan kosok baline.
Oase Satguru :
“Murih beciking uripmu, lan kamulyane Gusti, becike pandelenganmu mbok dadekake medium kanggo nyebar sih katresnan jati tumrap umat sakabehe”



PITEMBUNGAN


Kawula menehi ngerti marang  sira  kabeh bab hikmah pitembung anmu, kang mijil  saka kowe, supaya awakmu mangerti lan  ora getun  ing tembe mburi

188. Lamun pitembunganmu angel ditampa lan dimangerteni  sapepadhamu, sadharana yen  jiwa pikiran lan batinmu isih durung dikendaleni  energine nalika diwetokake ing pitembunganmu.
189. Pitembungan mujudake  energi ing  jagat-raya  kang wis mbok kemonah ing jiwa pikiran lan batinmu, sing samesthine tinata rapih utawa ora ; sirkulasi energi ing  bejana memori utek, ati apadene batin, saengga terkendhali  apadene ora terkendhali utawa liar.
190.Pitembunganmu kudu mbok sadhari  kanthi kebaking  pangerten  sajeroning jiwa  pikiran, budi  sarta batinmu  supaya pitembunganmu becik anane, nyebar kedhamaian lan katentreman.
191.Sadhara lamun pitembunganmu  kang becik bakal nebarake  sih katresnan, nguripake kanggo jiwa-jiwaning sapepadhamu kang rapuh, dadi duwe semangat anyar lan krasa  urip maneh.
192.Becike, pitembunganmu  nebarake pesona, ngyakinake kanthi menehi kapercayan  lan keyakinan tumrap sapepadhamu, kang krungu Bab panampane energi pesonamu liwat kuping, lan iku bakal dadi becik tumrap panguripane.
193.Pitembunganmu mujudake kepastian energi kang  mbok wetokake saka gudhang energimu kang ana ing utek, ati sarta batinmu kang ateges ana ing sajeroning utek, ati sarta batinmu, kang ngemu teges pinangka keputusan  uripmu,  ana ing wektu  sauntara apadene tetap.
194. Aja mbok jarke, pitembunganmu  ndadekake  nyangga beban urip kang kebak ing rasa getun, sebab rasa getun iku mujudake energi liar hasil saka anggonmu   ngucapake pitembungan  kang  bisa ndadek ake awakmu   menderita lan sengsara.
195.Mangertia tanggung-jawab  apa kang wis  mbok kandhakake  kanthi   pangarep-arep.
196. Yen awakmu rumangsa salah, ngenani sebagiyan pitembunganmu, becike ora tanggung-tanggung ngakonana sakabehing kesalahan saka ucapanmu. Sebab ya saka ing kono kanggomu mujudake  kesadharan memanipulasi sirkulasi energi sacara rapih ing sajeroning susunan gudhang energi ing bejana utek, ati lan batinmu.
197.Lamun gudang energi alam semesta ing jeroning utekmu kesese lan dening energi liar kang durung disusun, mula pitembunganmu  bakal dadi ora dewasa, utawa cenderung ngetokake   energi liar  kang agresif, kang siap nglarani ati utawa nguciwani tumrap pepadhamu.
198.Sadhara, yen utek  lan atimu sayah, lan kebak beban  kang nampung energi liar, kang ora tersusun rapih ing papane, lan energi liar iku kuwawa mbok tokake metu pitembunganmu, awakmu cenderung  suda bebanmu lan cenderung luwih seger batinmu. Karana iku ajarana utek, ati lan batinmu dewasa, supaya kuwawa  nampung lan nyusun energi liar, supaya ora liar, nanging  cenderung luwih migunani tumrap kepentingan pirantining wadhag, jiwa  pikiran sarta roh sejatimu.
200.Latihen gudang energi utek, ati lan batinmu  supaya bisa  nampung energi alam semesta kang liar sarta bebas ora terbina fungsi kepentingane, kayata kebodhoan, cupet budi sarta pakartine, lamban, gampang putus asa utawa kuciwa lsp. Utek, ati, lan batinmu bakal terbiasa ngrubah energi liar kang bebas obah lan ngrusak, dadi biasa terbina  pinangka papan penampungan energi katresnan.
201.Latihen telung gudhang memorimu, nganti terbiasa nampa energi liar  saka lara atine wong liya, saka kono  kowe bakal gampang  ngesokake isining utek,  ati lan batinmu  srana energi  katresnan   kang  wis mbok kemonah.
202.Satekane perasaan jiwa, ati lan budi batin kuwawa  ngucap, mujudake sawijining kenyataan.
203.Luwih-luwih yen ucapan krenteging jiwa ati, sarta budi batin kang  wis dibebasake  lan dicerahake  saka ing lengketing  duniawiah, nglakoni penunggalan energi  ing  saben tembung kang kaucapake pinangka medium.
204.Kanthi pikiran utek kang wis bebas  saka belenggu lan perasaan jiwa ati   lan budi batin  kang dicerahake   bakal  kuwawa  mrentah  saliring wewujudan  kang nduweni energi jagat raya sarta energi makhluk urip.
205.Kudune awakmu mangerteni bab apa wae kang tumanduk tumrap panguripanmu.
206. Konci  pembebasan lan pencerahan pikiran nalar, perasaan lan budi ing jeroning bejana energi   utek, ati sarta batin mapane ana ing pemahaman keyakinan sarta kapercayan kang ngemuli  janji perteguhan ing sakabehing penguripanmu
207.Perteguhan kang  kawujudake ing jeroning  pangerten kang  maya, utawa ora katon ing  wujud kang bakal  maujud, mengkono uga kosok baline.
208.Perteguhan  bab keyakinan lan kapercayan mujudake janji  setia lan janji pinasthi kang maujud saka sakabehing  kang ora katon lan angel dinalar dening kesadharan kang durung dibebasake  lan dicerahake.
209.Perteguhan iku kudu ngliwati ujian penguripan tinindhes, keprihatinan, lan sangsara kang disadhari kanggo nekan fenomena  sirkulasi  energi  jagat raya kang ana ing pikiran utek, perasaan jiwa, ati, lan budi batin, kang  kabeh-kabeh bakal  aktif utawa bangkit yen ditekan utawa ditindhes.
210.Marganing kasangsaran, keprihatinan lan ketertindhesan dilakoni kanggo nggugah  kanthi peksan  energi kang ora ana  ing utek, ati lan batin. Yen metu, disiasati kanthi  manipulasi lan distribusi energi, jumbuh  karo apa kang mbok karepake.
211.Sakliyane iku, dhasar nekan energi  sacara peksan, kanthi keprihatinan, kasangsaran, lan ketertindhesan, nduweni pangajap  energi  kang ngumpul lan sumimpen, ing utek, ati sarta batin diajab bisoa brontak  metu saka bejanane.
212.Hikmahe, energi jagat raya  kang brontak iku nglatih awakmu,  nampa kanyatan  ing tingkat-tingkat   rila legawa, kepasrahan  lan ketulus-iklasan wadhag, jiwa pikiran sarta ruh sejati, nganti tumeka wujud  pinesthi kang luwih dening  keyakinan  lan kapercayan  kang pinasthi arepa durung  kedadeyan.
213.Dalan terang keprihatinan, kasengsaran, lan ketertindhesan, ing saknyatane mujudake ibadah penyucian diri, kanggo mangerteni seni kehidupan kang durung dimangerteni, kayata ibadah keyakinan lan kapercayan ing jeroning  kegiatan upacara agama, kayata pasa, do’a, dhikir, sholat  lsp.
214.Ya iki dalan terangmu, dalaning kasangsaran, keprihatinan, lan ketertindhesan ing wektu  isih sadhar bab urip. Ngendhaleni pepinginan lan kemauan  hawa nafsu positif lan negatif kang saling tarik-menarik kanthi liar, supaya bisa  gampang  dikendhaleni jumbuh  lan pepinginan sarta kebutuhanmu.
215.Cobanen sawetara, wenehana wektu  kanggo perasaan jiwa, ati lan budi batin konsentrasi  sarana pikiran, logika utekmu, saora-orane  ing bab musyawarah  sajerone nemtokake keputusan sadurunge diucapake dening medium tutukmu.
216. Elinga  sakabehing tuturmu  kuwawa dadi swarga tumrap sapepadhamu, sebab tutur pinangka wiji-wijining kekuatan kang mbok sebar lan mesthi bakal mbok paneni.
Oase Satguru :
“Tutur pinangka wujud pernyataan ngenani  sawijining kepastian awal saka intusi indra-indramu, nalika kumpul ing  sajeroning gudhang  memori utek, ati lan batin”


TUMINDAK LAN PANGGAWE.


Kawula angon jiwamu kang  surem, gawenen ceria sakabehing panggawemu supaya awakmu mangerteni jeroning  jati-dhiri lan identitasmu kanggo mangerteni sih katresnan dalem Gusti.

217.Panggawe mujudake hasil keputusan  saka telung gudang  memori utekmu; utek, ati sarta batinmu sawise nampa  energi liwat pangrungu. Sabanjure  hasil putusan iku bakal  mengaruhi   tuturmu, pinangka kesimpulan kang diwujudake  srana panggawemu.
218.Sebagiyan gedhe energi alam kang mbok  wetokake  metu tuturmu,  hameksa  kuping  pepadhamu ngrungu kanthi pangajab  bisa mangerti lan memahami. Sakwise iku  sebagiyan maneh  hameksa  wadhag indramu sarta kelengkapan pirantining badan  kanggo nindakake  panggawe murih maujude energi tuturmu.
219.Karana iku,  energi tutur  dominan agresif meksa kuping kanggo ngrungu lan wadhag indramu kanggo nindakake panggawe.Ya iki kang ndadekake sayah, sebab  suda energimu.
220.Aja mbok buang-buang kanthi sembarangan energi lumantar  tutur sarta panggawemu kang ora tersusun rapi energi ing utek, ati sarta batinmu, sebab energi ing utek, ati lan batinmu, gampang terkuras  metu  lan  ngakibatake pengaruh ora becik tumrap sapepadhamu, kang nampa lan uga kanggo awakmu dhewe kang nampa langsung  akibate.
221.Susunen energimu se-rapi mungkin kanhi kesadharanmu, lakonana tumindakmu jumbuh karo prentah kendhali gudhang memori energi utek, ati sarta batinmu.
222.Kendhalenana sirkulasi  energimu, kang mbok tampung ing telung papan panyimpenan memori-energi mu, manipulasekna kanthi becik, kanthi cara nglatih kesadharamu babagan sirkulasi energi jagat raya kang mbok tampa.
223.Jaganen awakmu, aja nganti ora mangerteni sirkulasi energi jagat rayamu luwih-luwih kang mbok simpen ing telung papan panyimpenan memori energimu, yaiku utek, ati lan batin.
224.Gudhang energi jagat raya kang disimpen ing memori utekmu ora asipat permanen. Kanthi kesadaran bakal bisa mbok tata kanthi wektu kang ora suwe. Pangerten lan pemahaman sarta tumindak wujud kang bakal nata energi alam  liarmu. Energi liar iku bakal kasusun  rapi lan ora bakal sinebut maneh energi liar, nanging energi alam kang wis kasil dikendhaleni.
225.Gudang energi jagat-raya  kang sumimpen  ing jeroning memori atimu,  nduweni sipat kang luwih permanen, nanging lamun ditata  susunan energine kang wis ana, merlokake  wektu kang suwe, supaya bisa pas utawa kang bisa  mengaruhi  supaya bisa dikendhaleni.
Tutur sarta panggawe  kang muncul luwih dening ngukuhake keyakinan sarta kapercayan dhasar  ing sajeroning memori ati.
226.Energi jagat-raya kang  lumebu ing gudang memori energi nganti tumata, merlokake wektu kang suwe.  Kanggo nyusun nganti tumata becik, merlokake wektu kang uga suwe
227.Energi jagat-raya kang  mlebu lan kasusun ing jeroning gudang memori  batin, mujudake energi jagat raya  kang disimpen secara permanen  lan angel  yen arep disusun maneh.  Kanggo nyusun merlokake wektu kang luwih suwe  dibandhing karo kang  tumata ing gudang energi ati..
228.Mangertiya, sakabehing fenomena pikiran otakmu kang katelah logika, fenomena perasaan jiwa kelengkapan  ati,  sarta fenomena budi pekerti perangkat  batinmu, bakal mengaruhi batinmu, lan uga tumrap panguripanmu,  kepara malah penguripan tumrap sapepadhamu.
229. Lamun telung karya telung bejana  iku mbok suntakake ing  sih katresnan dalem Gusti,  bakal mengaruhi awakmu lan sapepadhamu bakal kebak dening sih katresnan dalem, lan bakal kinebakan  dening semangat kasih temahan dadi pengasih.
230.Apa kowe  rila yen telung karya bejanamu  ndadekake  kowe disebut  dening sapepadhamu pemarah, karana dirasakae hasil tumindakmu  pinangka pemarah.
231.Katon ing kene lamun kowe kabeh uga oleh amanat titah tanggung-jawab kanggo angon  sapepadhamu, kang durung mangerti  panguripan kang sejati  lan salugune, murih cinipta satemah duweni rasa  lan  karsa, ing karya nyata miturut rancangane Gusti.
232. Pikiran lan perasaan ing jeroning kelengkapan bejanamu, bakal dadi swarga apa neraka, apadene dadi kejelasan papan kang kebak ing pepadhang, apa pepeteng, gumantung marang  kowe kabeh.
233.Pinangka bukti titah uripmu, kang sering-sering  lepas saka  kawigatenmu,  yaiku ngenani  penggawe kang mentingake kebutuhanmu pribadhi, nglalekake  tugas tumrap urip bebarengan,.
234. Pribadhimu bisa mengaruhi sapepadhamu srana nuduhake  tumindak  kang nggambarake keagungan lan kamulyaning Gusti, ing sawernaning pikiran, perasaan lan budi pekertimu. Gumantung kowe pribadhi   nduweni toleransi tumrap sih katresnan sejati tumuju marang  Gusti lan uga sapepadhamu apa ora.
235.Mula saka iku,  dadekna pikiran lan perasaan mu dikebaki dening  daya energi positif, kanggo nyekseni alam penguripan kang kebak budi pakerti kang luhur
236.Becika uripmu  mangerti lan mahami,  sirkulasi energi jagat-raya ing sajeroning kabeh  wadhag indramu  kang disimpen ing memori dikendhaleni dening utek, kang mujudake   kesadharan asor. Dene energi jagat raya kang sumimpen ing  pikiran lan dikendhaleni dening atimu, mujudake  tingkat kesadaran dhuwur. Mengkono uga energi jagat raya  ruh sejati kang disimpen lan dikendhalikan dening  batinmu, mujudake kesadharan sing paling dhuwur.  Kabeh mau  bakal  ndhasari obahing  cara lan gaya pangrungon, kanggo nyerap energi pengetahuan  sak jembar-jembare, micara pinangka ngetokake  energi keyakinan  lan kapercayan sarta tumindak  ing perwujudan  realisasi energi iku.
237.Becike kowe bisa mangerteni, sakehing  obah tindak-tandukmu wiwit sing paling sedherhana iku ngetokake energi alam  sing wis disimpen lan dibina ing gudang memori energi otak, ati lan batin.
238.Disadhari apa ora,  kegiatanmu  tansah aktif  ngetokake  lan ngirup energi alam semesta.
239.Mula saka iku becike  kowe mbiasakake  ing pola kegiatanmu saben dinane, Sadhara ing saben ayunan obahing wadhag, mujudake kesatuan kesadharan nafas, irama detak jantung, kesadharan telung bejana energi, kayata kesadharan otak, perasaan jiwa kalbu, sarta budi pekerti batin.
240.Lamun awakmu kuwawa nyawijekake  irama kesadharan mau,  kowe bakal nduweni kemampuan kang linuwih, nduweni kemampuan ngendhaleni energi lan kang wis kabina apadene kang durung kabina, kapara  kang isih liar babar pisan..
241.Kanthi perangkat perteguhan,  awakmu nduwenana semangat kang kebak ing rasa kesabaran lan pengarep-arep. Percoyoa, sakabehing usaha kang linandhesan rasa kesabaran, ora ana tembung gagal, nanging iku mung  keberhasilan kang tertunda.
242.Kowe rak wis  mangerteni, kudu  membiasakan diri, bab-bab sing ora biasa, dadi biasa. Lan iku merlokake proses kang suwe kanggo mujudake.
243.Keyakinan sarta kapercayaan  sakabehing kang ora mesthi, dadi mesthi maujud. Ya mung karana iku, kang bisa ngrubah dadi kepastian kang maujud.
244.Nanging sakabehing panunggalanmau, kudu dipisungsungake marang keagungane lan kaluhurane Gusti Jumbuh karo rancangane Gusti piyambak tumrap lumaraping sih katresnan dalem kanggo kita para umat kagungan-E.
Oase Satguru :
“Aja mung tansah enak-kepenak, nuli gumregaha, kanggo mbangun kesadharanira, suwene sira isih nduweni kelengkapan kesadharan”





BATIN LAN KALBU.

Kawula njabarake marang sira kabeh bab kelengkapan jiwamu, kareben sira padha mangerti kaya ngapa dalalaning pembebasan saka ing kelengketan marang duniawiah jim, iblis lan setan, nganti ketug ing pencerahan kasih dening Gusti..

Konsentrasi, lan pahami kawicaksanan Kawula iki.
245.Batinmu, mujudake salah sawijining perangkat  jiwamu, sawijining papan  kang caket sesambungane karo ati,   lan jiwa. Dudu  kang awujud fisik pirantining badan, nanging kena diarani arupa dzat  kang ora katon, barang alus, lan cedhak karo perwujudan  roh hakikat Gusti.
246.Batinmu mujudake papan energi alus utawa  bejana energi alus kang dumunung ing telenging kalbumu. Nalika kalbu micara, kena disebut   srana tembung mbatin. Ananging bab iki  nduweni makna kang luwih jero, arepa ora katon sacara ragawi, maujud kanthi obahing lambe lan tutukmu.
247.Batinmu kajabarake kanthi istilah bait, yaiku wadhah, bejana, utawa papan. Ana uga kang nyebut kanthi istilah baitulllah, utawa Bait Allah.  Pinangka papane Allah nyawiji marang kowe, kanthi perwujudan dzat energi-ning  Gusti.
248.Batin lan atimu, arepa nduweni kemiripan, nanging  beda, karana batin  luwih nduweni makna  kang luwih caket  hakekat kerohkaniane. Ati isih gampang  nduweni sesambungn kang luwih cedhak  karo kepentingan diuniawi. Bedaning mung tipis antarane ati lan batin.
Batin sifate luwih alus dibandhing karo ati. Ati isih gampang kabujuk dening nafsu-nafsu kadonyan, saka pambujuke jim iblis lan setan.
Ing perwujudan bejana kang isih gampang kena pengaruh energi liar,utawa energi kang ora terkendali.
249.Ati nampung  kumpulan energi kang isih liar, isih bisa  dikuasai dening  otak. Ati isih gampang  diojok-ojoki dening hawa nafsu  kadonyan jin, iblis lan setan. Ora mokal, yen ati duwe kekarepan, lumantar perangkating badan, kayata ta  tutuk, mripat, tangan, lsp.kanggo mujudake pepinginane.
250.Ati kang terlatih, yen pepinginan bakal kawetokake, pepinginan ang bakal diwujudake. Nanging sajujure, ati anggone ngetokake “kuasa energi pepinginan” bakal bisa katon kanthi jelas  becik apa  ala utawa kowe bakal mangerti energi kang ana wis dikendhaleni srana becik apa durung.
251. Yen pepinginan atimu wis terlatih suwene ngatur sirkulasi energi alam semesta aluse, bakal ngasilake utawa maujudake situasi lan kondisi kang negatif utawa positif, jumbuh karo pepinginane. Becik apa ala, ngrugekake liyan apa ora gumantung marang   kang nduweni pepinginan.
252.Sirkulasi energi alus sangisoring kendhali atimu.kudu mbok perjuangake  bebas saka ing kelengketane duniawi jim, iblis lan setan.
Lamun kebebasan wis dumadi, energi alus bakal lumebu ing bejana kang luwih suci, yaiku batinmu. Energi iku bakal diayomi dening kemul pangkal energi batinmu kang ngemuli sakabehing wadhag jasmanimu nganti tumeka ing radius tertentu, gumantung marang kualitas batinmu. Kemul energi iku disebut kanthi tembung  “kalbu
253.Pembebasan lumaku nganti tekan ing proses pencerahan dialami dening batinmu, munculake energi suci kang alus banget awujud cahya suci kang sinebut “Nurani”.
Nuranimu kang wis mancarake cahya suci saka bejana batinmu bakal
nembus kalbu nganti sawetara radius luwih jembar tinimbang kalbu.
254.Jiwa pikiranmu kang wis kabebasake lan kacerahake bakal mbukak tabir sejatimu, yaiku ruh kang nduweni tanggung-jawab tumrap sakabehing kelengkapan wadhagmu, jiwa lan pikiranmu bakal kabuka ing jeroning panguripanmu.
Saka kono kowe bakal mangerteni lan memahami kanthi jelas sakabehing keputusan tumindak gumantung marang pribadhi sejati, yaiku ruhmu, sebab sakabehing  uripmu, ruhmu kang nduweni tanggung-jawab kabeh putusan becik lan alamu marang panjenengane Gusti.
255.Batinmu pinangka papan utawa bejana dzat energi Gusti lenggah. Batinmu tansah suci kahanane lan anugrah Gusti kang paling elok ing uripmu, karana nuduhake sesambugan kang caket antarane kowe lan Gusti.  Mbok bina batinmu, kowe bakal gampang komunikasi ing pandongamu. Percoyoa pitutur Kawula iki.
256.Kesadaran batin bakal dumadi lamun kowe wis ngalami pembebasan lan pencerahan  2 bagiyan ing dhuwur, yaiku wadhag lan jiwa pikiran utawa ati. Mesthi kesadharan kasebut jumbuh marang kesadharan rokhani bab pangerten, pemahaman, penghayatan, sarta pengamal lan ngenani hakekat rokhanine  Gusti kang lenggah ing anggamu
257.Lamun batin micara ing jeroning kegiatan rokhani wadhagmu., kowe bakal dadi pantaraning Gusti lan tumrap sesamamu..
258.Lamun batin micara kowe bakal  ditingkatake nganti adoh, ing kesadharan luhur utawa kesadharan jiwa kang dikuasani dening ati. Papan tingkatane mujudake pangejawantahe Gusti utawa pangejawantahe saka sifat, dzat, wujud lan kersane panjenengane Gusti.
259.Nalika batin micara, kuasa kang mbok alami yaiku sabda dalem Gusti ing kowe. Kowe wis dudu kowe dhewe maneh, Pepinginanmu wis dudu pepinginanmu dhewe maneh.Kang ana hamung tumrap sesama sarta kango sesama para makhluk.
260. Rahayu yen kowe wis lumebu ing tahapan kesadharan batin, sebab ya  ing kono kesadharan paling dhuwur utawa kesadharan ruh sejati kang ana ing kowe. Kowe ing tahapan iki bakal ngerteni bebener kang sejati  kang mapane ana ing panguripan duniawi lan panguripan alam rokhani. Kesadharan kasebut mujudake pengakuan menawa wadhag hamung pakean utawa jasad , jiwa pikiran  hamung daya semangat kang ngiket ruh sejati supaya tetap   makuwon ing wadhagmu. Dene ruh kanggomu mujudake pribadimu kang sejati  kang nduweni tanggung jawab marang Gusti.
261.Arti  sarta maknaning kesadharan bathin yaiku pengakuan menawa kowe urip  nyandhang perintahe Gusti,  sarta pengakuan yen sakabehing makhluk ciptaane Gusti kang urip ing alam wadhag, apadene ora dititahake dening panjenengane lan dheweke nduweni tanggung-jawab lan wajib sacara hukum kepastian kang mutlak kudu nindakake titah  dalem Gusti.
262.Ing sajeroning  hakekat  batinmu.iki ana konsep “ manungaling kawula lan Gusti” bakal dumadi lamun  kowe wis ora nduweni pepinginan kadonyan sakabehing unsur kelengketan donya lan iku ora gampang, sebab merlokakke perjuangan kang kuat.
263.Rungokna pitutur Kawula. Batinmu pinangka papan atimu wis kabebasake saka lengketing kadonyan sarta sakehing  bentuk energi kang asale saka jim, iblis, lan setan, utawa wis  dicerahake dening kuasane Gusti, Yen batin nuwuhake resiko kahanan lan kondisi negatif, tegese dudu pegaweyan batinmu, nanging pegaweyan atimu kang isih durung kabebasake saka kelengketan kadonyan, sebab isih kadunungan rasa meri, dendam, sombong, lsp.
Kawula wis njabarake sethithik beda-bedaning antarane batin lan ati,  muga-muga kowe mangerti lan paham pinangka dhasar-dhasar  kowe nglatih kegiatan rokhanimu




JIWA PIKIRAN


Kena apa ati kita nduweni  pepinginan  nduweni panguasa ? Kawula ungkapake marang kowe.


264. Kanggo nglatih ati nduweni pepinginan ing  jeroning kuasa energi,. ora gampang. Kowe  kudu nglatih  rokhanimu ing takeran kesadharan ngisor, wadhag indramu  lan kesadharan dhuwur jiwa pikiranmu sarta kelengkapane.
265. Kesadharan ngisor kuasanana. Indramu   mujudake ruang sing nekakake welingan saka ing jeroning  jiwa pikiranmu. Selagi kowe  isih dikuasani dening pikiran, logika utawa jiwa  pikiran kang cupet budi lan pekerti, mesthi wae kowe ora bakal  bisa nguasani kesadharan dhuwur, utawa ati kang nduweni pepinginan kuasa kang kuwawa micara utawa tumindak ngendhaleni energi alus alam semesta lan sakiwa tengenmu.
266.Kanggo dhasar nglatih  atimu supaya nduweni pepinginan, srana konsentrasi penuh bakal nuwuhake pepinginan nduweni wadhag alus kuat sajeroning jiwa pikiranmu lan ndadekake kowe ora gampang   kena tatu, awet enom lan  dawa umure.
267. Sadhara, pikiranmu, pinangka gelombang elektro magnetik  sing bisa ngendhaleni sirkulasi daya alus kesadharan asor kan ana ing jeroning wadhag jasmanimu lan indra-indramu. Dene jiwamu sarta kelengkapane  yaiku gelombang elektromagnetik sing ngendhaleni sirkulasi  energi kesadharan dhuwur.
268.Sirkulasi energi alus kesadharan ngisor, ing jeroning wadhag jasmanimu melu  perputaran sirkulasi getih ing pembuluh darahmu. Getaran energi kesadharan asormu didhenyutake lan diiramakake  dening jantungmu.
269. Pusatna pikiranmu, jeroning ngumpulake energi vitalitas kesehatan wadhag  lan mentalmu. Tenaga daya kesadharan asor dikumpulake kanthi cara mompa oksigen sajeroning paru-paru nalika ngisep energi bebas jagat-raya, banjur di  tekan  ing jeroning  pembakaran wadhagmu, supaya dumadi gerak ana ing wadhagmu. Bubar iku  ditekan   energi luwihane kang ana ing wadhag jasmani menyang wadhag alus jiwa pikiran.
270.Kendhalenana energi alam semesta sekitar lan energi alus ing jeroning wadhag alusmu lan wadhag jasmanimu kanthi pikiranmu. Yen ditekan kanthi konsentrasi penuh bakal nuwuhake  duwe wadhag alus  kang kuat ing jeroning jiwa pikiranmu dan ndadekake  kowe ora gampang tatu, awet enom lan dawa umure.
271.Suwene kowe  mangerteni jati dirimu dhewe,  kowe  bakal awet enom lan dawa umure. Senyowoa kanthi energi kehidupan alam semestamu lan energi alam semesta raya ing njaban wadhagmu.
272.Nuduhake yen bodho banget tumrapmu, yen kowe  ora konsentrasi pikiran lan sakabehing jiwamu, sajerone alam kesadharan asor, wadhag jasmani  lan indramu, kesadharan dhuwur jiwa pikiranmu lan dhuwur  ruhmu, sebab saka ing kono kowe mahami pribadimu lan pepadhamu.
273.Kesadharan jiwa kawujudake ana ing  takeran kesadharan dhuwur, banjur kang dikendhaleni yaiku kelengkapan jiwa kayata rasa, kalbu, nurani lan batin. Kelengkapan jiwa sajeroning wadhag alusmu melu ngetutake kareping ati utawa dikendhaleni dening ati  kang disengkuyung dening pikiran.
274.Sadhara, jiwamu pinangka kumpulan energi alus jagat-raya kang sinebut energi vitalis uripmu utawa nyawamu. Energi alus  iku nduweni tugas dadi pengikat  pribadi ruh saka wadhag murih  ruh ora lepas saka  ing wadhag jasmani .Lamun kesadharan dhuwur dumadi, jiwa bakal  nyesep energi murwat karo kebutuhan wadhag jasmani, wadhag alus, jiwa pikiran lan pribadi ruhmu.

PANGRASA.


Pahamana Kawula……… Kawula arsa  njerokake pangerten rokhanimu,  murih sira mangerti lan mahami tumrap uripmu.


275. Pinangka dhasar  jiwa pikiran kang dikemonah ing ati lan logika utek kang pinangka dadi topik bahasan. Makna kang kinandhut ora lepas  saka jiwa pikiran.
276. Wus dijabarake  sadurunge, lamun jiwa perwakilan saka ing ati kang kebak persyaratan rokhani  lan maknane  tersirat. Diungkap ing ruang kalbu, rasa, nurani, batin, lan naluri. Dene pikiran diwakili dening utek utawa peran logika fisik utawa wadhag jasmani.
277.Jiwa kang ditekan  ana ing makna sarta arti kang sakbenere, jeroning tugas fungsine mujudake pantara kesadharane ruh sejati utawa pribadi dirimu kang sejati supaya tersadhar dening logika otak utawa sajeroning  kesadharan pikir.
278.Dene pikiran yen ditekan luwih jero nduweni fungsi  pantara kesadharan logika utek kang disambung ing sajeroning  kelengkapan indra. Logika utek kasebut pinangka kelengkapan panca indra. Logika utek kasebut nduweni tugas  nindakake penalaran  jasmani utawa fisike supaya kesadharan ruh sejati utawa ruh pribadi kang sejati dialami dening sakehing  panca driya nganti tinampa dening utek.
279.Pancadriya kang kesambung ing fungsi logika nduweni rasa, sawise iku saka rasa nuwuhake  pepinginan mangerti, mbiji, pandhangan, prinsip, kesadharan utawa pangerten, sesambungan ikatan, pepinginan, kuciwa, utawa ora bisa nampa kahanan, sing sabanjure nuwuhake  rasa sengit.
280.Dene jiwa pinangka gudhange memori  perasaan, karana nduweni gudhang-gudhang perasaan kayata kalbu, rasa iku dhewe, budi, nurani, naluri lan ati. Gudhang-gudhang memori perasaan duwe tugas menehi pemahaman lan pangerten kesirat  utawa sacara hakekat utawa rokhani utawa non fisik kanggo pikiran logika utek bubar nampa rasa liwat pancadriya. Ana rong golongn rasa ing jeroning jiwa, yaiku wedi sarta wani.
Nanging kabeh mau dikendhaleni dening ati.
281.Antarane jiwa lan pikiran yen kasambung  bakal nyiptakake imaginasi, sugesti, khayalan, pangimpen, cita-cita utawa pengarep-arep, kekuwatiran lan keweden sarta sapunggalane.
282. Emosi kasebut bisa disebut  kanthi hawa nafsu positif utawa negatif kang sanyatane yaiku perwujudan  fenomena energi jiwa sajeroning   nguripi wadhag lan ati. Tanpa emosi  utawa hawa nafsu, kejiwaan suasana ati sarta kondisi wadhag bakal ora semangat  utawa spirit bakal ora ngrasakake bab  penguripan.
283. Hawa nafsu utawa emosi iku pinangka  energi tekanan “rasamu” lamun hawa nafsu utawa emosimu mbok ilangake saka sakabehing bagiyan wadhag, jiwa  pikiranmu, banjur sapa sing bakal ngobahake wadhag lan jiwa pikiranmu. Wis mesthi wadhagmu bakal lemes ora nduweni daya kekuatan utawa jiwamu bakal ora nduweni semangat kanggo urip.
284.Papane semangat urip  ana ing hawa nafsu utawa emosi positif lan negatif kang diproduksi dening jiwa pikiran sarta kelengkapane. Dadi hawa nafsu iku dikendhaleni  lan diatur sacara proporsional supaya ora ngrugekake sesama utawa awakmu dhewe.
Kawula tekanake maneh tumrap sira :

285.Hawa nafsu utawa emosi aja diilangake nanging dikendhaleni utawa dimanipulasi utawa didistribusi sacara becik lan bener. Sebab tanpa hawa nafsu lan emosi, kepriye  bisane awakmu ngrasakake  sabarang lir kang  mbok alami.  Kamangka ing sajeroning  kegiatan rohani “rasa” banget dibutuhake  kanggo pandom  baku  utawa dhasar kanggo nyiptakake kesadharan konsentrasi utawa sugesti. Mula saka iku yen kowe nduweni pandhangan lamun hawa nafsu utawa emosi kudu diilangake  saka ing kahanane  ya ing kono iku kleruning  wiwitan sajerone ber-rohani, karana hawa nafsu utawa emosi nduweni peran ing jeroning kondisi  kejiwaan,  kayata kepengin…….

Pahami lan resapi ing sajeroning uripmu ing ngisor iki :

286. Rasa lara ing jeroning panalangsa, sawise mbok sadhari dudu rasa lara nanging rasa seneng lan bahagia.
287.Rasa sengit, mujudake emosi negatif, yen dikemonah kanthi budi pekerti kang becik bakal dadi koncining  kekuatan.
288.Rasa bahagia mujudake kekuatan kang babar pisan uga kelemahan, gumantung kang bisa nyadhari kahanan lan kondisi kang  dumadi.
289. Rasa, ing sembarang wujud apa wae bakal dadi tanpa wangenan yen dituruti, mula perlu dikendhaleni, ya ing kono mapane sifating jiwa.
290.Rasa kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake kowe tansaya nduweni  sifat negatif. Rasa  kang dikendhaleni  bakal ndadekake kowe tansaya nduweni sifat positif. Sakabehe gumantung marang pribadimu dhewe.



KALBU

Kawula nduweni pangajab tumrapmu…… bisoa mangerti lan paham misteri bab kalbumu, supaya kowe luwih mantep mahami pribadhimu.

291.Kalbu pinangka tuk-sumber saka perasaan batin. Dheweke kagolong perasaan jeroning ati kang murni, suci, ora duweni dosa lan jujur banget. Lapisan njaba utawa lekase  saka  batin yaiku kalbu. Ing kene kowe bakal bisa mbedakake  pakaryan ati utawa batin, mula kalbu sinebut perasaan paling dhuwur ing tataran ati, sebab nyedhaki tumuju batin kang suci.
292. Batin pinangka papane sifat, dzat lan pepesthening Gusti makuwon, dene ing jeroning pribadhimu pinangka papan kanggo nguji kemurnian, kesucian ati kang jujur.
293.Yen kalbu micara, ing kono papane batin sing saknyatane nelakake pribadhi sejatimu utawa ruh sejatimu.
294. Ruh sejati micara wiwitane lumantar kalbu, banjur ing jeroning  ati kang suci lan murni. Sawise diwedharake  ing sajeroning perasaan lan ekspresi, sakabehing kelengkapan wadhag  ing jeroning wadhag pancadriya banjur tuwuh obahing panggawe kang kebak ing pancaran budi luhur  pribadhi sejatimu.
295.Ati kang kauji, tumeka ing pembebasan lan pencerahan banjur lumebu ing papaning kalbu. Kalbu kang kepingin lumebu ing tataran ati kang wis  lulus saka tataran  penguripan ing donya kanthi sesamaning makhluk kayata :
296.Tumekaning  tataran ati kang ngrumangsani  bab ketulus-ikhlasan yaiku daya  panguripan lan lawanging pencerahan.
297. Tumekaning tingkatan ati kang kauji dening kerelaan-kepasrahan  ing saben kahanan sasuwene diolah ing penguripan  alam-donya karo sapadha-padhaning makhluk ciptaane Gusti.
298. Tumekaning suasana ati kang kebak ing panarima tumrap kanyatan  bab garis olah penguripan kang dititahake (ya dhirimu kang dititahake dening Gusti).
Ing kene papane hukum dhasar pangakon kanggo  panguasaning Gusti pinangka Pencipta sakabehing titah urip.
299.Tumekaning suasana  lan kahanan ati kang kebak tekad gemblenging ati kanggo urip kebak ing  pepesthen lan ora perlu sangga-runggi, yaiku urip ing alam-donya pinangka lantaran  astane Gusti kang ora bisa dibantah lan ora bisa dikhianati.
300.Pencapaian suasana lan kahanan kesadharan ati kang kebak ing budi lan pekerti utawa  jiwa  pikiran kang wis dibebasake saka kepicikan lan kelicikan budi pekerti pinangka wujud  jiwa pikiran kang wis dibebasake lan dicerahake  dadi manunggaling ati kang ngobahake sakabehing piranti wadhag kanggo nindakake budi luhur.
301.Lima-limaning konsep pembebasan lan pencerahan ati bakal nduweni kuasa rokhani kang digolongake tanpa winates dening papan apadene wektu kang katon  ing kalbu  lan sumimpen ing bejana “batin”.
302.Kalbu yen dijabarake dadi “kalam budi” kang ngemu teges suara-hati utawa Firman saka panjenengane Gusti. Kalam budi sejatine mujudake perasaan rokhani kang luhur.
303.Situasi lan kondisi kalbu bakal bisa dumadi lamun kowe lulus nempuh 5 ujian ing ndhuwur. Limang ujian ing ndhuwur sejatine  sesambungan antarane siji lan sijine.Yen gagal salah siji, kabeh gagal.
304.Yen ing tahapan sepisanan ora lulus, mesthi karana kurang iklas, luwih-luwih kurang rila  lan pasrah. Ing endi wae, yen ana kedadeyan ora lulus,  bisa dipesthekake kowe  ora bisa nampa kanyatan  urip kang mbok alami. Apamaneh yen ora luluse  dumadi ing kowe, tegese kowe wis dadi  pengkhianat  tumrap komitmen janjimu.. Kabeh mau bakal ndadekake perilakumu  ora nduweni budi luhur, sebab ing ngendi papan ora lulus dumadi, wis mesthi, bakal nuwuhake perilaku picik budi, pikiran kayata kuciwa, kuwatir, sengit sebab rumangsa dirugekake.
305.Saka pasianon bab “Kalbu” Kawula ngajab kowe mangerti, karana iki  kunci tumrap padhange uripmu. Kawula tegasake  marang kowe, kabeh iki dudu aturan kanggo menghakimi nanging mung nyadharake saka sakabehing kahanan  jroning nyikapi sakabehing proses urip.
306.Peran “kalbu” iki kang  nyebabake kowe bisa komunikasi karo Gusti lewat pandonga. Jer definisi pandonga  yaiku komunkiasi (sesambungan) karo Gusti
Ing kene papan hakekat pandonga dadi maujud  saknyatane  ing jeroning penguripan rokhanimu, yaiku kanthi suara-hati  tinimbang kalbu.
307.Mula saka  iku, becike aja mbok lalekake piwulang rokhani iki. Delengan sakiwa-tengenmu, akeh ing antarane dheweke ndedonga nanging ora sabar, sebab durung  dikabulake panuwune. Bab dikabulake apa ora sejatine dudu masalah pokok, nanging komunikasi ing saknyatane iki kang kanthi jujur  dadi barang kang baku. Kanggo dikabulake apa ora kudu mangerti bab hukum sing nomer 3  yaiku “nampa kahanan urip’ menawa “pandonga” ditindakake ora kanggo meksa marang panjenengane Gusti kudu ngabulake marang pepinginanmu
308.Jelase, kalbu mujudake rahasia komunikasi karo  alam rokhanine Gusti. Yen kowe kepingin nguwasani pangerten rokhani ngenani “kalbu” tutna  pangerten rokhani Kawula wiwit saka wiwitan supaya uripmu nyedhak karo panjenengane Gusti, utawa paling ora cecaketan karo alam rokhanine Gusti.

NURANI


Bukaken mripat sarta talinganing  atimu………..

Kawula arsa  paring warta rokhani  tumrap sira,  murih kemajuaning uripmu. 
Kawula arsa  nerangake bab pangerten “nurani”   

309. Nurani yaiku cahya-cahya kang dipancarake, disebarake  lan kang ngobahake  keagungan  sarta kesucian rasamu, atimu, kalbumu,  lan batinmu.
310.Iki cahyaning nurani yaiku pribadi sejatimu, yaiku ruh sejatimu. Ruh sejatimu sakbenere awujud inti cahya lan sering disebut kanthi sebutan “nur
311.Nur utawa  cahya asale saka  dzate Gusti utawa senyawane Gusti utawa bisa disebut uga kanthi sesebutan cahyane Gusti.
312.Ruh sejatimu yen wis mbok pahami sakjero-jerone nalika ngalami wujude kang suci disebut Nur-Illahi.
313.Ruh sejatimu kanthi perwujudan suci tinimbang “nur illahi” iki pinangka konsep hakekat manunggaling kawula  lan Gusti. Saben insane Gusti nduweni cahya kasebut, sebab Gusti kang nyiptakake.
314.Perilaku nurani tansah becik kahanane, nalika  kowe menggawe kang  gawe rugining sesama, ateges keagungan lan kesucian atimu, kalbumu lan batinmu ora mancarake cahyaning illahi.
315.Nurani bisa diduweni lamun biasa nindakake kegiatan rokhani lan kasil ambukak tabiring kasangsaran. Saka kono atimu bakal duweni jiwa-besar lan pikiranmu dadi cemerlang kebak ing pencerahan, kalbumu bakal ngatonake cahya illahi lan batinmu bakal ngolah cahya illahi kasebut ing papan panggonane.
316.Nuranimu, pinangka tandha tumrap ati, kalbu, batin, rasa, jiwa, pikiran, lan perilaku kang wis senyawa marang  kerindhuan marang panjenengane Gusti.
317.Nuranimu mancarake sakabehing perilaku  kelengkapan wadhag, jiwa  pikiran lan ruhmu ing papan endi wae dununge. Ing situasi apa wae, tansah mancarake cahya suci pembebasan lan pencerahan, kanggo sasama kang ngalami kebodhoan,  ke-ora-ngertian utawa ngalami kepicikan jiwa pikiran kang konyol. Pembebasan lan pencerahan mujudake pegaweyan nurani kang nduweni tujuan  mbina kualitas iman umat manungsa ing kahanan sakbenere, yaiku berke-Tuhanan lan ber-perikemanusiaan.
318.Nuranimu mujudake cahya padhangmu kang madhangi  sakabehing pepeteng dalanmu, supaya uripmu nindakake dhawuhing Gusti. Cahya nuramimu kang ndadekake kowe ora gampang kajegur ing kasangaran. Urip kanthi kelengkapan nuranimu bakal mimpin  kelengkapan pirantining wadhag kayata tangan, sikil, lan pancadriyamu kang dipadhangi  saka ing pepeteng.
319.Kanthi nuranimu, sakabehing piranti  badan  bakal bisa weruh  pepeteng, utawa sakabehing kang ora dimangerteni, bakal bisa dingerten  kanthi daya panggawene  ngrasuki jroning gerak reflek utawa naluri.
320.Mripat bakal bisa ndeleng alam-rokhani.
321.Sikilmu bakal bisa lumaku tanpa kesandhung, arepa mripatmu ditutup rapet.
322.Tanganmu bakal bisa  nindakake ayahan-ayahan pedinan sakcara reflek, arepa ora kapimpin dening pandelengane mripatmu.
323.Kuping bakal bisa ngrungu alam rokhani lsp.
324.Nurani bakal  madhangi atimu kanthi kebak pepadhang. Atimu kang padhang bakal bisa ndamekake jiwa lan pikiranmu. Wadhagmu dadi jinaga  saka sakabehing alangan lelara, sebab jiwa  njaga ketentreman lan atimu kang padhang njaga wadhagmu kanthi dhamai lan ketentremane.Ya iki konsep among sukma, among jiwa lan  among raga,  lan iku mujudake konsep budaya Jawa ing bab keselarasan, keharmonisan lan kesenyawaan ing jeroning uripmu.
325. Nurani mujudake barang kang penting tumrap proses uripmu.





.

D   O  S  A


“Apa iku dosa tumrapmu ?”  Kawula tanya marang sira kabeh.


326Aja mung pasrah marang tafsir-tafsir dogma  kang sakjujure  tansaya kowe ora mangerti lan angel dibuktekake. Utawa malah kowe nduweni pandhangan kanthi pangira-ira . Kang jelas-jelas wae, tanpa kowe ora tau mbuktekake.  Takokna menyang sanubarimu, sapa ta kang bisa njelasakae bab panggawe “dosa”.
327.Sakwise kowe ndhalami masalah hikmah kawicaksanan kabeh iki kanthi gumolonging  atimu, kang kasurat dadi kasirat lan kang kasirat dadi kasurat lan wusanane kowe paham.
328.Dosa kabagi rong werna, sepisan kang  nglibatake sakabehing wadhag, jiwa, sukma . Lan sukma kang wis ngrugekake lan natoni atining pepadhamu utawa sapepadhane makhluk jagat raya ciptaane Gusti.
Kapindho, dosa kang kaitane karo sesambungan rokhanimu  karo Gusti, kayata khianat marang  awakmu dhewe kang ana kaitane karo sesambungane marang Gusti.
329.Sakabehing tumindak pikiran,  pangucap sakcara lahir lan batin, kasengaja utawa ora kasengaja yen wis nggawe kuciwa, perih, tatu, utawa kasangsaraning liyan lan awake dhewe ing wektu kang ora winates. Dosa ora bakal ana lamun ing antaramu ora ana kang ngalami kuciwa  lan ora ngalami perih lahir batine
330.Kawula arsa menehi pangerten sithik bab dosa, mangkene :
331.Lamun kowe ora duwe kapercayan marang Gusti, ing kono ana “dosa”. Lamun kowe   nyenyamah marang Gusti, ing kono uga ana “dosa”.
332. Lamun ora percaya  bab ananene lan nyenyamah Panjenengane, bener-bener kowe ora ngerti matur nuwun. Kowe sadhar, Piyambake iku Sanghyang Pencipta. Lamun kowe ora setya,  ateges padha wae kowe sekuthon karo iblis. Kowe diciptakake kudune matur-nuwun, kanthi nyembah lan  sujud, marang Gusti.
Kowe kudu ngaturake sembah-sujuding badanmu  supaya wadhagmu setya lan rila pasrah kanthi tulus-iklas  marang Piyambak-E. Sakabehing jiwa, pikiran, kudu mbok sujudake secara rila, pasrah, tulus, lan iklas marang Piyambake. Sukmamu sujudna secara setya, rila, pasrah lan tulus iklas marang Piyambake.
333.Lamun ana pengingkaran, mesthi ana “dosa”
334.Yen kowe mblenjani janji, tegese kowe ora setya lan ora komit karo Piyambake, kowe wis nguciwakake marang awakmu dhewe lan Piyambake kang dedalem ing   atimu, jelas !  Kowe wis nggawe kuciwa tumrap Piyambake, kanthi cara ngapusi jiwa, pikiranamu lan jiwa pikiran sedulur-sedulurmu sak wadhag.
335.”Lamun ana ora ngertian mesthi ana ‘dosa’”.
336.Yen kowe ora ana kesadharan ngupaya nggolek pangerten-pangerten sejati supaya kowe dunung, lan paham arti lan maksud, mesthi kowe dosa. Pangerten tumrap Kawula yaiku kesadharanmu pinangka tonggak-dhasarmu mangerti tujuan sejatining urip. Pangerten mujudake mula-bukane hukum sebab-akibat nindakake panggawe, sengaja apadene ora sengaja nguciwani ati pribadhi makhluk liyane. Kowe kudu nduweni kesadharan lan kupiya golek pangerten-pangerten luhur. `
337.Lamun ana rasa kuciwa, ya ing kono dumunung dosa.
338.Kowe kuciwa marang awakmu dhewe kang banget olehe tolol lan bodho, gampang lara ati. Mbok kuciwakake jiwa, pikiran, ati, wadhag lan ruhmu. Wusanane jiwa-jiwa sawadhagmu ninggalake  kowe. Banget lara lan meh ora bisa ngrasakake urip maneh kanthi tentrem sebab jiwa-jiwamu wis ninggalake kowe Sesambungan karo jiwa-jiwamu wis ora laras. Kowe wis ditinggal karo dheweke,  kowe mesthi bakal sial lan apes, sebab ora bisa nampa kanyatan urip, yaiku kang diarani dosa sebab ora nduweni rasa  tangung-jawab miara  sesambungan karo sakabehing isi wadhag, jiwa-pikiran kang wis katitipake Gusti marang kowe.
399.Lamun ana rasa lara-ati, ing kono dumunung dosa.
340.Wadhag lan jiwamu lara banget, kelunta-lunta karana kuciwa lan ora bisa nampa kanyatan, kakehan pengangen-angen, sakala jiwa-pikiranmu lara  edan utawa ngalami halusinasi. Lara badan, tegese jiwamu ora nduweni tanggung-jawab marang  awakmu, nganti lara. Lan wadhagmu kurang nduweni tanggung-jawab tumrap jiwa pikiranmu dhewe, saengga lara edan.  Kowe wis ora nduweni tanggung-jawab lan nglalekake kesaguhanmu  marang Gusti yaiku janji nindakake sakabehing dhawuh-dhawuhe, ateges kowe wis nglalekake marang Gusti. Iku dosa!
341.Lamun ana rasa cemburu (betarepan), ing kono ‘dosa’.
342.Kowe nduwe rasa cemburu, ateges kowe durung mangerti tegesing urip. Cemburu, iku bodho lan tolol. Murih apa kowe mateni awakmu dhewe srana cemburu. Cemburu nuwuhake wiji-wijining sesengit, banjur kowe bakal nggolongake tekad kanggo nindakake kekerasan. Bodho lan tolol wae wis dosa. Apamaneh sengit! Apa maneh lara-ati lan nindakake kekerasan !.
343.”Lamun ana sesengit, ing kono ana “dosa”
344.Kowe kebak ing rasa sengit, kowe wis gawe  lelara tumrap  jiwa, pikiranmu secara sadhar utawa ora sadhar. Padha karo kowe kurang bisa miara utawa ngendhaleni jiwa-pikiranmu tumrap hawa nafsu, emosionalmu, lan iku dosa.
345. Lamun ana kebiasaan keset, ing kono dumunung dosa.
346.Kowe keset, ateges kowe ora kuwawa nggugah wadhag, jiwa-pikiranmu  kanggo sujud marang Piyambake. Wadhagmu keset nindakake   pakaryan-pakaryan dalem kanthi cipta, rasa, karsa kang wis diparingake dening Piyambake marang kowe. Panggawe keset, padha karo  jiwa-pikiranmu turu kepati nglalekake marang Piyambake. Tegese, kowe wis keset utawa ora niat nuhoni janji-janjimu marang Gusti, lan iku dosa.
347.Ing ngendi ana kesombongan, ing kono ana “dosa”.
348.Kowe ketungkul marang kepentingan donya, kang rumesep ing harga-dirimu lan kowe banget mbanggakake diri pinangka  manungsa kang sampurna saka pribadimu. Kowe nduweni kekuatan, kesugihan, ketrampilan, lan kowe  ngremehake pribadi makhluk ciptaan-E. Bab iku adoh sungsate tummrap  sing dikersakake dening Gusti, kang kebak  budi kang luhur. Kowe dadi budhak  harga–diri, karana kowe ora bisa nggendhaleni hawa nafsumu. Kowe  gampang emosi, gampang ora bisa ngendaleni diri, bodho, lan tolol. Bener-bener kowe ora dewasa,  kayadene bocah cilik. Kowe bener-bener nglalekake marang Gusti ing atimu, lan iku dosa.
349.Lamun ana keserakahan, ing kono ana dosa.
350.Kowe serakah lan kepingin luwih, kowe kepingin setya marang bandha hawa nafsu. Ateges kowe wis mblengketake awakmu marang donyaning bandha. Kowe wis kaparingan dening Gusti, kaluwihan nanging kowe  kepingin luwih saka iku, tegese kowe serakah lan nglanggar hukum handerbeni. Keserakahan ndadekake kowe sombong,  lan kepingin nelukake insan-insan  makhluke Gusti kanthi perang harga-diri, tegese kowe ora bisa ngendhaleni diri, kanggo lepas saka ikatan kadonyan, sebab kowe nganggep lamun kebahagiaan iku dununge ana kadonyan. Tegese, kowe nglalekake swarga, lan iku dosa.
351.Lamun ana harga diri, ing kono mesthi ana dosa.
352. Kowe nduweni harga-diri. Kowe tansah nengenake  sakabehing harga-dirimu, kamangka harga-dirimu banget caket karo bandha kadonyan. Syarat harga-diri mesthi umuk, lan iki adoh saka kelemah-lembutan lan  lembah-manah, ateges iku dosa.
353.Ing kono ana kekerasan, ing kono uga ana dosa.
354.Kowe tansah mateni jiwa pribadi  makhluk ciptaan-Ne. Bab iku bener-bener  adoh saka  kersane Gusti kang kebak budi luhur. Kowe dadi budhak harga-diri karana kowe ora bisa ngendhaleni diri hawa-nafsumu.  Kowe gampang emosi,  gampang ora bisa dikendhaleni, kowe goblok lan tolol. Bener-bener kowe ora dewasa, kaya bocah cilik. Kowe bener-bener nglalekake Gusti ing atimu, lan  iku dosa.
355.Yen ana  ke-ora setiaan utawa pengkhianatan iku pinasthi dosa.
356.Ing endi papan kowe wis khianat lan ora setya marang awakmu dhewe, ateges kowe wis nguciwakake awakmu dhewe lan siap-siap  dikuciwakake dening awakmu dhewe, sebab kowe wis khianat sunare Gusti kang ana ing anggamu. Yen kowe ora setya,  ateges kowe ora setya marang awakmu dhewe, sakcara ora langsung kowe wis ora setya marang panjenengane Gusti.Lan iku dosa.
357.Lamun ana rasa ke-ora rila-an,ing kono dumunung dosa.
358. Padha wae kowe ora nduweni rasa tulus iklas  karana kowe mbantu, menehi, nyilihake sawijining barang utawa keputusan  sawijining kepastian urip kang ora dikantheni gumolonging ati.
Mesthi wae panggawe iku kebaking rasa ora rila, ateges kowe  wis ngiyanati  tumrap atimu karana kowe wis ora nindakake kejujuran. Kowe munafik, ora jujur tumrap awakmu dhewe. Ora rila tegese ora tulus iklas, pasrah, ora gelem nampa kenyataan, lan ora nepati janji kang dadi sumber-sumber  ke-ora percayaan, lan iku disebut dosa.
359.Yen ana rasa ke-ora pasrahan, ing kono ana dosa.
360.Kowe  ing  suasana wedi lan khawatir  ngadhepi urip.Wedi lan  khuwatir mujudake  wujud ke-ora pasrahan marang awake dhewe, lan Gusti pinangka   Maha Kuasa sekabehe, wis ora ana maneh sumber  kepasrahan totalmu, ing  kahanan mangkene uga nuwuhake dosa.
361.Lamun ana ke- ora tulusan lan ke-ora iklasan, ing kono mesthi ana dosa.
362.Kowe banget abot anggonmu lagi ngayahi kuwajiban lan tanggung-jawab tumrap uripmu.Kowe banjur asring ngadhuh lan sesambat. Kowe kurang bisa nampa kanyatan,  ora rila, iklas. Kowe ora tulus anggonmu nglakoni kuwajiban pinangka titah dalem Gusti. Tegese kowe munafik lan iku dosa.

Satguru :
Dosa dumadi lamun kowe wis gawe kuciwa tumrap pepadhamu makhluk, nguciwakake tumrap awakmu dhewe,  sing tundhone nguciwakake tumrap Gusti piyambak.











PADHANG  LAN PETENG.


“Bagekna Kawula”

363. “Ayo terjangen cahyane, lebonana garbane, Cerahna alam semestane ! Usiren rintihane saka ing proses kematiane “
364. “Sumunara padhang, tekanKawula gatekna”Kanthi nyebut asmane Gusti, ngrungokake rintihanmu, kanggo nyenyuwun marang Piyambake secara tulus iklas. Tindakna  dhawuh Kawula iki , “jaganen cahyane! Jaganen petenge ! elinga, pepetengmu ora bakal kuwawa nyebar pepeteng !” lan “Elinga cahya padhangmu ora bakal  kuwawa mbakar sakabehing pepetengmu”
365.Elinga, lamun keseimbangan ing antaramu ora dijaga, mesthi kowe bakal wuta ndeleng pangerten njaba. Pangerten iku bakal nggawa pembijian bakal  nggawakake kado  warta pangerten lan pemahamanmu. Lamun kowe tansah nyupetake kori lan jendhela cakrawalamu. Jiwamu bakal nyempyok lan mbelenggu  makaping-kaping, sebab kowe dadi cupet budi lan pekertimu.
366.Coba delengan srana sayuta praduga, pojoking mripatmu netesake luh kesedihan kang nyata. Pangerten lan pemahaman bakal mbasuh rai dhasar  samudramu kang peteng, nganti nduweni cahyaning pepadhang dalem Gusti. Mangertiya, cahya padhangmu ora bakal duweni wujud sejati lamun ora nempuh pepeteng, karana pepetengmu sethihthik orane  atur pasumbang tumrap wujud abadi tumrap cahya sejatimu kanggo nggayuh wujud donya lan swarga..
367. Aja kaku ndeleng panguripan. Sakabehing lir, yen mangkat saka tujuan, mesthi  becik kedadeyane. Udinen sak akeh-akehe pangerten supaya awakmu nduweni teropong penilaian kang luwih jembar, antara senyawa peteng lan padhang utawa antarane bener lan luput. Jer bener bisa dadi salah, mengkono uga suwalike. Delengen situasi lan kondhisine kang ndadekake sebab musabab  nganti dadi akibat, ya iku hikmah sawijining penilaian kang sejati. Tegese, cahyamu senyawa karo keseimbangan pepeteng, sebab ya mangkono syarat perjuangan urip, ing bumi kanggo nggayuh  alam swarga. Kaswargan bakal bisa kagayuh lamun kowe wis kuwawa  nempuh samudra pepeteng tumuju menyang dhasaring wewujudan  padhangmu.,yaiku Kawula.
368.Jroning tumeka ing tahapan penilaian kang sejati, kowe kudu  nduweni kesadharan amrih ora mati rasa. Kesadharan bakal ndadekake kowe seimbang lan senyawa, nganti ora wujud antarane cahya  pepadhang lan pepeteng, yen pepeteng   ndominasekake kowe. kowe kudu berjuang mateni genimu, yen jiwamu peteng, supaya tetepa bisa ndeleng wujud sakkupenge kebak pepadang. Sakabehe kudu mangkono, supaya uripmu ora menggawe tolol, karana pepeteng, ora bisa mangerteni wujud, wusana kejentus watu kowe nuli ngadhuh kelaran.
369.Udinen Kawula, sebab Kawula saknyatane mujudake kesadharan jiwa kang banget  mbok pengini. Kawula bakal mbok sipati, lamun awakmu sadhar. Mula bukane sekumpulanmu  kang kasil nemoni Kawula kudu nempuh alam pepeteng, kanthi merem kanggo ngupaya pepadhang sejatining Gusti. Kanggo kang kepingin nempuh urip sejati karo panjenengane Gusti isih duwe wektu kanggo mangerteni Kawula. Yen kowe kasil nempuh kesadharan Kawula, kowe bakal Kawula lantarake  sujud jroning panguasa swargane Pangeran.
Elinga kesaksian iki. Yen kowe “sadhar” kowe bakal kuwawa nempuh karana aku ora wuta, mripatmu isih becik kanggo nyumurupi lan kupiya.
“Ya iki bebener  kang relatif…..”

370.”Sing padhang  ora mesthi bener, sing  peteng ora mesthi salah”
371. Wania mbiji srana jujur ati kebak ing pangerten lan pemahaman,  sakabehing gagasan, arti, makna, dogma, ideologi, lan persepsi tafsir kang mbok tampa. Slulupana luwih jero, aja sungkan ing atimu kanggo mangerti lan mahami. Jarna pangerten lan pemahamanmu, wenehana kebebasan  njajagi cethek tumeka ing jeroning wawasan iku, nganti awakmu nyadhari sacara kesadharan penuh ing jeroning penilaian. Aja gampang dihasut, nduwea pendhirian ing dhasaring bebener kang sejati. Aja nganti awakmu katindhes dening aturan-aturan kang durung mbok jajagi.
372. Ya  iki sejatining Kawula. Kudu mbok benahi sakabehing kepalsuan persepsi, srana cakrawala kang luwih jembar nganti  tumeka ing tingkatan paling jembar pisan. Kowe bakal katampa ing panguripan kang kebak ing sih rahmat kagungan-E.  Kabeh mau bakal mbok buktekake, kari awakmu kang mbiji bebener ing sabanjure Yaiki pinangka  cagaking bebener saknyatane, apa kowe kuwawa ngadhepi urip bebarengan karo pepadhamu tanpa mbedak-mbedakake golongan, tingkat ekonomi, keyakinan suku apadene keturunan.
Apa kowe kuwawa urip kebak rasa manusiawi, karo pepadhamu tanpa pengaruh penilaian egois kayata sengit, kuciwa, fitnh, hasutan, rasa meri lan dendham.  Apa kowe kuwawa nyelami, njajagi , menghayati lan ngamalake sifat nyata “Gusti Penciptamu, kang ngersakake nyebar  kedamaian sarta katresnan  sejati tumrap sesama”  kang mbok tampa ing jeroning uripmu.Wania  mbuktekake srana ora tanggung-tanggung.
373. Sawise kowe wani ndhalami  wawasan kang mbok tampa, kowe bakal weruh kanthi jelas tanpa prasangka   pepeteng saka sawijining  kebecikan, kesabaran,  ketegaran, ketulusan ati, lan kepasrahan sesaat minangka hasil kekendelanmu merangi pepeteng kang cedhak sanggama mring kejahatan. Saorane kowe bakal mangerteni yen kejahatan wis  nduweni jasa kang gedhe  tumrap uripmu, karana dheweke  wis menehi penilaian endi kang becik bener lan endi kang kleru.
374.Pemahaman sawise mangerteni  peteng lan padhang, mati lan urip, becik lan ala, mujudake dualitas kang kudu ana ing upaya ngrengkuh surgawi.
375.Yaiki  realitas nilai  bentuk lan wujud kang sakbenere, yaiku “ana” lan “ora ana” kang ana ing dhiri Kawula.
376.Kesadharan Kawula kudu mbok tanem ing ati kang kebak  panggawe nyata utawa nyawijekake  ing panunggalan cipta, rasa lan karsa.  Kowe  kudu mangerti  arti ndhalami  kesadharan Kawula, yaiku ndhalami dhiri nganti  ketemu identitas dhiri lan jati dhirimu. Kesadharan Kawula bakal nylametake kowe, yen kowe kerem ing alam pangerten kang ndadekake kowe penasaran ing dalan kang kebak sesat tumuju dhasar  tanpa bisa manggawe  apa-apa. Kesadharan Kawula nyadharake kowe saka ing wawasan kang ndadekake kowe kejebak  ing jeroning pangerten kang sempit budi lan pekerti ing panggawe ndhalami.  Ndhalami  ora banjur ndadekake kowe kerem, nganti tanpa sadhar  dhiri  lan ora mawas dhiri….kanggo kesadharan Kawula, iku mbebayani.
Oase Satguru :
“Apa kang mbok sipati wujud-wujud barang ing bumi iki, mula-bukane   saka ora  maujud, kayata nurani, rasa, kalbu, pikiran, hasrat, jiwa lan liya-liyane. Dhisik barang-barang mewah kayata mobil,. Komputer, pesawat, lan liya-liyane rak ora ana ? Kang ana hamung cipta, rasa utawa firman, lan sabda, wusanane dadi wujud kaya kang mbok sipati”.







JIWA PIKIRAN LAN PADHANG


Kang Kawula karepake tumrapmu:


377. Sinauo arti lan makna kasangsaran, Kowe bakal mengerteni lan mahami sarta ngrasakake kenyataan urip jiwamu kang padhang njingglang sarta pikiranmu kang  uga padhang .
Jiwamu padhang njingglang mangkono uga pikiranmu bakal ora gampang  kesandhung kerikil apadene  erining penguripan.
379.Eri, krikil, apa watu bakal nyengsarakake kowe yen salah sijine jiwa  pikiranmu ora padhang utawa ngalami ke-ora jelasan lan ora kepastian  deleng  penguripan, karana peteng.
380.Sadurunge uripmu disengsarakake dening eri, kerikil lan watuning penguripanmu, luwih-luwih kowe durung ngenal kanthi cedhak tegese sawijining kasangsaran. Luwih becik kenalana luwih dhisik sadurunge kasangsaran ngajar kowe tekan jiwa lan pikiranmu nganti babak belur.
381.Kasangsaran kang wis dialami utawa durung, nyatane menehi sumbangan tumrap penguripan kang bener-bener nguripi. Bab iki   lumaku kanggo wong kang wis mahami tegese lan maknaning kasangsaran.kang tau  dialami.
382.Puji syukur marang Gusti Sang Pencipta, kanggo wong kang  wiwit mula wis ngerti kasangsaran, sadurunge kasangsaran iku tumeka marang dheweke.
383. Kanggo kowe durung mangerti, ngertenana luwih dhisik teges lan maknaning “kasangsaran” perihna jiwa lan pikiranmu supaya kowe  dadi kabiasakake  dening keperihan lan kepedihan. . Sawise biasa, otomatis bakal mengerteni “teges lan makna” kasangsaran sakbenere, ujian kang kudu diliwati supaya mbesuke jiwamu tetep padhang lan pikiranmu tetep njingglang kebak kecemerlangan, karana  kowe ora gampang sesambat  utawa nggetuni kanthi kuciwa utawa khawatir.
384.Saka sakehing ungkapan Kawula, coba mbok pahami kanthi seksama supaya kowe ora picik ing budi lan pekerti ing sadengah kahanan. Elinga sinau nggoleki “arti sarta maknane” kasengsaran..Sangsara bakal mbimbing kowe tumuju menyang ketulus iklasan urip. Ke-rila pasrahan urip, supaya tansah nuntut nampa kanyatan.
385.Jiwa  pikiranmu nampa kanyatan kebak rasa tulus, iklas, rila,   lan pasrah mujudake tujuan baku ing pangerten Kawula iki..
386.Kanggo sauntara, bayangna bab jiwa kang ora tentrem lan ngalami pepeteng. Yen wis mbok bayangake apa kang dadi “resiko”  ing mbesuke, jiwa kang peteng mesthi budine  uga  peteng utawa picik lan pangertenne uga peteng.
387.Luwih-luwih coba bayangna ngenani pikiran kang ora tentrem  lan ngalami pepeteng. Mesthi kowe bakal rumangsa bener dhewe.Yen kowe rumangsa bener dhewe, kuwi masalah tumrap kowe dhewe.Uripmu bakal mbok rasakake njijiki, iku yen kowe wis nyadari. Yen durung mbok sadhari, mesthi wae  kowe bakal krasa nyaman ing kepicikan budi lan pekertimu, iku Edan !
388.Kasangsaran mujudake kegiatan rokhani kanthi ngrasake  sakcara kebak rasa kesadharan ngenani  sangsara   kang dialami tumeka mangerteni kasangsaran   kang sakbenere. Kanthi mahami kasangsaran kang kebak  kemantepan budi lan kanthi gumolonging tekad bakal nuwuhake kebangkitan jiwa pikiran. Jiwa pikiran bakal kabebasake   saka ing kepicikan. Jiwa pikiran bakal kacerahake, sakwise kabebasake  mesthi jiwa pikiran  kacerahake deninng cahya budi  pekerti kang kebak pangerten lan kepinteran otak logikamu  kang kebak rencana sarta pangotahak-athik.
Waspada lan tansah eling marang  pengothak-athiking utek logikamu. Elinga lan rasakna pitutur Kawula. 
Lamun pangothak-athik otak logikamu ndhominasi, banjur kepriye kedadeyane ?
Apa kowe rila yen sakabehing uripmu,  diprentah dening  pengothk-athiking  utek logikamu..Kamangka pangothak-athiking  utek logikamu  wis mesthi gampang dinuga kebak kelengketan  kadonyan utawa kepentingan  kadonyan. Pangothak-athiking utek logikamu nduweni watesan kadonyan lan ora luwih saka iku. karana watese  mung  apa kang bisa lumebu ing pangerten budine.
Kanthi “sangsara”  kowe bakal bisa mbebasake kelengketan pikiranmu, iku bener. Logika utek suwening suwe nampa lan ngrasa biasa kanthi pangerten ing jaba watesan logika utek, upama pangerten rokhani iku dhewe.
392..Pikiran tinimbang logika-utek winates ing pangerten lingkungan kadonyan, ora luwih saka iku. Kamangka ing jaban watesan utek mujudake ruang jiwa. Kang ing jerone ana ati, batin, naluri,  nurani, kalbu lan rasa kang ngluwihi watesan utek.
Kepriye carane kowe bisa ngenali pribadi sejatimu, yaiku sang ruh sejati?
Senyawakna, wujudna, keseimbangn jiwa pikiran saka logika otak lan sakabehing kelengkapan ati, kayata naluri,  nurani, kalbu, rasa, batiniahmu kangggo ngenali pribadhi sejatimu. Kowe kudu mangerti makna lan teges sarta peran naluri, batiniah, kalbu, lan rasa. Mula lakonana pangawe rokhani “kasangsaran” kowe bakal maneni kebahagiaan..


NOLAK SAKABEHING  WUJUD PEGATAN.


Kawula tanya marang kowe kabeh, “Apa diidini kowe megat marang bojomu, sahabatmu, lan uga paseduluranmu kanthi alasan tinamtu “ 


394.Nduwenana sikap kang teguh nolak tetek-bengeking alesan kanca-kancamu kanggo pegatan, menawa alesanmu kang rumit kanggo pepisahan mujudake kebodhoan. Wujudna kowe tansah nyawiji, murih antuk kemajuan tumrap kualitas uripmu.
395. “Sadhar saka kabodhoanmu, aja pepisahan, karana kowe tansah mbina kepicikan budimu, papakna jiwa pikiranmu sak cepet-cepete suwene kowe isih ngrasa urip, pahamana sakabehing prastawa  kanthi hikmah, yaiku salah sawijing kori tumrap pangertenmu kanggo mangerti urip sejati “
396.Lamun kowe nesu merga rasa ketersinggungan, Kawula nyuwun ngapura, nanging jujur wae yen oleh jujur, kowe tetep nggunakake  ketersinggunganmu padha wae karo tansaya bodho lan cethek pribadhimu.
397. Kanggo kang wis neningkahan, bersahabat, lan seduluran aja nganti pepisahan.. Gusti nyiptakake  makhluk urip lan jagat raya dadi senyawaan urip kang harmonis.
398.Bojo, mujudake sedaging, kowe wis dudu loro maneh, nanging sawiji.Sahabatmu dzate Gusti kang bersahabat marang kowe. Sedulur  ya  dzate Allah kang sasedulur tumrap kowe.
Kowe wis dirawuhi lan disawijekake dening Gusti, sakora-orane  metu  keputusan komitmenmu, kanggo urip dadi  sawiji mring Rahmate Gust
399.Aja ndadekke kowe getun, sesambat, sarta sedhih marang sakabehing  bab kang wis mbok putusake. Sebab kodrat uripmu dumunung ing tanganmu. Kebahagiaan swarga keluargamu,  sahabat sarta sedulurmu ana ing tanganmu uga sengsara ing neraka. Kabeh-kabeh  gumantung marang kowe, lan Gusti wis paring titah menyang kowe, lan kowe wis nyanggupi, mula tepatana  kesang gupanmu!.
400.Sapinter-pintere,  lan sa-apik-apike alesan kanggo pegatan, apa kowe arep  nguciwakake Gusti kanthi cara nglalekake tumrap titah-E ? Jer perkawinan, persahabatan sarta paseduluran mujudake keputusan kang ora bisa diganggu gugat  utawa digetuni ing tembe mburi..
401.Kawula menehi pangerten marang kabeh sekawananmu  kang durung, arep,  utawa  wis pegatan  bab teges titah dalem Gusti.
Titah Gusti mujudake tugas lan tanggung-jawab iku padha wae  karo kuwajibanmu. Gusti hamung ngersakake  kowe nindakake dhawuhe, srana ndhidhik bojomu,  sahabatmu, apadene sedulurmu nganti mateng ing alam panguripan, sing mengkone kanggo pisungsung tumrap Gusti kanthi tulus iklas, rila legawa, sarta pasrah, kanthi gumolonging ati, nampa sakabehing kanyatan-kanyatan kang nggorehake atimu.
402.Neningkahan, persahabatan lan paseduluran iku keputusanmu kang sineksen dening Gusti. Kena apa mbok getuni, lan kanthi niat  misah-misahake. Padha wae kowe nduweni niat misahake Gustimu, iku dosa.Elinga ya ?
403.Apa  kowe ora kelingan, yen  wiwit awal keputusanmu kowe nduweni tanggung jawab tumrap proses  perkembangan kedewasaan bojomu,.sahabatmu, utawa sedulurmu. Yen dheweke kabeh ora peduli marang  kowe, mengkono uga kosok baline kowe ora peduli marang dheweke, kowe nduweni rasa tanggung jawab menehi pangerten lan wawasan  marang dheweke lan kosok baline. Mangertiya pesen Kawula: “Gusti mberkati lan nyekseni keputusan neningkahan ikatan persahabatan sarta padesuluranmu kanthi sakehing kuasa-ne, Nyatakake kowe iku wis njawiji, saling membimbing, tumuju marang langiting kaswargan, .tegese korining swarga ana ing dheweke.  Mula tanpa iku tangeh lamun kowe bisa lumebu kratoning swarga Iku karana kowe wis mutusake nyawiji dadi  bojo,  sahabat sarta sedulur.
404.Yen kowe hampa marang bojomu, sahabatmu, sedulurmu, karana ora setya, kanthi alesan selingkuh, khianat, aja kowe dadi kuciwa, lara ati, apadene emosional. Sebab watu ing saknduwuring watu bisa pecah, dene geni. dilawan ngango geni, bakal tansaya gedhe urube.
405.Yen kowe kanthi pawadan  bojomu dhemenan, mitramu khianat, sedulurmu ora perduli, kabeh-kabeh ngegungake sifat egois, sujana, nyinggung ajininng-dhiri wis ora  tresna maneh, hampa, emosional lan kanthi alasan apa wae mujudake seserepan kang cupet. Bener-bener kesadharanmu  wis kethul, Kowe mung tansah nggondheli bab ajining- dhiri kang larang. “Becike rega larang mau mbok papanake tumrap bojo, mitra sarta sedulurmu iku!”.Kowe banget kejem, kekarepan sarta  niatmu kang bakal  awut-awutan mujudake panggawene hawa nepsu  utawa panggawene kelengketan karo kadonyan kang ora dikendhaleni. Tegese, padha karo nglirwakake marang kamulyane Gusti. Ing dhasaring neningkahan, persahabatan sarta paseduluran tumuju menyang langiting kaswargan kagungan-E.
406.Sadhara, kanthi alasan apa wae, bab pegatan  marang sakabehing ikatan kang ing biyene tahu mbok putusake, iku mujudake kesalahan mutlak sarta absolut. Aja mertahanke harga diri utawa tinggi hati, kosok baline kowe nduwenana sikap rendah dhiri sarta rendah hati.
407.”Kena apa Kawula kandhakake mengkono ?”.
Kena apa kowe kok ringkih lan gembeng ? Ana ngendi keteguhan pondhasimu, mertahanake keputusanmu biyen, sajeroning  bebojoan, kekancan lan paseduluran ? Bener-bener kowe dadi ringkih ora nduweni tanggung-jawab saka keputusanmu. Tembung kejem mangkene: “ Kawula kandhake marang kowe, kowe pengecut ! ora bisa nampa kasunyatan urip lan kudu kepengin mlayu saka perkaramu kanthi mawerna-werna kapinteranmu gawe pawadan kanggo pegatan”
408. Arep mlayu menyang endi saka tangung-jawabmu ? Rungakna……! Saadoh-adohe playumu, kowe bakal saya abot anggone nanggung. Tansaya adoh playumu, tansaya  ora mateng uripmu. Dadi aja awut-awutan, nanging nyawijia kanthi raket. Yen kowe wis ora ana kecocokan ora ateges wis ora jodho maneh. Tegese, kowe dhewe kurang mahami, kurang mangerteni sarta padha kurang percaya antarane siji lan sijine. Yen kowe paham kanthi kebak  pangerten, kowe bakal percaya siji lan sijine, lan ke-ora cocokan ora bakal kedadeyan kanggomu.
409. Aja kowe nggetuni keputusanmu biyen jodho bakal teka yen kowe padha-padha tanggung-jawab kanthi bener.  Tindakna kuwajibanmu pinangka  isteri, suami, utawa mitra-rowang, kanthi kebak ing ketulusan, keiklasan, kerelaan, kepasrahan, nampa kasunyatan, setya marang tembungmu, lan tumindaka kanthi budi kang luhur.Sing becik dadekna saya becik, kang ala dadekna luwih apik mengkone,  papagna ing sakabehing kahanamu kanggo nggayuh sih katresnan dalem, yaiku dadia pelaminane.
410. Yen anggonmu mutusake bebojoan saka isteri utawa  suamimu, mitra-rowang, utawa  sedulurmu kanthi sedulur utawa kancamu, kabeh iku dadia lantaran korining swarga, mangkono suwalike.
Sebab,sih katresnan dalem kanggomu, bakal katon ngegla nalika kowe paham istrimu/suamimu, mitra-rowangmu,  lan sedulurmu.
411.Sok sopoa sing mangerti, mangertiya, sanadyan Kawula sadhar ora kabeh wong bisa mangerti jarwanKawula, nanging Kawula pasrah kang mangereti hamung kanggo dhirimu sing wis dikaruniai dening kuasaning Gusti     kanggo mangerteni.
Oase Satguru :
Jodho ora tumurun saka langit, nanging jodho  tinemu gumantung kepriye dhirimu padha-padha anggone ngupaya”






GUSTI-LAH  KEKASIHING ATIMU…….



“Apa Kawula kudu ndeleng jiwa cinta-kasihmu, srana mbenggok sora.”

412. “  Hei   rahayu kowe kang urip ing sajeroning sih  katresnan, sebab Gusti bakal  njamah kowe kanthi kebak ing panguasa, metu saka padhamu lan kabeh kang nandhang lara tumuli  mari, kang  goreh atine ditentremake, kang ngelak bakal  dilegakake, lan kabeh wong kang nangis bakal gumbira “
413.Apa  wis mbok mangerteni, kenapa kowe nyusahake   dhirimu  kanthi kegetunanmu ? Getun kang kaluwih-luwih ora ana gunane. Asuka-sukoa ing wektu kang kebak  teges iki, kanggo nyiapake dina-dina kang kebak ing kebahagiaan kang kajanjekake  dening Gusti kanggomu ing tembe mburi.
414.Kanggo sapa wae kang nyengiti, madani, ngucilake, nyenyamah katresnan ing jeroning ngisi bejana atining  sih katresnan dalem Gusti, ing mbesuke bakal  dadi marganing berkat tumrapmu.
415.Kupiyoa ndeleng selumbar reget ing mripat lan  atimu, nganti wadhag ing mripatmu katon ngegla. Yen ora katon jelas, sabara, bakal Kawula wetokake selumbar kang ana mripat ing atimu, kareben  wadhagmu katon kanthi  ngegla Saka iku, Kawula bakal nglantarake panenan sih katresnan dalem Gusti kanggomu.
416.Elinga ora ana  tetuwuhan kang becik bakal ngasilake woh  kang ora becik, kabeh ngetutake hukum sebab-akibat.
417.Mangertiya, yen angger tetuwuhan dikenal saka wohe.  Mangkono uga bab  kowe pribadhi. Yen kowe ana katresnan, eri-erimu ora bakal methik wohing katresnanmu.
418.Kencangen sih  katresnan dalem Gustimu ing  telenging atimu. Mula katresnanmu bakal mancarake kilating cahya  saka pucuking langit-langit atimu. Sih katresnan tansah nafasake penguripan, mula katresnanmu tansah padhang, njingglang, pinasthi lan nguripi atimu lan sepapadhamu.
419. Kuncining karahayon ing tembe mburi  kudu nanggung sakehing kasangsaran nganti kowe dicamah dening sekawananmu.
420.Hikmah  cecamah, fitnah, lan hasutan ana, meksa tumrapmu murih luwih dewasa nampa sakabehing kahanan tanpa ngrusak dhirimu, nanging mbangun dhirimu luwih mateng ing sadhengah kahanan.Nganti kowe bakal nyipati makna sawijining jendhela atimu siap nampa  sakabehing cahya kang kupiya lumebu ing dhirimu, banjur mbok sebarake cahya iku kanggo pepadhamu.
421.Dhirimu bakal dadi wicaksana kanggo pepadhamu, kepara dadi wicaksana  tumrap sekawananmu, yen dhirimu wis mahami sakabehing piala  kang dumadi mujudake hikmah keberhasilan uripmu ndeleng kahanan urip. Kowe bakal mangerti sawijining pengalaman becik lan ala, nganti kowe nduweni ketrampilan  ati kanggo  manfaatake suasana becik lan ala murih kabecikan ing urip kang luwih becik, nganti kowe mangerti maknaning sawijing  kori kang bakal siap nampa lan ngowahi tumrap  sekawanan wong kang nduweni niat ala marang  sesamamu dadi niat kang becik.
422.Ukuran kadhewasanmu bakal mbok buktekake, yen kowe wani nyuntak nurani sucimu kang kebak ing katresnan ,   ka-ibaratake  kowe ngesokake ing  samudraning sih katresnan dalem Gusti ing jeroning bejana  jiwa pikiranmu, nganti kowe pitakon sepira gedhene  kekuatanmu nampung, kuwat apa ora ?
423.Wania mbuktekake makna tresnamu iku sejati anane  kanggo kowe lan pepadhamu, yaiku  ing endi papan kowe siap lan rila ngiket kenceng syariatkatresnan Gustimu lan tumuju marang thariqah, lan tumeka  pangkalan pungkasan, yaiku  hakikat   sih katresnane Gusti ketemu Tresnaning Gusti  Kang Maha Tresna
424.Tegese, yen kowe siap lan rila  ngiket syariah ateges kowe  siap ninggalake kebiasaan ala-mu, kang tansah salah persepsi mahami lan ngalami  sinau teori dhasar ilmu sih katresnane Gustimu, dadi  paham lan mangerti kang sak benere  lan sejati. Sebab  yen kowe salah angone mahami lan mangerteni  bakal ndadekakee dhirimu picik budi lan pekerti. Lamun kowe wis paham ngenani syariah kowe bakal munggah ing tataran  thariqah, kang nduweni pepenginan tansah ngamalake sih katresnane Gusti sakcara nyata  lan kowe  bakal siap urip ing donyaning kanyatan penguripanmu. Upama kowe hamung tumuju ing tataran hakekat sih katresnane Gusti, mula kowe bakal siap sakcara tulus, iklas, rila, lan pasrah ngaturi papan persemayaman tresnamu yaiku Gusti ing jeroning atimu.
Kapan saate  kowe ngarungi lan nyelami samudraning kanyatan lan menehi tandha “makna” penguripan. Ya ing saat kowe bisa nglalekake sakabehe kang katon  lan pinesthi, lumebu ing jeroning kang ora katon murih ngarungi kanyatan kang durung pinasthi, nganti kowe bisa  nemokake perbendhaharan kang tanpa  winates  ing sajeroning  penguripan rokhanine Gusti.
425.Kapan saate kowe nempuh lan nyilemi samudera kanyatan lan menehi tandha ‘makna”penguripan. Ya ing saat kowe  bisa nglalekake sakehing kang katon lan mesthi, lumebu ing papan kang ora katon murih nempuh samuderaning kanyatan kang durung mesthi nganti kowe nemokake perbedhaharaan  kang tanpa kinira ing alam penguripaning Rohanine Gusti

Oase Satguru :
Sejatining kekasihmu ya Gusti. Katresnan sejatimu hamung mbok pisungsungake  mligi kagem Gusti. Manungsa embuh lanang apadene wadon kang dadi katresnanmu hamung pantaramu kanggo mahami sih katresnan dalem Gusti. Tresnana Gustimu, sabab kowe kepingin kabahagian kang langgeng, karana swargamu ya katresnanmu marang panjenengane Gusti” 





USAPEN TATUMU NGAGGO, KATRESNAN 


Kawula ambengok marang langit-langiting atimu kang lagi ngantu-tantu katresnan dalem Gusti.


Besemen kemenyan  katresnan kanggo ngudhunake  keadilan  lan kawicaksanan swarga, supaya mudhun ing bumi kanggo ngadili  jiwamu kang resah. Percoyoa  marang awakmu dhewe  kanthi gumolonging atimu tumuli kowe wis mbayar nazar marang Sang Hyang Tunggal, tegese kowe wis nebar katentreman murih keadilan langit lan bumi, supaya kebak ing sih Rahmat pangerten, supaya ora bisa di binasakake dening sapa wae, lan kowe ora bisa diengon dening pepati.
Payo padha mbengok bebarengan kanggo perdhuli pasambatmu kanthi ngagungake  asmane Gusti lan nyuwun  kawicaksanan langit lan bumi kanggo masangake kuping ing atimu kanthi pengalaman pahitmu, kowe ora bakal bisa  ditumpangi dening kelicikan lan hasutane setan, iblis lan jim. Warnaning penguripanmu, bakal kalis saka ing kerusakan batin,  ing kono setan, iblis lan jim nyelip ing sela-selaning pengalaman pahitmu.
428.Yen uripmu berkualitas, tegese kowe bakal bisa nyingkirake sakabehing hasutan lan kelicikan iblis, setan lan jim ing jeroning panguripanmu. Gusti kang bakal  nemtokake manungsa iku berkualitas apa ora. Yen kowe gagal nresnani Gusti ateges kowe ora berkualitas, lan lamun kowe bisa nresnani Gusti, lan kowe menang, ateges uripmu berkualitas. Setan, iblis, sarta  jim bener-bener kebak ing pergumulan  mantra-ucap kang njijiki, sebab perane tansah nyuntak getih sesengit, dendam, kuciwa lan kemunafikan. Nanging sejatine goncangan  diperlokake tumrap kematengan kadewasanmu.
429.Sawijining  tandha- kemenangan imanmu, yen kowe bisa nresnani Gusti. Tandha sih katresnan-e Gusti. bakal tumurun marang kowe yen bisa menangake utawa ngrampungake  pengalaman pahit kang dicipta dening  setan, iblis  sarta jim.
430. Yen uripmu berkualitas, kowe ora bakal lungkrah ing kepahitan
urip. Rungokno hikmah Kawula iki kowe ora gampang mlayu saka  kepahitan uripmu. Kepahitan urip banget  licik kupiya masangi mahkota  uripmu nganggo mutiara  pengecut marang  tanggung-jawab uripmu kang abot..
431.Cobanen mlayu saka kepahitan uripmu, sakala kowe bakal njembarake  papan kasangsaran saka kelungkrahaning uripmu. Luwih-luwih  kanthi kelungkrahan uripmu, kowe bakal tansah pinter ngiseni papan kesedihanmu srana luh getih kesedhihanmu.  Apa ya uripmu mung tansah mbok  kebaki,  kanthi mungkasi sangsaraning uripmu kanthi cara ”mati  utawa nglalu” . Kepriye penguripanmu berkualitas, lamun  tansah mateni urip srana kelungkrahan?
432.Saupama kowe wani nantang uripmu kanthi ora tanggung-tanggung, kayadene satria nglawan, numpes, lan nindhes kenangan nganti tapis,  kenangan  kang nglarakake iku nganti ora katon wewayangane . Ksatria   kudu urip  kanggo sakabehe, ora mung kanggo awake dhewe utawa keluargane kang ditresnani. Satria ora  tau diwenehi hak  nduweni apa-apa, kejaba kasetyan  marang Gusti, nganti urip ing panguripanne uga dudu darbeke. Sakabehing uripe  sang ksatria mung kagungane Gusti  Dadi ksatria kudu ora gampang lungkrah sarta kuciwa, saupama sawijining wektu ditinggal dening  kang banget ditresnani.
433.Warasna tatumu nganggo katresnan.
434.Warasna rasa kuciwamu kanthi sih katresnane Gusti, atimu bakal pulih saka blawuring  atimu kang lara karana nyimpen rasa kuciwa  kang banget.
435.Bendungen ilining luh jiwamu sarana sih katresnan. Usiren mendhung ing atimu, supaya luh jiwamu ora tumurun ngelebi  lan mbanjiri uripmu, nganti luh kesedhihan munggah tekan watesing gulumu. Yen kowe nganti telat, njur menyang ngendi kudu golek pancadan?
436. Rasa sengit lan kuciwa karana upaya mertahanake sawijining rega ing jerone  dheweke  supaya tetep  bermutu utawa rugi, bakal ndadekake uripmu sangsara lan sesat. Elinga aja nganti kerongkongan  atimu garing  kebak kelesuan, bengok-bengok, sesambat kebak rasa pangadhuh  njaluk tulung nganti lungkrah. Nganti mantra ajining-dhirimu entek tinanggung cela kekecewaan  Ngucap mantra sesengit, lan kuciwa nganti kerongkonganmu garing kabakar nganti kebak dening  luh kesedhihanmu. Aja mbok jar-ake kesedhihan lan sengitmu  ndadekake kowe kerem   semaput nganti ndadekake dhirimu angel ngowahi. Dadekna kemembenge luh kesedhihanmu ora ndadekake kowe kerem.
437. Rasa kuciwa lan lara ati kang kebak rasa dendhammu bakal kahapus  sarta penguripanmu. aja mbok jar-ake  rasa kuciwa lan sengitmu nganti motholake gulumu kerongkongan atimu, lan aja nganti  pambengoke  saka tenggorokanmu ngliwati  rasa kuciwa atining sesamamu, saengga kanggo alesan  nelakake welas-asih.
438. Kupiyoa kanthi tulus  lan iklas nresnani  Gusti krana  katresnanmu, supaya dhirimu tansah jinaga, ora noleh saka panguwasaning Gusti  ing sakabehing  kahanan. Coba tuwuhna  rasa tresnamu ora mung kanggo awakmu, nanging uga kanggo sapepadhamu.  Elinga, yen kowe nduweni niat nangekake rasa tresnamu, aja mbok pendhem rasa dendhammu nganti dendham sarta rasa sengitmu bebranahan
439. Yen kowe lumebu jeroning pangerten lan pemahaman, saknyatane ora ana tatu batin kang ora bisa mbok syukuri.. Kowe bakal sadhar lan kelingan maneh karunia-karunia kang wis diparingake dening Gusti tumrapmu, ing  sajeroning rasa sedhihmu.
440. Yen kowe rila lan tulus nresnani Gusti, bumi sakala bakal  nguntal kepahitan-kepahitan atimu lan bakal kagum sarta  meri ndeleng perkembangan jiwamu kang sasuwene iki mbok alami tansaya ndadekake dhirimu berkualitas.
441.Wungkusan godhong permasalahanmu wis mbok bukak lan mbok ngerteni isine. Permasalahan lan kepaitan  ati  jebul ora kaya urubing geni,  kang kaya-kaya bisa  mbakar lan ngangusake  dhirimu
442.Yen mbok tekan pengalaman pahitmu lan prastawa kang nyedhihake, wis mesthi bakal tetep ngandhung rahmat kang bakal mahani kowe bahagia.
443.”Elinga” …Luh  jar-na mili kanthi tenang  ing sanubarimu aja nganti mumpal-mumpal ngeremake kowe !
444.Apa banyu kesedhihanmu wis  mbok pupus tuntas, ora dadi luh pepati maneh tumrapmu.Kudune kowe  ngembakake  awakmu  kaya dene manuk ing awang-awang, luput saka jerat-jaring kelicikan setan, iblis apadene jim sarta wewujudane, lan jaring-jerat  iku bobol sadurunge bisa nangkep kowe ,  dene kowe banjur kasil luput saka jaringe.
Oase Satguru :
“Mbok adhepi kanyatan kang dumadi kanthi tegar lan  tulus iklas
Sakabehing permasalahan mesthi ana pengatasane. Dadekna pengalaman pahit lan rasa kuciwa pinangka guru kang mbimbing kowe supaya luwih dewasa lan pahita  kaya ngapa wae, kenyataan iku mesthi  ana hikmahe”




KATRESNAN Isih ana Sak-dhuwuring Sakabehe.


445. Sujud katresnamu marang Piyambake kuwawa ngalahake jiwa sengsaramu. Ruhmu kang sengsara lan kesasar  bakal kabanting dening Panguasane.  Rasa syukurmu bakal mencutake swargan-E, sayuta   belenggu kebejatan jiwamu,. Sagepok fitnah lan  sekranjang cecamah kang mbok tampa bakal ngikis keruwetan jiwamu, lan tumbak   kang katamakake srana matumpa-tumpa  ora bakal bisa natoni lambungmu maneh,  lamun Gusti njangkungi. kowe

446. Wangunen simpuhmu jeroning dhampar samadi. Remna mripatmu, lan kendhokna sekrup lan baut jiwamu, banjur rilakna otot-otot tali ruhmu  alon tanpa suara sesambat lara. Ruhmu bakal mlesat  tumuju langiting kaswragan  sujud ing pepadaning Gusti.
447. Tumpesen,  muntahna, tokna lan  bakaren nganti gusis  sakabehing wewayangan kaweden kang tansah ngreridu nganti tanpa sisa,  lan tanpa ngerti isin.
448.Katogna nganti kabeh  awu, malih dadi kewanen tanpa syarat.
449.Kowe wani mbukak, lumebu ing donya kang elok,  anyar kang wis kajanjekake dening Gusti marang sapepadhamu. Ora ana goreh lan sangsara, ngupoyoa mlesat ing dalan-padhange Gusti lan mesthi tekamu ditampa ing panguasa dalem Gusti..
450 Jagat raya bakal menehake  penguripane . Srengenge ngrangkul  kanthi rasa gumbira, rembulan kebak cahya sinar- mahanani  sentosa kang kebak rasa gumbira nglantarake  ruhmu. Ing wusana saiki kowe bisa urip jroning kebahagiaan kang sejati.
451. Lebu-lebu keweden kang tansah khawatir bakal kehinaane ya bakal nyambut srana kebak ing rasa kelembutan. Bayangna kowe wis dudu lebu  kang ngregeti jiwa pikiranmu. Tetuwuhan, manuk-manuk lan sakabehing  makhluk sikil papat bakal nyuwarakake kebahagiaan kanggomu, ngabarake kabar kabungahan tumrap kowe, kabar kabungahan marang langit, mengkono sakabehing malaikat lan widodari. Para malaikat bakal mesem mongkok karo niupake trompet  kelanggengan nangekake semesta kehidupan kang nyasmitani tekamu kkang sujud ing ngarsane  Gusti.
452.Kowewisnyebrangi gugusan galaxymu, nalika kowe merem. Kowe bakal nyipati  alam jagat cilikmu kanthi jelas, nganti kowe mlesat ndeleng alam jagat gedhemu kang mbok tresnani.
453. Kowe bakal nyipati yutan meteor kabungkem wurung ngantem bumi kang mbok tresnani. Wusanane  kowe lumebu ing papan spektrum cahya padhang panguasaning Gusti, lan percikan ngetokake swara  kang ngumandhangake  kaelokan swarga kagungan-E.
454. Kudune  kowe percaya temenan Spektrum cahya padhang panguasane  Gusti  bakal nuwuhake, kaelokan tumrapmu, Kowe nyipati, mbok rajut  pikiran jiwamu lan atimu sarta mbok simpulake ing Panguasane.
455.Aja nganti luwih mbok remake mripatmu, kepara malah tansaya ora percaya tumrapmu.
456.Kebodhohanmu tansaya njerit lan nekak  jembaring-wawasanmu lan ngiket kowe lengket ing kemelekatan kadonyan
457.Yen nganti jiwamu ora ngucap syukur lan kurang percaya marang panguasan-E  tegese polahmu miwiti nyoba marang panguasaning Gusti. Mberontak, lan nglawan ing sadhengah, lan kesempatan sarta milik marang  panguasaning Gusti.
458. Aja nganti jiwamu umuk, karana bukti kang wus mbok sipati.kepara malah ndadekake wuta lan tansaya ora ngerti.
459. Nengenake kebodhoan bakal ndadekake  kowe rumangsa luwih saka pepadhamu, utawa rumangsa bener saka sakabehing bebener.
460.Aja mbok jar-ake dhirimu ngucap sora : “Aku isih seger….delengen….aku ora  bakal percaya marang Gusti kang sakbenere pinangka  panguasaning jagat raya, ngayomi bumi pertiwi kita” yen nganti ana kebasna atimu kang reget iku lan idak-idaken sebab kowe  luwih ora mangerti jatining dhirimu priyangga.
461.Kebodhoanmu bakal ngliwati  ing sanubarimu, yen tansaya mbok remake jiwamu, ndadekake ruhmu sanalika wuta nyumurupi panguasane Gusti ing bumi pertiwi kang .salugu.
462. Rilakna sakabehing kebodhoan jiwamu mring jeroning sih katresnan kagungan-E.
463. Ketegaranmu bakal kapulihake dening Piyambake lan kebodhoanmu dipupus dening  Piyambake, Yen wadhagmu ora rila  banjur sikil, tangan lan sirahmu bakal kasujudake dening para malaikat kanthi peksan.
464.Kowe ora bakal kuasa nahan. Sirahmu dijeblesake dening para malaikat  ing lemah pasujudan nganti  gladrahan getihe, pinangka pisungsung rilo-legawaning jiwamu marang piyambak-E.
465.Sakabehing rangka  wadhagmu sakala bakal kasujudake sakcara peksa dening para malaikat. Rambutmu bakal  diudhar saka kekusutane nganti sujud marang Gusti, banjur rambutmu bakal rila ndawakake  iketan tali asih  karo Piyambake.
466.Dheweke kanthi sora bakal nyuwara “Kawula tresna dhumateng paduka kanthi gumolonging manah!”.  Banjur sakabehing jiwa, pikiran, raga, ruhmu bakal kamuliakake dening Piyambake, nganti sepakat kebak tekad ngabdi marang Piyambake.
467.Ucapna ing sakehing relung wektumu, lan mbok ajak sakabehing piranti wadhagmu, sujud : “Sedaya gadhahan kawula ugi kagungan paduka, kawula tampi saha kawula aturaken dhumateng Paduka Gusti”
Oase Satguru:
“Tresnana awakira dhewe,  kanthi tulus iklas, karana sajatine  Gustimu ana ing sajeroning anggamu. Lamun kowe nrensnani pribadhimu dhewe ateges kowe wis nresnani Gusti-Allah uga 



WUJUDE SIH  KATRESNAN DALEM GUSTI


“Inggsun  tulungana, hai sedulurku ! Aja ndadekkake Kawula sangsara ,  sengasara dening  upayamu kang ora gelem mahami pangerten Kawula ini. Waspadakna Kawula ! Kawula ngelingake  sira bab sih katresnan dalem Gusti kang maujud ing alam-donya 


468. Eling….eling….elinga ! sujuda kowe marang sih katresnan dalem Gusti. Sih katresnan dalem maujud ing donya.
469.Kaya wis  mbok mangerteni, uripmu  ing alam wujud jasmani Ora ing wujud alam rokhani. Yen kowe  urip ing alam rokhani, wis mesthi kowe bakal sujud langsung marang Gusti Kang Maha  Rokhani. Kowe bakal ketemu langsung marang Piyambake.
Banjur kepriye anggone Gusti  maujud ?
470.Kowe maujud kanthi wujud kang saiki karana proses kelahiran  wujud dening Ibu lan Bapakmu, lan kabimbing nganti kowe  bisa nyebut “Aku” kanthi mantep. Kowe diajari dening Bapak sarta Ibumu ngenal Gusti Sang Penciptamu kang sejati, murih besuk sawise kowe ninggalake wujudmu  bali marang Piyambake.
Sih Katresnan dalem Gusti maujud marang sapa ?
471.Leluhurmu kang ndadekake bapak ibumu maujud, pinangka lantaran  ing alam donya iki. Leluhurmu, bapak sarta ibumu, tumeka nganti kowe, dicipta dening Gusti lumantar sih katresnan dalem kang wujude partikel-partikel daya alam semesta ciptaan-E. Mbasan kabeh manungsa sadurunge dadi orok janin ing kandhutan guwa garbane ibu, Gusti  nyawijekake  sih katresnan  dalem lumantar bapak ibumu.  Nyawijinine katresnan awujud partikel-partikel alus kang   awujud daya alam semesta iku Gusti makarya nyiptakake kowe. Nyawijine partikel-partikel daya alus alam semesta  iki bakal ngumpul dadi gumpalan cahya, kang disebut molekul. Molekul-molekul cahya sih katresnan dalem Gusti kang lumantar bapak-ibumu kasebut, nduweni  pendhirian, berkembang dadi orok janin kang duwe tanggung-jawab mbina pertumbuhan janin orok kasebut ing gua-garbane ibu.
472.Molekul-molekul cahya nyawiji ing sih katresnan  Gusti kang ana ing gua-garbane ibumu wis dadi pirantining wadhag jasmanimu, sasuwene iku, ing gua-garbane ibu, partikel daya alam semesta kagungan-E mbina jiwa pikiran lan sakabehing rasa, kalbu, nurani, batinmu,. Mula-bukane partikel katresnane ibumu mbina jiwa pikiranmu liwat rasa was-was lan khawatir, wedi resiko nglahirake, yaiku mati. Partikel hawa nafsu  rasa was-was lan khawatir iku wis katanemake  sang ibu ana ing anggamu, lan rasa was-was utawa kekhawatiran mau wusana  tumurun ing kowe. Partikel hawa nafsu iku kasebut Kakang mbarep utawa disebut sedulur marmati.
473.Ibumu mujudake sih katresnan dalem Gusti kang maujud ing alam donya iki. Wis samesthine mbok ajeni, karana wis nyrahake “spirit cahya, emosi, lan dzat partikel bertahan urip, arupa kawaspadan lan kekhawatiran tumrapmu”
474 Sedulur marmati wujud partikel daya sih katresnan dalem Gusti kang arupa   rasa was-was lan kekhawatiran  banget migunani ing suasana nenimbang,  sakabehing putusan urip nduweni sifat suci yaiku ngayomi saka sakabehing  dalan kesesatan  lan penasaran  kang kita sandhang, supaya lancar utawa ora nduweni alangan tumuju marang sih katresnan dalem Gusti ing kaswargan.
Ya kanyatan ing urip padinan terkadhang awakmu  ing putusan kang nuwuhake “resiko” keprungu “suara ati” kang martakake.
Kedadeyan iki mujudake pengalaman partikel daya mawas dhiri. Prastawa iki bakal tansaya mantep lamun mbok sadhari. Yen mbok sadhari suara-ati iki bakal pinangka guru-sejatimu utawa bagiyan saka Kawula kang nduweni fungsi pinangka suara ati, nenuntun, nylametake, utawa kanthi sesebutan pengayom.
Nalika kowe lahir ing donya, sih katresnan dalem Gusti maujud ing jeroning uripmu  kang maujud arupa ari-ari utawa plasenta  lan getih. Ari-ari utawa plasenta awujud partikel sih katresnan saka Gusti kang nduweni fungsi kanggo ngayomi wadhag jasmanimu saka cacat  fisik  utawa tatu , nganti kowe sehat jasmanimu .Pembungkus iku diarani Adi ari-ari.
477.Ing partikel hawa nafsu adi ari-ari kang kinandhut yaiku watak  amarahmu. Unsur geni dicurahake   lumantar daya keputusan tegas, maujud ing  kahanan tegakake kawicaksanan lan kaadilan sih katresnan dalem Gusti ing alam donya. Sifat partikel iki ngayomi  kowe supaya tetep terus njaga kawaspadan ing saliring kahanan supaya ora gampang  kuciwa  lan enggal bisa nampa kanyatan/
478.Dene partikel sih katresnan dalem Gusti ing jeroning getihmu nalika dilahirake disebut  Adi Wuragil utawa Sedulur Ponang Getih .
Ponang Getih Adi Wuragil nduweni partikel hawa nafsu ngayomi,  nduweni  unsur spirit, utawa  semangat, emosi, lan hawa  nafsu kadonyan lan surgawi, yaiku njaga panguripan tetep berlangsung ing  kahanan, kanthi damai, tentrem  ing jroning pengarep-arep.
479. Sifat bawaan  Ponang Getih Adi Wuragil kang kacurahake dening Gusti lumantar ibumu nduweni sifat kuasa, kayata semangat  ketekunan,  keteguhan, kepastian merangi kemalesan lan kapinteran Fungsi vitale yaiku ngayomi saka pengaruh ala sakehing tumindak  ala sawise  ngalami kegagalan  lan patah semangat, kayata berfikir positiv (positive thinking).
480.Perwujudan sih katresnan dalem Gusti wis kasiapake wiwit awal dening Gustimu lantaran Ibu bapakmu. Kurmatana piyambake, sebab ya karana piyambake  kowe mengkone bisa lumebu korining kaswargan.
481.Sinauanen kanthi permati pitutur Kawula iki kowe bakal antuk pituwas saka panenanmu. Daya partikel hawa nafsu kakang kawah lan kakang mbarepmu nduweni sifat ngayomi wadhag fisik saka sakehing wujud tatu apa wae. Lan sapa wae kang mbok sandhang ing penguripan kadonyan.

Oase Satguru :
“Lamun sira  kepingin bahagia, elinga lan tepatana, janjimu tumanduk dhirimu  lan Gustimu, kanthi kebak .rila  lan ketulusan ati”



PATANGENING KATRESNAN

Ana ngendi dununging kemenanganmu?

Ana ngendi dununging entup pepatimu ?
Ana ngendi dununging daging lan getih katresnanmu?
Ana ngendi dununging ruh katresnanmu, supaya kowe bisa martakake petangening katresnane Gusti marang umat manungsa?
485.Ing wektu sakedheping netra kowe bakal mangerti unining pategalan katresnanmu kang wus kalahirake. Kowe percaya menawa unining pategalan  katresnannu nyimpen misteri panggesangan swargamu.Terkadhang kowe kerep  nanging kurang cetha,  pategalan katresnanmu tau kandha : “Kowe kang wis nresnani Gusti.ora bakal kena ing pati, lan bakal tansah katangekake ing pungkasaning suara lan kebahagiaan sarta owah-owahaning uripmu ? 
486.Mangertenana, prastawa urip susah utawa bungah mujudake entuping sih katresnane Gusti lan iku mujudake kebahagiaan sejatimu Nyatane kowe banget anggonmu ngarep-arep. Terkadhang entuping  katresnan  matumpa-tumpa nangekake saka ing  pepati katresnanmu  kang  wis meh tumeka ing pati, wusanae kowe tangi lan menang, kasil nampa mahkota kembanging katresnan iku. Yen kowe kepingin antuk kemenangan tumrap sih katresnane Gusti, mangertia wahai kowe kabeh kang kepingin menangake  sih katresnane Gusti, supaya kowe kuat ing sajeroning pendhirian tumrap lepasing kelengketan marang kadonyan. Yen kowe kasil entuk sih katresnan-E kowe  bener-bener bakal kebak kuasa kemenangan katresnan kang ora winatesan dening papan lan wektu. Murih  tumanduking sih katresnan mbok kumpulake jiwa pikiran lan kepribaden kang mateng, lumawan panguasaning nafsu tipuan muslihat iblis kang nduweni ambisi daging lan getih kadonyan kang sawektu-wektu nyulap atimu ngenalake  katresnan palsu.
487.Wangunen  bentenging atimu,  lumawan penghulu ning nafsu iblis kang  tansah nyoba ngeremake mripat ing jeroning pepeteng ing relung-relung atimu.
488.Teguhna  katresnamu, talenana  nganti kenceng ing bangkekmu kanthi pirantining rokhani kaswargan. Kuatna bentenging  atimu kanthi sih katresnan dalem, supaya atimu kanthi sih katresnan  supaya  tansah nyarungake pedhang ruh ing jerone murih nampa sarung keslametan urip, kanggo umat manungsa lan nangkal panasing geni iblis kang  nunjem ing jiwamu.
489. Mulane yen kowe gelem tangi saka penguripan lan menang,, tangia saka turumu, tangi saka kelengahanmu, saka ing antara jiwa pikiran katresnanmu kang mati,.supaya jiwa sih katresnan mu tansah ngatonake cahya lintang  kang ora mblerengi. Kabeh wong bakal simpati marang kowe, lan ora ana kang ngreridu marang kowe.Kowe bakal urip ing antarane kang urip, karana kowe wis ora ndablegake jiwa  pikiranmu, dileboni dening katresnan sucining Gusti.
490.Lamun kowe nyoba tansah mangerteni karepe katresnan jati saka Gusti mula kowe bakal bahagia. “Percoyoa!”
Oase Satguru :
“Kapercayanmu marang panguripan sejati bakal nglairake pengarep-arep kanthi kebak  kekuatan lan  kesenengan kang banget ngedhap-edhapi. 




KAWICAKSANAN SIH KATRESNAN DALEM GUSTI


491. Kowe kang rumangsa urip ing antarane wong urip, ojo kowe banjur  umuk, sebab kowe rumangsa nduweni bandha sarta kuasa tresna marang kadonyan ing jeroning atimu.

492.Sih katresnnmu aja mbok lebokake.ing lawanganing jendhela ati kang lagi sesak,saengga wadhag katresnanmu  ora bisa cukup ngliwati
493.Yen kowe mlebu, kanggo sapa wae kang cupet jendhela katresnane, sakala dheweke bakal  rumangsa urip ing antarane kang urip;lan bakal njembarake lawanganing nafsu kadonyan lan dheweke yen ora sadhar bakal tansaya cedhak jembarake dalan tumuju menyang  kasangsaran bilai
494. Lamun kowe rumangsa sih katresnan dalem iku .pengajine kaya gemerlape emas barlean kang mblerengi sapa wae kang weruh. Aja nganti mbok sepelekake  sih katresnan dalem Gusti  srana menghakimi sekawananmu kanthi  atas nama kemenangan sih katresnan-E kang mbok duweni,”Iku kleru”
495.Lamun kowe  kleru ndeleng sih katresnan dalem Gusti kang mbok alami,  kanthi persepsi kang kleru, kowe bakal dihakimi dening sih katresnan-E jumbuh karo pakartimu menghakimi sekawananmu.
496. Apa kowe tau nyumurupi  nafsu getih lan daging sekawananmu ing atine kanthi premati. Kupiyoa mbebasake  yen kowe rumangsa bisa, nanging aja nganti nuduhake kesombongan tangining katresnamu iku. Ya dheweke kang nemtokake keputusan uripe atas katresnan dalem Gusti, dadine kowe tetep hamung pantara .Suwene nafsu iblis isih nlesep ing sela-selaning napas ke kosongane, ngati-ati lan  sendhekna dhirimu, ana ing panguasa  katresnane Gusti, Sethithik mbaka sethithik  kowe bakal mangerteni kepriye carane  nglantarake dheweke, mula tansaha jaga-jaga  lan waspada anggone mbantu dheweke, karana dheweke bisa lan siap musnahake kowe, seka ing antarane sekawananmu.
497.Mbengoka kanthi sora, ing atine dheweke “Hai munafik .wetokna luwih dhisik reregeting mripat nafsu iblismu saka jeroning rongga sela-selaning atimu kang kosong saka sih katresnan dalem Gusti Sabanjure nuli kebasna sakabehing partikel nafsu iblis kang disandhang dheweke banjur curahna sih katresnan dalem Gusti tumuju jeroning jiwa-pikirane dheweke, nganti dheweke tansaya  ganep bab kematiane tresna kadonyan.
Elinga marang Kawula.

498.Aja mbok jar-ake dheweke  nawakake  mutiara  tresna kadonyanne. Uga aja nganti dheweke mbok tawani pituwas katresnanmu, .lamun dheweke durung  mangerti makna sarta isine,. Yen dheweke ora mangerti, dheweke bakal tansaya ngina. Ya karana iku, srana  idu kang ngidak-idak  ilate tumrap katresnan kang suci. Dheweke bakal tansaya ora mangerteni, nanging bakal sok ngerti lan paham, sabanjure dheweke bakal mbalik  ngodhol-odhol dheweke nganti gembolan isi atine pisah dening  katresnan suci tumrap dheweke. Tegese, siapna tumrap dheweke  kanggo nampa luwih dhisik,  kanti rasa supaya rila nampa.
499.Kanggo kowe, kang wus mangerti sih katresnan dalem Gusti . Nyuwuna katresnan suci, mula kowe bakal diparingi dening Piyambake., kanthi kebak limpahan Rahmate Gusti. Upayakna dalan kang sejati sih katresnan dalem Gusti, mula dheweke bakal  nemokake. Dhodhogen atine dheweke kanthi lon-lonan, aja mbok dhobrak kanthi peksan dheweke bakal mbukakake korining atine  tumuli Gusti banjur lumebu ing atine.
500. Ukiren dheweke kanthi sakabehing cara, ngupaya sih katresnan dalem Gusti kang wis kaparingake marang kowe, sakwise rila, iklas lan sabar nampa kanyatan uripe.Wis mesthi sakabehing kang wis kajanjekake dening Gusti bakal kaparingkake marang dheweke. Ajarana kanthi tumemen kanthi alusing katresnan murih kajaga perasaanne kang isih durung nampa kanyatan urip. Kandelna tekade murih ngupaya, makarya, tekad,  niat,  ora  tledhor lan sabar mujudake kunci  keberhasilan tumrap dheweke antuk petangen sih katresnan dalem.
501.Kawula  njaluk marang kowe kabeh, “Yen dheweke nyuwun pengarep-arep kang wis kajanjekake Gusti tumrap dheweke,  sing waspada” Perlu ditakokake  apa kowe miwiti kanthi setengah ati, tegese kemauanmu kang keras apa ngadeg ana sak ndhuwuring pasir kang obah,  sawektu-wektu bisa rubuh kanthi hebat ngrusak jiwamu lan jiwane dheweke. Sakabehe mampu lan bisa katampa, gumantung marang kemauan niatmu lan niate dheweke, kanthi panggawe-nyata sih katresnan dalem, dheweke bakal nresnani penguripan linandhesan sih katresnan dalem.
Oase Satguru :
Penghakiman, kawicaksanan, lan keadhilan ana ing kowe, ing prastawamu,   lamun kowe wis khianat marang awakmu  dhewe






TRESNANANA URIPMU KANTHI GUMOLONGING ATI

502.Kanggomu, kang kepingin, nresnani Gusti. Uripna jiwa pikiranmu  saka kersane karunia  katresnan jati-Ne. Turutana kang dadi kersane, satemah kowe ora gampang nuruti pergumulan nafsu kadonyanmu, kang siap njebak marang  kowe. Yen uripmu maujud, kabungkus dening  sih katresnan dalem, tegese  kowe wis nggumolongake raga sarta jiwamu kanggo mbrastha nganti gusis tanpa sisa nafsu kelepetan  kadonyanmu banjur mbok kendhaleni jumbuh lan rasa tresna sejati tumuju alam swarga kagungan-E

503.Kanggomu kang durung  mangerti katresnane Gusti nanging nduweni hasrat  murih maju. Mangertenana menawa kersane katresnanne Gusti beda banget   lan mutlak kosokbalen karo  pepinginan nafsu kelepetan materi kadonyan.
504. Akeh saka.ing antaramu terkadhang  kleru anggone nafsirake sih katresnan dalem, kang sakbenere. Akeh kang ora mangerti, ngerti katresnan mung winates ing hawa birahi pikiran utawa jiwane wae. Kaprahe tumrapmu, menawa tresna iku ditegesi mung sangisoring lembaran nafsu biologis.
505. Perlu mbok ngerteni kanggo kang katindhes  dening nafsu birahi, kanggo nduweni panguasa, bandha, jiwa dan kadonyan, padha kapimpin dening kelepetan kadonyan,  yaiku alam-semesta iblis.
Wis kabukten  kanggone donya, yen urip kapimpin dening nafsu kadonyan, mesthi bakal kasekat dening pakaryan nyata nafsu kadonyan gila hormat, pencabulan, pencemaran, hawa nafsu, pembunuhan, panantang, rasa  lara, sesatron; padudon, kemeren, cemburu, napsu, dendham,  egois, ruh pemecah-belah, kedengkian lan mabuk.
506. Mangertia bab wohing katresnan tumrap Gusti wus sah kabukten ing donya, alam para suci, Malaikat, Nabi, Dewa, Bathara  kepara dhamparing sih Rahmat. Delengen panggawene katresnan jati ing   donya padha wae   kaya kang ana  ing swarga, kayata  katresnan, rasa gumbira, damai, sejahtera,  bahagia, kabecikan, kasetyan, lemah lembut, sadhar diri, penguasaan diri
507. Penthangen nafsu kadonyanmu kanthi  penthangan kepakan swiwining malaikat swarga nganti buntute, banjur salibna tangan lan sikil cakarmu  kang landhep   kanthi sih katresnan dalem, supaya nafsu birahi kadonyanmu  kalindhes dening tresna sejati Gusti kang kapimpin dening kesadharamu dhewe,  pribadimu dhewe kang luhur

Oase Satguru :
Kowe ora bakal bahagia  lan nemokake swarga ing jroning  panguripanmu yen kowe ora nresnani marang awakmu dhewe  kanthi gumolonging ati”.





KASADHARAN RUH.


Kawula wartakake tumrap para makhluk ciptaan-E mligine marang kowe kabeh


508..”Mangertenana lan kenalana, sakabehing  wadhag, jiwa pikiran, lan ruhmu, menawa  wadhag lan jiwamu bisa kamusnahake, nanging  pribadi ruh ora bisa kamusnahake sebab sifate langgeng”.
Kesadharan kang  temen banget karasa penting. Kesadharan dominan ing jeroning panguripanmu.  Rasa lara ing jeroning wadhagmu., rasa  lara ing jeroning atimu, banget anggone bisa mbedak-mbedakake  kesadharan wadhag sarta jiwa pikiranmu., kanggo mbedakake kesadharan ruhmu kang sejati. “Lamun uripmu kesandhung, nganti ngetokake getih, sapa kang krasa lara? Yen atimu kesinggung karana di enyek, sapa kang ngrasakae larane? Yen kowe krasa pusing,  sapa kang ngrasakae lara? Mesthi wae kang ngrasakake lara ya kowe dhewe. Nanging sapa sing ngrasakake lara ing antarane wadhagmu ? Mesthi kangelan anggone njawab. Arti saka penilaian iki, sasuwene  kowe durung nemokake jati  dhirimu lan identasmu kang sakbenere
510.Kesadharan wadagmu mujudake kesadharan  biasa kang dirasa hamnung  winates pirantining badan kang kasambung  dening indra-indramu. Kesadharan jiwa pikiran dumunung ana ati utawa perasan indra-indra kang tumabet, kayata rasa, kalbu, nurani, batin, lan kalbu pinangka  kesadharan dhwur kang wusanane dilantarake menyang fisik otakmu, banjur dadi kesadharan biasa kang kasambung ing indera-indera wadhagmu.
Kenalana, kesadharan ngisor wadhag jasmani sarta indramu kacipta saka 5 unsur.kehidupan daya spirit alam semesta banyu, lemah, hawa,  lan geni. Mbasan jiwa pikiranmu mujudake kumpulan  cahya kang wujud daya spirit atma kang luwih alus saka banyu, geni, hawa, lemah,, sarta  kang disebut ether.kang ora katon.
Sadharana, kelanggsungan penguripan  wadhag jasmanimu,  bakal berlangsung, lumantar kegiatan napas srana simbul pertahanan penguripan wadhag  jasmani, kayata janung dheg-dhegan, kuping nyuwara, kulit mrinding, lan mata weruh. Daya spirit  bakal ngrembaka kanthi cepet, lan nyadari kang sekabehe diperlokake jroning nindakake  pangawene. Panggawe iki bakal njaga pribadhi ruhmu nduweni vitalitas dhuwur kang tetep makuwon ing jroning wadhagmu, lan wadhag sarta jiwa pikiran akal sehatmu.
Panggawe nyadhari sirkulasi  daya urip jasmanimu bakal luwih disengkuyung  dening vitalias daya spirit uripe,  lamun daya vitalitas  ngalami kesadharan dhuwur. Loro-loroning kesadharan iku bakal kuwawa ngiket  ruh sejatimu lan nggawa tumuju menyang kesadharan paling dhuwur utawa kesadharan ruh, karana pribadi sejati.
Jiwa pikiran mujudake kumpulan daya spirit alam semesta kang awujud dzat alus. Kumpulan daya spirit alam semesta iki ngiket kenceng pribadi ruhmu sajeroning wadhag jasmanimu, supaya ruhmu ora gampang lepas saka wadhag.
515.. Pirantining jiwa pikiran kang ana ing jeroning bathinmu mujudake pusat makuwone  daya pepinginan lan perasaan becik lan ala, kang disebut daya spirit utawa daya urip kang awujud hawa nafsu becik lan ala ing jeroning  niat, karep, pepinginan becik lan ala. Ya ing kene dununge kesadharan dhuwur makuwon.
Oase Satguru :
Kunci tumuju kasampurnan urip sejati yaiku lamun kowe wis ora nduweni rasa hawa nafsu kadonyan iblis ing jeroning badanmu, kayata duweni panguasa, sugih  bandha, khawatir, sengit,  duwe prasangka, lsp.



RASA HANDARBENI


Sepisan maneh,  Kawula bakal njarwakake keteledoraning jagat, saka jantraning  kelengketan kadonyan kang dijanjekake dening Iblis tumrapmu kabeh. Kawula mung duwe pangajab  kowe entuka aroma sih katresnan dalem Gusti. Dudu pengangen-angen lan dudu cakrawala imajinasi kang mbok suwun, nanging kasunyatan. 


609.Mangertiya, sakabehe ngenani urip langgeng. Rasa ora pangerten lan kelengketan kadonyan nuwuhake rasa getun kang kerep kasebut dosa.
610.Seje maneh kanggone Kawula, yen kowe ndhasarake  rasa  –kepengin weruh, lan  mangerteni bab iketan  hawa nafsu kadonyan lan nglakoni,  mesthi angel iketan hawa nafsu mau bisa lepas.Yen kowe nyadhari, mahanani kowe bakal nglairake dosa getun. Saka rasa getun bakal nuwuhake rasa sadhar kang sumbere ing sajerone atimu kang paling jero, nganti kowe ngenal sawijining wujud lan aran saka kowe. Sawise kowe ngenal bab  wujud lan aran, rasa sadhar  bakal tangi ngajak ndhalami sawijining pandhangan, makna, teges,  lan  ideal kang diarep-arep ing wujud lan aran.
611.Pandhangan makna lan teges  bakal nglairake pilihan  loro, yaiku  bisa nentremake babarpisan nyengsarakake kowe tanpa winates nganti kowe  mbacut ana ing sawijining sesambungan.
Kowe milih  kadonyan,  budhak nafsu, utawa sejati budhak budi pekerti. Tegese sawijining sesambungan bakal  nuwuhake  cita rasa  kang ngadhemake jiwa malah kepara  nyritakake  kowe ing kelengketan nafsu kang nguwasani,  nduweni, sebab kowe  wis kaiket  dening donyaning iblis nganti angel  anggone uwal. Yen kowe uwal  saka keiketan tummrap kadonyan  kang kebak iblis, tegese  kowe gelem  lan bisa   lepas saka  kepemilikan   marang donya saisine  lan kowe wania ngakoni, yen  sekabehe  iku kagungane Gusti. Kowe uga bakal ngeneni  kedhamaian, katentreman,  sarta jiwa kang tentrem.
612.Bab nduweni, rasamu uga kawujudake ndadekake  kowe milih ing  antarane pilihan loro. Sepisan ndadekake kowe tuman marang niat ketentreman sesaat  utawa ora langgeng kang nuwuhake rasa getun  utawa dosa, kang ing pungkasane  tumuju ing kegagalan urip utawa kematian  kang nyengsarakae karana jiwa kang penasaran ora bakal nduweni  papan panggonan surgawi. Kapindho, lamun kowe butuh katentreman langgeng kang  nyemangati   kowe nduwenana pepinginan saka kesadharan lan kebutuhanmu kanggo  kaiket dening rokhanine Gusti, karana pepinginan sejatimu ora gelem sengsara ing tembe mburi.Kowe kepengin bahagia, iku mujudake keputusan urip lan kadadeyan kebahagiaan jiwa surgamu. Tresnamu papanna ana  ing sanubari kang paling jero.”Aja kowe nduweni kang dudu hakmu. Bumi sakisine iku kagungan-E kowe mung dititahake kangggo, miara, ngrumat lan nglestarekake
613. Banjur kedadeyan jumbuh lan pepinginanmu.  Kowe kalairake ing kahanan pembebasan kelengketan kadonyan sarta tumuju menyang ing pencerahan  surgawi lan kowe  ora bakal ngrasakake, getun, kuciwa, lara ati, sesambat  lara, wadhag kang tambah tuwa, sengsara, bosok banjur tumuju ing kematian jiwa  kang banjur digrogoti dening set iblis ing ngendi papan  dheweke urip, ing kono ana pepati kang katindakake dening dheweke.
614.Dhisik kowe ndableg  lan wusanane kowe nduweni kesimpulan, kepiye kowe mangerti yen  bener-bener durung percaya sarta yakin, sebab kowe   durung ngupaya kepengin weruh sarta mangerti, karana pangerten mujudake dalan tumuju kasampurnaning uripmu.
Oase Satguru :
“Pepinginan kanggo nduweni hamung bakal ndadekake kowe  sengsara lan kuciwa yen kowe ora katurutan”




PAHAMANA URIPMU.


615.Sabanjure mbok gatekake wayah surup kanthi tata warna galaxy kang timpuh tumuju ing kaswargan, lan sakabehe ndadekake kowe kebak ing pengarep-arep, kayadene kesengsem dening kelanggengane sih katresnane Gusti

616.Luwih  saka  iku, kowe milih ilusi pinangka dhirimu. Luwih saka iku kowe kasihir ing jeroning pemahamanmu.
617. Wusanane, kowe ndeleng awakmu dhewe katon ala banget, kamangka pemahamanmu bener-bener paham marang awakmu, mula bakal ilang dhewe ke-elekanmu, sauger kowe nduweni tekad menghayati lan ngamalake.
“Apa tegese paham ?”
618. Paham, lamun kowe wis nyumurupi, 1.Ke-elekanmu    2.Kebecikanmu 3.Ketulusanmu, 4.Kesombongan/keangkuhanmu 5.Kebodhohan/kepicikan lan cupeting budimu 6.Kegagalanmu 7.Ka  luwihanmu, 8.Kekuranganmu  9.Katresnanmu 10.Pengkhianatanmu  11.Ke-ora jujuranmu 12.keberhasilanmu kang hampa  13.Prestasimu kang hampa 14.Bebeneranmu kang kleru lan 15. Kekeliruanmu kang bener lsp.
619.Saikine  kabeh mau pinangka anugrah penyadharan tumrapmu supaya bisa paham  murih awakmu gelem mawas dhiri saklawase kang sakbenere. Dadi kowe ora perlu ngoyak kesadharan nganti sayah. Sebab apa ? Sebab kesadharanmu ana ing anggamu pribadhi, ing jiwa atimu, ora mungkin lumayu saka ing kowe. “Hamung kabodhoan lan pengkhiatanmu wae kang ngilangake teges ing sajeroning dhirimu”
620.Aja nganti kowe nyalahake sapa wae  Wosing pangkal utama sakabehing keputusan yaiku dhirimu pribadhi. Lamun kowe ora mbukakake kori, wis mesthi sakabehing putusan bakal pupus ora bakal tau kedadeyan tumrapmu. Korine  ya mung awakmu priyangga
621.Elinga kowe aja nganti kilut, nge-hakimi awakmu dhewe, kanthi mawantu-wantu nyalahake dhirimu pribadhi sakcara kebablasen. nganti ora nduweni semangat,  ora nduweni jiwa pikiran kang nyemangati kanggo urip.
622.Apa kudu mbok apura awakmu dhewe  kanthi kebak ing  katresnan, murih dadi becik, sabanjure janji   setya  kanggo nduweni tekad  ngowahi dhirimu..
623. Ora ana kesalahan kang disemenekake lamun kowe tumiba  kerem ing dhasaring panguripan lan tetep anteng  kerem ing dhasaring kegagalan, tanpa kupiya obah, supaya muncul ing mukaning penguripan.
624.Kekeliruan lan getun pancen sawijining  beban.  Yen mbok gawa ing jroning atimu, tansah wae eling bab tanggungan beban, banjur usaha nyalahake kowe, iku ateges ora rila. Yen ora mbok gawa  menyang ing atimu, lan mbok gawa sakcara tulus iklas lan pasrah ing jeroning jiwa pikiranmu kowe bakal dhamai  lan tentrem.. mung kari kowe dhewe kanggo nglunasi utangmu srana cipta, rasa lan karya nyata kang tanpa beban.
625.Kabeh gumantung kowe, lan mapanake  kabeh iku ing atimu ? Yen mbok gawa kanthi tangis, sing tegese kowe nampa kanthi sedhih,  kowe kurang rila lan pasrah utawa tulus iklas kanthi gumolonging ati. Yen mbok gawa srana ketulusan, tegese banjur mili keelokan sarta katetreman  ing jeroning jiwamu. Dadi sakabehe gumantung marang kowe dhewe.

Oase Satguru :
“Aja wedi salah kanggo tumindak,  sebab kesalahan iku ndadekake cakrawala tumrapmu kang luwih jembar kanggo tumindak kang bener”



DONYA IKU UGA SWARGA



626.Kawula mbukak korining  jiwamu sak jembar-jembare, kanthi ati kang wening nampa pepinginan dzat, sifat lan wujud-E.
627.Pisungsungna ruh, jiwa lan ragamu  marang Gusti sakcara total lan ora tanggung-tanggung.
628.Siap-siaga nresnani Gusti, tetepa teguh, lan nduwenana pendhirian  ing asmane Gusti, yen kowe diuji sepira gedhening kasetyanmu tumrap piyambake.. Yen mbok wutahake isining wadhukmu, nganti mripatmu ngetokake getih, balungmu diremuk lan kaputung-putung nganti kringetmu netesake getih tetepa nresnani Gusti kanthi gumolonging atimu. Arepa kowe nganti remuk-rempu, tansaha atur puji marang Gusti. Percoyoa, ing jerone sengsaramu, ana kebahagiaan langgeng kang isih winadi, ya saka kono swraga ana ing korining jiwamu bakal kabukak jembar maringi langit-langiting kaswargan  kagungan-E.
629.Swarga bakal njeblugake ruh, jiwa, raga kanthi semburan  cahya malaikat kaswargan murih nggoyahake keyakinanmu kang teguh, “Kowe ora miris, kayadene watu karang diterjang dening ombak ewonan  tahun tetepa ngadeg ngluhurake asmane Gusti”. Swarga ndadekake paru-parumu gairah kanggo ngidungake napas katresnan “Kayadene pertapa kang lagi  samadi ing gua kang peteng ndhedet lelimengan tanpa ana pandeleng”
630.Delengen kowe saiki, apa kowe wis bisa nikmati donya kayadene swarga. Yen kepingin, ajaken jiwamu njelajahi kanthi kebak kekendelan ing alam kesadharan paling dhuwur ana ing ruhmu. Ruhmu bakal jungkir balik njoget, pidakaning sikile ruhmu supaya tetep teguh ngadeg jejeg. Jiwamu bakal pontang-panting ngupaya pangerten, teges sarta tujuaning uripmu. “Sapa ta Gusti iku ?” “Apa pancen bener ana ?” Kowe bakal mangerteni dhewe nganggo pandelenganmu pribadhi, ora mung karana wewarah warisan saka para leluhurmu.
631.Ruh tanganmu bakal ngrasakake nggegem dhamparing swarga Geger pangerten ruhmu bakal ngrasa  sendheyan kursining swarga Gusti lan ruhmu wis ora ngenal pandhangan wuta, sebab biyen  ruhmu kebak ing gejolak rasa saka keteleran jiwa nganti risih keprungu, banjur kerem ing pengane-angen  kang ora cepet-cepet diwedharake
632.”Delengan kaswargan ! Awakmu bisa uga dadi swarga. Delengen neraka ! Awakmu bis uga dadi neraka kang sakbenere”
633.Awakmu bisa dadi swarga utawa neraka gumantung dhirimu anggone mapanake jroning  mangerteni kasangsaran. Bisa wae kowe tledhor kebak rasa ringkihing jiwamu.  Kowe bakal ngenal sengsara kang  kebak tangisan, saka tangisan dadi kasangsaran,  saka kasangsaran dadi pengerten apes, sial, kesedhihan ora tau leren, ora ana tandhigane tur terus-terusan. Wusanane tansaya ngedohake pangerten Gusti jeroning awakmu lan babarpisan ora tahan karo apa wae kang ana gandheng cenenge karo kaswargan.
634.Ora tahan karo sakabehing kang ngganda wewangian  surgawi, bakal ndadekake tledhor nganti tumindak sakkepenake dhewe kanthi kebak ing pepeteng, kebak kejahatan, tumanem ing jiwamu lan wusanane tumungkul ing neraka jahanam. Ya iki wujuding neraka “Kenapa ora ?”Kanyatan  kowe bisa mbangun  alam neraka ing jeroning ruh, jiwa, lan ragamu  percoyoa
635. Rangkulen kasangsaran kanthi kebak rasa  kesadharan jiwa. Ya iki kang mbok pilih. Kebahagiaan kang sinelip ing kasangsaran bakal tuwuh ing  jiwamu, nganti kowe ngalami pencerahan lan kebahagiaan kang ora winates.
636.Kasangsaran mujudake prastawa nyedhihake. Kowe bakal nikmati, padha karo ka-elokaning swarga ing kasangsaran. Lamun  kowe tledhor lan ora waspada, kowe bakal gagal lan  kaciren nasib sial. Eling lan waspada lan pasrahna kanthi tulus iklas, tangia kanthi ketulusan jiwa kanggo nampa sakabehing bab kanthi  esem rokhanining Gusti.
637.Kowe bakal sadhar sakwutuhe. Kowe bakal  wani nglirik kanthi caramu, lamun sakabehing prastawa kang dialami kabungkus jeroning kasangsaran jiwa lan raga bakal akeh mutiara kaswargan, mutiaraning Gusti kang besuk yen kowe  entuk, kowe bakal sugih sih katresnan dalem Gusti  saklawase. Kabeh iku kena disebut yen kowe kupiya handarbeni tanpa rasa tledhor. Tetep mesem ngrasakake kasangsaran. Nikmatana, mula kowe bakal weruh korining kaswargan.
638.”Renungna! kowe bisa dadi korining swarga kanggo umat manungsa!”

Oase  Satguru :
”Uripmu ing bumi iki bisa mbok rasakake kebahagiaan swarga  utawa uripmu bisa mbok rasakake kasangsaran neraka gumantung pribadhimu anggone  ngupayakake”



KODRAT, WIWITAN KEPUTUSANMU.


639. Gusti wis nggarisake uripmu Menyang ngendi wae paranmu, sabanjure keputusanmu lan resiko becik-ala-mu tanggung-jawabmu”

640. Hai kowe, jiwa  kang lagi sepi, coba rungokna bisikan atimu! Jiwa-jiwa penasaran, aja  di-mengangahake mawa emosimu mung karana ora mangertimu. Leremna jiwamu, pesthekna langkahmu, murih pemahamanmu, aja ngeyel.
641.Lamun  mbok ramekake jiwamu, ramekna jiwa-jiwa umat manungsa  kang lagi sepi tanpa pengarep-arep kanthi kebak esem  kedhamaian, sauger ramening  jiwamu ora nganti natoni jiwa-jiwane, saengga ndadekake  rasa sedhih, kuciwa, lan kebak rasa getun.
642.Kodrat, pinangkane saka Gusti kang kapasrahake sakwutuhe marang insan manungsa kang bebas sawutuhe ngelola kodrate. Hasil keputusan wis mesthi ana resikone, embuh becik apa ala, yaiku kang sinebut kodrat.
643.Aja nganti Gusti mbok udhokake dadi alasan konyol tumrap egomu,.sebab kowe  ora bisa mahami apa  kang katitahake. Gusti tetep Gusti sakwernaning Maha. Gusti Maha ing sakabehe lan Hyang Maha Tunggal kang  ora ana tandhinge, aja nganti dadi alesan konyol ngenani kodrat lan garising pepesthen. Elinga pitembungan Kawula  “Sadurunge kowe nyuwun, Gusti wis maringi. Pahamana !”
644.Tegakna putusanmu kebak ing ketegaran kayadene watu padhas kang diterjang dening ombak. Arepa, kebak bolong-bolong ing badane.  Arepa dikikis nanging tetep  tegar sujud ing sak pangrehing rancangane Gusti tanpa duwe rasa getun keduwung.
645.Tatumu, rasa senengmu, katresnanmu mujudake hasiling keputusanmu. Kowe krungkep, lan kasilep ing pepeteng urip, kang kebak kesialan,  karana keputusanmu. Kowe kaangkat ing kedhamaian lan kesejahteraan   dikantheni ketulusan suci lan keikhlasan jiwa bakal ngrasakake urip ing swarga, arepa isih ana ing bumi uga saka hasiling keputusanmu .
646.Sakabehing putusan mbuahake resiko becik apa ala. Arepa resiko kang becik bakal ndadekake insan manungsa ketungkul ka-ugung, nanging tetep ana resiko alane.
647. Biasane  resiko alane kang mung sethithik, ora digagas lan ora digatekake nganggo rasa. Mangkono uga kanggone resiko sak-ala-alane, wis mesti ana ora ketang sethithik becike, mung wae biasane ora dirasakake.Sethithikng resiko becik apa ala, gumantung marang kepriye  kowe anggone mapanake  rasa jiwa pikiranmu.Yen kang mbok gatekake rasa ala, rasamu bakal mbuahake  resiko-resiko ala wae, lan resiko becike dipinggirake nganti ora rinasa ing jiwa pikiran, mengkono uga kosok baline.
648.Mula kowe kudu ngati-ati kanggo mutusake. Upayakna nekakake resiko becik sak akeh-akehe,   sarta mung sethithik  resiko  alane. Resiko ala saka sawijining putusan minangka wadal utawa pengorbanan . Supaya mbuahke resiko becik, kudu ana kang dikorbanake.Tanpa ana bukti pengorbanan, resiko becik ora bakal kadadeyan. Perlu diuningani., resiko alamu mujudake pengorbanan kang maujud, kang kudu dipahami kanggo tumeka  ing keberhasilan Dadi kowe aja ketungkul marang resiko ala, yen kowe isih kepingin kasil nganti tumeka kodrat kang mbok pengini.
649.Keputusan “Ya” apa “Ora” kanggo nindakake sawijining   panggawe, nduweni oyot kang cawang-cawang, kang  cacahe akeh banget  kebak resiko becik lan ala . Oyot kang cabang disebut srana “hukum sebab akibat” lan bakal mbuahake kodratmu. Logikane, lamun ana sebab, wis  mesthi ana akibat Yen ana akibat, wis mesthi ana sebabe.
“Hayatana tembung Kawula”
Oase  Satguru :
“Kodrat, nasib, lan takdir mujudake woh utawa opah  pilihan kita. Dadi kodrat, nasib, lan takdir gumantung ana ing kita. Gusti mung paring titah marang kita. Titah iku ana ing kita  disebabake dening sebab akibat tingkah polah kita kang sakwutuhe gumantung anggon kita milih, nduweni tanggung-jawab apa ora”



TITAH URIP.

650.Kawula lenggangake donyamu, sakngisoring atimu kang  sangsara.

Kadhang alon nanging mesthi, langitmu martakake pesen kasedhihan liwat samberan bledheg  keperihane, lan mendhungake nurani mega kalbumu. Banjur langit atimu tumuli nangis karana  seneng.
651.Langiting atimu ngluntakake tangis kanggo martakake menyang bumi bab kebahagiaan  donya. Arepa diwiwiti kanthi ke-hancuran sethithik, nanging bakal karampungan dening  kebahagiaan kang rinonce kanggo umat sakdonya.
652.Tangismu alon nanging mesthi nguripake lan nyemangati hasil saka  dhedheran sangsara katresnan tumrap donyamu. Jagat donyamu ngluntakake prastawa penguripan sangsara kanthi ngidungake  penguripan kanggo kang wis mati, nanging kepingin urip lan kanggo kang urip nanging kepingin luwih nyesep  panguripan.
653.Langiting swarga nggambarake sengsaramu Langit nguji kowe srana kidung katresnann-E, mbanjiri bumi kang mbok tresnani. Ngosak-asik tetuwuhan srana sumiyuting katresnan-E.. Ngrubuhake omahmu kang endah kanthi jumleguring kumandhang katresnan-E… sinambi ngendika kanthi sora,
654..“Sing sabar!”
655.”Nduwenana jiwa besar!”
656.”Padha tresna-tinresnana!”
657.”Sing padha pasrah!”
658.Wengkonana sakabehing mau srana “Ketulusan sakwutuhe!
659.Langiting kswargan wis ngajari tumrap kowe kasangsaran kang ngasilake katresnan jati. Langit uga ngajarake marang kowe makna sawijining kasangsaran lan kasangsaran kang ngrengkuh kowe  jroning mangerteni  makna sawijining sesengit, dendham, kemeren, kasangsaran, lan  cemburu jeroning urip yen kowe gagal marang penguripamu utawa  paling ora yen kowe mlayu saka tanggung-jawabmu ing kasangsaran.
660.”Tumrapmu!” sakabehing kenangan  kang mbok elingi jroning memori kasangsaran lan pendheritaan, saiki wis dadi gumpalan wutuh ing utek sirahmu, menawa sagepok  kasangsaran wektu kepungkur, sangsara kang mbok alami mujudake titahe Gusti  kang ora bisa diselaki.
661.Tantangen kanthi kebak ing  kekendelan kasangsaraning uripmu kanthi kebak ing esem budi guyonanmu. Lumaten mangsa ketindhesanmu  kang tansah ngliwati demensi papan lan wektu kanthi kebak rasa senenging ati.
662. “Leremna atimu saka  ing  rasa   kesel marang eri kang ngganjel ing proses  uripmu”
663. Apa wis mbok rasakake lamun  prastawa kang tumanduk marang awakmu, dudu ganjelan, nanging kunci keberhasilanmu.
664.Lamun kowe ora ana ing prastawa uripmu, kowe bakal nampa bebendhu ing  jroning uripmu lan ora mungkin bisa mateng jroning urip. Lamun ane kowe  luwih makantar-kantar, kowe bakal bisa  nyimpulake, sugeng rawuh marang sakabehing urip.
665.Gusti manjilma jroning kegelisahan uripmu.Lamun kowe ora nantang  jiwamu kanthi sikap prawira lan kowe endho saka prastwa perihmu, mesthi kowe dadi sawijining pengecut tumrap uripmu. Kasimpulake ateges awakmu gagal nglakoni urip.
666.Urip,pinangka titah dalem Gusti. Sakabehing prastawa uripmu diatur dening Piyambake. Dadi kowe kudu tanggap.Angele kaya ngapa tumrap uripmu, iku pinangka titah dalem Gusti.
667. Ya….! Urip iki pinangka titah dalem Gusti. Dadi aja nganti kowe nggawe kuciwane Gusti.Yen nganti  kowe nggawe kuciwa tumrap penggalihe, wis mesthi uripmu tansaya  mosak-masik lan dioyak dening dosa-dosa  getun-keduwungmu.
668.Lamun saka sakabehe iku mbok rungu, mbok pahami, sakwise iku mbok hayati, banjur mbok amalake…..tegese, kowe wis nduweni kunci kanggo ngatasi keruwetaning uripmu. Sedulurku, rahayu  kanggo kang  gelem ngrungokake, lan percaya banjur nglakoni.
669.Takokna marang sanubarimu, lamun keruwetning  uripmu amarga  kesalahanmu, aja nyalahake wong liya. Apa kowe sanggup, ngandhakae samubarang thethek-bengek kegagalanmu kang ndadekake kowe lara, kuciwa, lan sedhih ngrintih dudu kesalahanmu, nanging kesalahane wong liya?
“Rungokna … 5 perkara kang Kawula tampa saka langiting kaswargan iki”
671.”Tulus iklasa nglakoni titah dalem Gusti ing jeroning uripmu kanthi sakabehing wadhag, jiwa lan ruhmu”.
672.”Rila pasrahna  sakabehing prastawa kang ana ing penguripanmu kanthi kebak ing tanggung-jawab”
673.Tampanen kanthi apa anane  sakabehing prastawa uripmu.Aja dadi pengecut utawa mlayu saka prastawa uripmu”
674.Janji lan  sumpah setya tanpa dibotboti kanthi rela  lan tulus ikl
as”
675.Kuatna prastawa uripmu  kanthi kebkak ing katresnan utawa budi luhur
676.Lamun kowe tulus klas.  Rila lan pasrah  sarta nampa apa anane kanthi kebak ing rasa tanggung jawab, sakabehing prastawa uripmu dudu taggungan kang abot dan dudu  masalah. Kabeh gumantung marang kowe dhewe kanggo setya utawa ora luhur.
677.Percoyoa!” Gagal apa ora , ana ing taganmu, lakonana pitutur Kawula!. Kowe bakal ngrasakake swarga ing bumi iki”

Oase SatGuru 
Kita urip ing donya iki sadrema nglakoni dhawuh dalem Gusti, mula sakabehing prastawa  mujudake dhawuh  utawa tanggung jawab kang kudu mbok rampungkake”




RANCANGAN DALEM GUSTI IKU BECIK KAHANENE SETUJU !

678.Gusti ora bakal negakake kowe. Yen kesadharanmu  tinarbuka ing jeroning  pirantining inderamu wadhamu.

679.Jar-na atimu ndeleng keelokan  gemerlape cahyaning Gusti, supaya Gusti nyabda  jiwamu kanggo  dadi katresnan penggalihe
680. Kareben tutukmu ambengok sora,. muliakake Gusti rina-wengi, supaya cahyaning Gusti lenggah  tentrem ing jiwamu.
681. Jarna kulit, balung ngrasakake lan negakake  katresnan dalem Gusti, arepa kulitmu kebakk tatu  dening kasangsaran lan balungmu  remuk rempu kebaking kapedhihan.
682.Aturna jiwamu ing sadhengah wektu  tanpa winates ngaturake pepujian ndadekake dhamparing kratone dalem  Gusti  ing atimu, arepa jiwamu hancur luluh ing ing telenging penggalih, kaya dene lilin kang kepanasen.
683. Kareben jantungmu teluk marang Gusti, nganti dhetak jantungmu mu dadi banter,   ngumandhangake lonceng jiwa-pikiran ruh-ruh kang sengsara lan ngelak  bab keelokane Gusti, nganti jantungmu mandheg kanggo ngeneni keagungane Gusti.
684.Jarna sakabehing wadhagmu setya sejati, tulus iklas, lan rila pasrah ngganeppi sakabehing rancangan-E.
685. Gusti ora bakal negakake rumrapmu………….
686.Kawula kandha mrang kowe, hai jiwa-jiwa kang kebak ing kelengketan  kadonyan. Keserakahanmu ndadekake tamak  kang karencana ing sekabehing penguripanmu. Rancanganmu kebak ing nafsu pepinginan.Wusanane nafsumu dadi gagal lan kowe banjur getun,  nyengiti marang Gusti. Pancen kowe duwe rancangah kang akeh, nganti kupiya supaya Gusti  nuruti kekarepanmu, nanging Gusti kagungan rencana liya kang becik tumrapmu.Aja tamak lan serakah.Aja nganti awakmu diperbudhak dening hawa nafsu kadonyanmu.
“Elinga marang Kawula”.
687.Gusti wis kagungan rancangan tumrapmu, lan kowe aja ngegrendheti rancangane Gusti.  Lamun cahyaning Gusti mbok reridu, kowe bakal nemoni kegagalan  wusaanane kuciwa. Siap-siapa tansah tulus iklas marang uripmu. Urip mono mung sakdrema nindakake dhawuhing Gusti.
“Kawula  ngelingkae kowe”
688.Kowe rak wis prajanji marang panjenengane Gusti.   Buktine kowe   bisa urip kanthi sekabehing wadhagmu.   Elinga nalika isih ana ing kandhutane ibumu, nalika cahyaning Gusti tumurun marang kowe, mbok jawab “Enjih” kanggo nglakoni penebusan sakehing dosa-dosamu kanthi tumurun ing alam donya.
Oase SatGuru :
Eleka kaya ngapa prastawa kang ora  maremake tumrapmu, iku mujudake rancangane Gusti, supaya uripmu tansaha becik


UPAYANEN BANDHA KASWARGAN.

689. Rahayu wong kang mlarat ing ngarsane Gusti, sebab dheweke kang nduweni kratoning swarga. Upayanen bandha ing kaswargan  pinangka  syarat kowe bali marang piyambak-E. Klumpukna bandha ing kaswargan sarana:

690.Tansaha Sugih  ati kang lembah manah
691.Tansaha sugih rasa  kebak sopan-santun.
692. Tnasaha p[asrah kanthi rila  legawa.
693.Tansaha sugih ingketulus-iklsan.
694.Tansaha bisa nampa  kanyatan  urip  kanthi gumolonging ati.
695.Tansaha sugih ing kesabaran.
696.Tansaha tabah ing kesusahan.
697.Tansaha rumangsa sugih nalika nandhang luwe.
698. ansha sugih kemurahan  ati.
699.Tansaha sugihh  ati kang suci
700.Tansaha sugih ing kedhamaian
701.Rumangsoa sugih yen lagi nampa cecamah, aniaya, fitnam lll.
702.Bandha ing kswargan ora bakal bisa ndadekake ruhmu sirna, arepa  kowe gampang kena bilai.
703.Yen kowe kagilut katut marang bandha kadonyan, kowe bakal mlarat bandha kaswargan, lan tundhone kowe bakal ora  nduweni mutiaraning  katresnan  langgeng.
704.”Upayanen Gusti, upayanen kaswargan serokna kumadhanging para malaikat pengyaom ing kaswargan, nyanyekna pepujian rina-wengi”
705.Kelemah-lembutan-E bakal miara  jiwa-pikiran  lan ruhmu supaya tetep teguh marang  apa kang wis kajanjekak-E
707. “Cahyaning Gusti ora tau lren”
708.”Cahyaning Gusti tumurun ing donya  wis mesthi ana pesen utawa tugas. Wis mesthi  pesen iku paring pepesthen tumrap sepira gedhening katresanmu marang Gusti  !”
Oase SatGuru 
“Kumpulna lan gayuhen bandhamu ing swarga, aja ing bumi, sebab bandhamu ing swarga ora bakal ilang saklawase-lawase”


KASENGAN KANG SEJATI


Uripa kanthi kesadharan Ruhmu.

Mung tekan semono anggonmu nuruti pepinginan wadhag jasmanimu. tansaha eling lamun pepinginaning wadhag jasmnaimu total kosokbalen karo pepinginan  rokhmu..
Percoyoa……!”
Kasenengan kang sejati dipimpin dening Ruh, dudu wadhag jasmanimu…Sebab apa kang dituduhake dening  wadhag jasmanimu iku kaiket dening zat-zat kadonyan kang semu lan ora nyata .Lamun  kasenengan kaiket dening zat kadonyan mesthi wae ora bakal katampa dening Gusti ana kaswargan.,.yen besuk kowe bali sowan Gusti ,kudu mbok tinggalake tanpa  sisa.
712.Yen kebahgiaan iku kapimpin dening ruh-mu, kowe  bakal nuju menyang bejana kasampurnan urip. langgeng .Jiwamu bakal tentrem lan dahmai. Beban-beban kuwajiban abot kang mbok tanggung sajeronig uripmu wis,ora dadi masalahmu.
713.Percoyoa yen kowe kapimpin dening ruhmu.
714.Usaho kaya Kawula, ngudi kasenanengan   nganggo dasar  kesa -dharan ruh.
715. Tutna Kawula..Kowe bakal antuk pituwas rokhaimu, yaiku sih katresnan, kasenengan, damai, sejahtera, sabaran, kemurahan, kebbecikan, ketulusan, keikhlasan, keriloan, kepasrahan, kasetyan, kelemah-lembuatn, kadewasan sarta pengendalian diri.
“Percoyoa…..”
716.Yen kowe isih ngiket  jasmanimu nganggo pepinginan-pepe nginan hawa nafsu, jiwa pikiranmu lan mbok rasakake seneng, wis mesthi iku  kasenengean semu kang senyawa karo kepuasan-kepuasan hawa nafsu.
717.Delengen, kanthi sakabehing jiwamu, yen wadhag jasmanimu isih kaiket dening kepuasan kadonyan , wisv mesthi kowe ora bakal mangerti lan ora mangerti apa kang dimaksud teges ing kesenengn kang sejati, Pikiranmu bakal sundal, lamun mata atimu bakal wuta sinumpel hwa nafsu kadonyan. Pancandriya kesadharan wadhag jasmanimu bakal ngererepa ing ngarepmu nganti kowe ketagihan dening kepuasan hawa nafsu.
718. Kanggo mangerti lan mahami tegesing kesenengan, hawa nafsu kudu mangerti bab rasa, yaiku rasa  seneng lan ora seneng, rasa enak karo ora enak, rasa gelisah lan ora gelisah, rasa wedi lan ora wedi lll.
719.Pannggawemu  mbok  tindakake miturut pepinginan –pepinginan hawa nafsumu nganti mbok tanggapi kanthi rasa   seneng lan nyaman kang munculake pambiji kang cocok karo rasa atimu wektu iku. Yen mbok rasa kanthi nyaman lan terus-terusan, koe bakal dadi budhak kepuasan hawa nafsu.kadonyan
720.Apa kowe tau ketagihan main judhi? Ketagihan alkohol? Ketagihan gawe lara atining sasama ?  Utawa ketagihan muasake hawa nafsu biologismu? Ketagihan nyolong, ketagihan mateni lsp.? Delengen conto-conto kasebut, Kowe terkadhang rumangsa seneng,, nyaman, bahagia, marem saat iku.  Nanging kepuasanmu mung kepuasan sesaat, lan mujudake pelarian  saka ke-ora nyataanmu.. Yen kowe rumanga  kesel mlayu lan nglampiasake  mbanjur  ndadekake kowe gelisah, susah, sedhih lan ora  tentrem. Saat iku muncul  bakal nindakake tindakan semu maneh. Banjur kapan kowe bakal nduweni kesadharan kanggo lepas saka kesemuan urip iku.
721.”Apa kowe  kudu tansah mlayu lan nglapiasake tanpa ngaggo leren nindakake kesenengan  lan kemaremanig wadhag iku ?
722.Yen  kowe terus-terusan ngudi marang kepuasane jasmani lan iku mbok rasakake nyaman nindakake , bakal dadi wong congkak, sombong, gila hormat utawa kegedhen harga dhirimu. Tegese iku diudu kesenengan , kowe salah persepsi. “Tegese kowe  bodho yen ta iku mbok anggep kesenengan”.
Oase satGuru ;
“Pribadhi sejati  jroning uripmu yaiku ruhmu, jiwa pikiran lan wadhagmu hamung media ing bumi, jasad sifate sauntara ora langgeng

UTANG PIUTANG LAN SEDHEKAH.



Renungna pangerten rokhani ngenani utang-piutng lan sedhekah iki.Kawula bakal martakake marang kowe supaya besuke kowe bisa lumebu ing kratoning swarga.

723. Hukum sebab-akibat kudu mbok pahami lan mbok mangerteni, sebab ya saka ing kono  kowe bakal ngenei kedhamaian lan katentreman ing bumi kayadene ing swarga.
724.Coba mangertenana paribasan ranting uwit kang ora ngetokake woh, yen dipotong bakal ngetokake ranting kang akeh lan ngetokake woh kang akeh. Mangertia ing uripmu ranting iku dhirimu, lan woh iku kang, mbok hasilake pinangka tujuaning uripmu.
725.Yen kowe ora ngetokake woh kasih, kowe bakal kabuang  metu saka kedhamaian lan wusanane godhongmu alum  lan carang-carange gampang putung, sabanjure dikumpulake dening pepadhamu lan dibuang  dadi areng utawa kayu bakar kangggo geni masak.
726.Ngetokna woh sing akeh, rawaten carang-penguripanmu  saka sakabehing  kang metu saka  solah-tingkahmu. Saka ing kono kowe bakal ngeneni  hasiling uripmu.
727.Yen kowe wis ngasilake woh kang akeh, wenehna makna sarta tegesing woh. Saka ing kono bakal mangerti ngenani
bagi-bagi marang sapepadhamu kang mbutuhake hasilning jerih-payamu. Iku wujuding tebar kasiih tumrap sesama.
728.Yen kowe nresnani Gustimu, aja nganti mbok tikel-tekukake niat budi kabecikanmu nganti direkayasa kang ngrusak  kabecikan budimu.
729.Aja nganti atimu mbok regeti kanthi rekayasa petungan marang apa wae kang wis mbok wenehake marang sapepadhamu kang mbtuhake wohmu.,, sebab yen mbok petung apa kang mbok wenehak, kowe uga bakal kabiji dening Gusti jumbuh lamun iku ora jumbuh karo kersane Gusti.Banjur  kepriye kedadeyane, saupama pangawemu becik lan ala dicathet dening Gusti kanthi apa anane,, wis mesthi bakal akeh biji alane tinimbang becike.tumrapmu.
730.Sadurunge kowe katitahake ing bumi, kowe wis duwe utang tumrap Gusti.lan utang iku kudu mbok lunasi krana sakabehing niat atimu kang becik.mangkono uga yen duwe utang ana ing bumi ugak kudu enggal diluasni, supaya samangsa-mangsa ditimbali Gusti,wis ora ana maneh tanggungan utangmu.
731.Lamun sasuwene urip ing donya kowe nduweni utantg.,rampungna sakcepet-cepete, yen mbok rampungake srana cepet., ateges kowe mangerti  bab resiko tembe mbruri rekasa ngarep, kepenak mburi iku kang kdu mbok pahami.
732.Yen anggonmu ngrampunngake utang srana ngulur-ulur wektu tegese kowe nandur  carang-carang nganti ngetokake woh kepara saya angel anggone mberesake…Mulane yen kowe duwe utang, cepet-_epet  beresna, sebaba iku kudu karampungake, ora kena ditinggal mlayu  saka  tanggungan utang-piutang kang kudu  dilnuasi.
733.Nduwenana jiwa besar, kayadene sifate Gusti  Kang Maha Pengasih sarta Penyayang.. Katresnane Gusti, ora ngetung utang-utangmu, kejaba petungan kaya  kang wis mbok sanggupi.
734.Yen kowe wis mupakaat srana keputusanmu bakal nyilihake  sawijining hasil saka jerih-payahnu tumrap pepadhamu kang,mbutuhake, aja mbok arep-arep baline, sebab yen wis mujudake keputusan kudu siap resiko kang ana, yaiku  ora baline hasil jerih payah wohing pakartinira
735.Kowe selaku kang menehi utang, kudu nganggep yen jerih payahmu karana keputusan ati kanggo sedhekah adoh saka kekhawatiran  lan rasakuciwa, kang poungkasane ndadekake  kowe bener-bener  etung anggaonmu adol wohing pakartimu.
736.Gusti bakal paring  berkat sarta berkah surgawi marang kowe, lamun kowe tetulung marang sapepadhamu kang lagi ngadhepi masalah, arepa sejattine kowe dhewe uga  duwe masalah.
737.Wani nulung pepadhamiuu kang  arepa kowe uga lagi kekurangan, mujudake keputusan kanggo sengsara murih kebahagiaan pepadamu Iki wujuding katresnan dalem Gusti,  Ya ing kono kowe bakal nampa pituwas ing kraton swarga mbesuke.
738.Aja kowe nganggep utang budi kabayar ngango budi, utang dhuwit dibayar nganggo dhuwit, nanging anggepen budi becik pinangka nulad marang sih katresnan dalem Gusti
Dene kang wis diwenehakke marang pepadhane dhewe, iku karana kita mung dadii pantara  lumarape sih katresnan dalem Gusti, mula aja dietung  utang,,naning dianggep sedhekah kita, tumrap sesama.
739.Weningna pikiranmu, aja mbok peksakake awakmu,  yen kahanamu isi kuwur, amarga nglunasi utang kudu sarana pikiran kang ening, sarta ati kang resik. Kanthi mengono utang bisa kalunasi kanthi becik. Apa kang kanthi kepeksa, ora becik kedadeyne, ganepana srana gumbiraning ati
740.Aja nikelake gedening bunga pinjaman, iku teges kowe nglecehake berkah kang saka piyambak-E. Elinga yen kaya mangkono, Gusti uga bakal nikel-tekukake utangmu marang piyambake.,
741.Lamun kowe menehi bunga  pinjaman, jumbuhna karo kanahan lan kondisine wong kang nyilih dhuwit marang kowe. Yen bab iku ora mbok leksnanake padha wae kowe malah nekak, milara kepara maatenisrana lon-lonan. Kamangka ppenggawe kaya mangkono iku malah luwih kejem tinimbang mateni barar pisan.
742. Lamun kowe nganake bunga tumrap utange wong marang kowe dhasarana kanthi kebecikan budi.Dadekna bab iku mung murih dheweke duwe sikap tanggung-jawab..Lamun dheweke ora mampu, wenehana pengentheng-entheng  bungane,  gumantung marang pertimbangan mu dhewe.Tujuane aja nganti kepara malah nindhes, milara sarta  nyiksa, kepara malah ndadekake dheweke alara nganti tmeka ing pati.
743.Tumrape kang njilih dhuwit, nduwenana tanggung-jawab tumrap keputusanmu. Yen wis mbok kanmdhakake ‘ya” maranng keputusanmu, ateges kowe  kudu nanggung. Mula kupiyoa kanthi kebak tekad lan niat sarta ketulusan ati kango mberesi tanggung-jawabmu.
744. Utangmu aja nganti dadi beban tumrap uripmu sebab bab iku wis dadi keputusanmu lan kudu mbok rampungake srana sakabehing usahamu. Gusti wis paring berkah tumrapmu awujud cipta,rasa lan karsa supaya kowe bisa mikir lan kerja-keras.
745.Kowe aja mlayu saka tanggung-jawabmu pinangka kang nyilih dhuwit.Hukum sebab-akibat tetop lumaku ing kowe. Aja nganti utangmu mbok gawa mati. Rampngna dhisik uutangmusuwene kowe isih urip.Aja sesambat, sebab pasambat ora ana gunane., bab iku wis  dadi putusanmu ing wektu kepungkur.
746.Pertimbangna atas  sakabehing  putusanmu, srana ati kang  wening.
747.Saakjujure, Gusti  ora marengake kowe  kagubet ing utang-piutang..nanging gandheng bab iku wis dadi kebiasaanmu urip ing donya, mula Gusti Alah banjur paring hukum sebab-akibat tumrap kowe kabeh..Sapa kang nyebar wiji, bakal ngeneni.
748. Renungna aapa kakng dadi kebiasaanmu ing alam-donya.Sapa sing nyebar wiji ing sak nduwuring watu-watu, mung sethithik kang tuumibba ing lemah,mula sing dipaneni uga mung sethhithik.Mangkono uga  sing nyebar ing lemah cengkat mung sethihtikk utawa malah ora panen.Dene kang nyebare tumiba ing lemah .subur bakal akeh panenane.  Dadi kabeh-kabeh mau gumantung marang kepututsaning uripmu dhewe.
749. Sedhekaha marang yatim piatu, kanggo par randha, sarta  wong kang ora nduwe.Aja mbok iket lan rekaysa dheweke ing etungan bunga berbunga yen kowe ora kepengin dinajisake dening sapepadhmu sarta dening Gustimu.

RINA LAN WENGI


Payo padha mahami sih katresnan dalem Gusti ing arrca-pada iki, supaya kowe  antuk urip langgeng ing kratoning swaga.

750.Tansaha  jaga-jaga lan ndedonga ing wayah bengi supaya kowe  anntuk kekuatan lan luput saka sakabehing piala  kang bakal dumadi ing wayah rinane, nganti kowe tinimbalan bali ing pangayunan-E.
751.Gusti Alah wis paring tandha-tandha penguripan ing srengengee, rembuuan, lan lintang kangmbedakake antarne rina lan wengi, aapadene padhang lan peteng.
752.Kowe ora bakal cilaka, lamun  kowe kebak gemmerlape cahyaning Gusti.Padhange ing wayah rina bakal katon cetha  lan kowe bisa nyumurpi tanpa ndadekake wuta tumrap mat-atimu, dene yen wayah bengi  kahanane peteng, nanging kowe  tetp bidsa ndeleng awakmu nyumurupi petenging wengi.
753.Aja mbok dadekake wengimu pinangka keweden, nanging dadekna kekendelan jroning ngrenung sakabehig tindakanmu ing wayah rina., lan wani ngaturkae panuwun lan ngagungake asmane Gusti.
754. Awakmu wis kaparingan wengi pinangka perwujudan  komunikasimu tumrap Gusti, nalika  kowe dedonga,  ngaturake panuwun lan ngagungake asmane Gusti, ngaturakake apa kang wis katindakake ing wektu rinane.
755. Wenngimu mujudake anugrah katresane Gusti tanpa winattes, karana ing wektu bengi, wektumu  bali menyang pangaynain Gusti nalika turu kepati,tanpa ana kesadharan.
756Turumu ing wektu bengi pinangka matimu selagine urip.Mati mujudake paya bali menyangpangayunaen, dene turu,  prastawa matine  wadhag lan jiwa, dene pikiranmu isih urip.
757.Wengimu  mujudake kuasa Allah, kanggo mbangu kekendelanmu  nglawan keweden, rasa khawatir, lan rasa kuciwa sarta was-was sakabehing penguripan kang ora langgeng, sebab wengimu pinangka pencerahan sakabehing kuasa  sarta kamulyaning Gusti.
758.Kowe kaparingan wektu bengi kanggo ngolah pirantining rokhanimu.,ngenal rokahnining  Gusti. Allah, penciptamu. Sakjatine Gusti paring anugrah kesadharn diri tumrap kowe, supaya kowe bisa nemokake  kesejatianmu, yaiku ruh sejatimu Lamun kowe nemokake pribadhi  sejatimu, wengimu dadi wengi kekuatan lan keteguhan kanggo ngentukake keselarasan urip ing tembe mburi.
759.Waspodoa in wayah bengi, ing kono sering pinangka ketledoranmu  gampang disesatake dening iblis utawa setan sarta keturunanne. . Yen kowe ora tledhor tansah siyaga ing wektu bengi kang sepi sarta peteng, kowe bakal nampa kekuatan lan kuasa saka swarga, lan kowe bakal nyumurupi lan ngrasakake  rina lan wengimu ora wedi marang samubarang lir.
760.Srengenge madhangi sakabehing panggawe sarta  tingkah-lakumu   ing wektu  rinane, supaya ora kesandung  ing pepati
761.Srengenge paring tandha anugrahe Gusti ing  ufuk wetan ngelingak marang  kowe  kudutansaha  siyaga lan njaga .kawaspadan  saka ketledhoranmu, lan paring pemut marang kowetansaha nduweni sipta,rasalan karsa tanggap marang panguasaning Gusti.



NENINGKAHAN.



Ingsn nyebarke wijining dalan padhang kagungane Gusti marang kowe kabeh.
762.Mangertenana sih katresnanmu iku kagem panjengenane Gusti.ing swarga. Kowe diparing urip saka  ruh sejati lan saka ruh sejati kaudhunake menyang  jasad jasmani kanti ikatan jiwa pikiranmu ing jagat ini,.Tutna hukun-hukum ing bumi iki, kudu mbok pisngsungake sih katresnanmu marang Gusti sarana ngenutake hukum-hukum ing arcapada , sebab ruh sejatimu wis kaiet   kenceng ing saranduning wadhag jasmanimu, lan iku ruh sejatimu tansah
tut wuri
Sakjujure tak bisiki tumrapmu:.
763.Ruh sejatimu bakal ngupaya pasangane, yaiku Gusti, bali marang pencipta-Ne., Ruh sejatimu ora mbutuhake neningkahan kadonyan, nanging neningkahan surgawi ,karana sakehing  rereget  kadonyan kang ana ing saranduning jiwa pikiran alat pirantining awakmu, kang ndadekake kowe kepingin neningkahan. Nanging neningkahan dudu perwujudan pelampiasan hawa nafsu  biologismu karo lawan jenismu.
764.Gusti wus paring kelengkapan wadhag, yaiku pirantining wadhag jasmani lan kelengkapan cahya saka jiwa pikiranmu. Pirantining wadhag jasnmanimu ing artian fisik yaiku kelengkapan pirantining wadhag  jasmani sarta pancadriyamu kang nduweni tugas nglengkapi kebutuhan ing donya. Dene kelengkapan non fisik, saka jiwa pikiranmu, kayata nurani, ati, kalbu, batin, rasa, jiwa sarta budi,.duweni tugas  ndhorong wadhag supaya mujudake pepinginan  ing donya,iki. Saka kono kowe nduweni rasa tresna lan asih, mung kari carane wae angonmu milih kanggo mujudake tujuanmu mau,.
765Ana dalan loro tumuju menyang dalanig kaswargan.Aja mbok paido pangerten Kawula iki. Rahayu wong kang percaya, sebab marga padhang dalanmu  ana  ing kowe. Yen kowe kuat ora neningkahan lan tanggunbg-jawab kanthi sakwutuhing atimu.,ora ka-ojok-ojoki dening pepiginan biologismu layak kowe urip ing bumi iki kayadene malaikat swarga kang tansah ngladeni marang Gusti, tanpa mbutuhake neningkahan ing bumi.sebab katresnan atine para malaikat swarga ya Gusti kang nyipta langit lan bumisarta isen-isene.
766. Lamun kowe kagodha dening  pangojok-ojoke rereget biologis ing donya, aja kowe munafik kanthi kewinatesanmu. Neningkha sarta setya  marang katresnanmu sebab  Gusti wus paring marganing padhang tumrapmu,kang wis mutusake kanggo neningkahan. Dalan padhangku ya  Gusti kang wis paring teges lan makna. Katresnan tumrap kowe sakloron. Katresnan ing donya  pinangka wujuding katresnan kang pinangkane saka Gusti. Saka kono kowe mahami perwujudan sih katresnan dalem Gusti, nganti kowe nguwoh -ake  sih katresnan iku awujud anakmu.
767.Aja nyia-nyia  perwujudan sih katresnan dalem Gusti ing arcapada, bojomu pinangka perwujudane. Wicaksonoa, tindakne keadhilan, makmurna, manungsakna, musyawarh nganti mufakat kanggo ngupoyo dalan padhang  tumuju menyang kaswargan..
768.Kanggone kowe kang wis nduweni bojo  lan wis nduwe anak, benahana srana kajaga, karawat, kabina  nganti dheweke kalunturan sih katresan kang pinangkane saka Gusti. Sebab dalan padhangmu menyang swarga ya dheweke iku.
769.Kanggone wong kang durung paham lan mangerti bab kuasa Allah ing jeroning jejodhohan, aja nggolek dalan liya jroning ngupaya rokhanine Gusti., srana ninggalake keluarga. Dalan iku ora kabenerake dening Gusti, karana mengkono wis  mlayu saka tangung-jawab pokok.Gusti ora bakal marengake cara rokhani iku,karana kowe durung lulus mahami artining katresnan  kanng pinangkane saka panjenengan-E tumrap keluargmu.
770Gusti Alllh mriksani,kasetyanmu atas sakabehing katresnanmu kang tumanduk ing bojomu, kanthi  gumolong  ati ap ora.
Ora anakatrsnan kang kabagi-bagi. Gusti ora bakal marengke koe mangro katresnanmu. Tansaha setya  tansah nyawiji,ora mangro utawa luwih.
771.Lamun kasetyan atimu sarta katresnanmu kabagi loro utawa luwih banjur kepriye kedadeyane ?Ateges kowe wis berkhianta marang bojomu.Ora mug bojomu kang mbok wayuh, nanging uga Gusti.Kathi mangkono ora sampurna uripmu, tumuju marang dalan  padhang  kaswargan.
772.Lamun kowe wis kebacut duwe  bojo luwih saka siji, Gusti paring marga tumrapmu, yaiku, cukupana nafkah lahir sarta batine bojomu, sarta anak-anakmu



SESANTI TUMRAP KOWE KABEH..

773.Sakabehing makhluk ngidungake trens, marang  katresnan kang luwih dhuwur,.Deweke menynyi, njerit, ndesing, dersis kang sarwa endah ngunjukake pamuji sarta ngaturake pnuwun marang panguasane Gusti, kaya dene menynyi ing panggunge Bait Allah.

774.Sadhara ing rina wengine, saben makhluk ngajak kowe  kanthi suara lan karyane narik sanubarimu kang paling jero, kanggo bebarengan nyembah Gusti Kayadene dheweke mangerti pepinginamu  menawa kowe kepingin nresnani Gusti
775.Apa kowe tah nyipati ana makhlulk ina kang ndhelik ing waliking sesuketan nyayekake kidung-kidung pepujian kanthi sora,ora perduli ngajak kowe lan sapa wae kang krungu, ngidung tanpa sangga-runggi tanpa leren, ngisi keosonganing  wengi,.
776.Aja  mbok  goleki dheweke srana nafsumu, elig,  dheweke bakal tansaya nyilikake swara kdunge,  banjur ilang lan malik dadi sawijining kasepen  kang peteng tanpa katon.
777.Sabenn wengi dheweke tansah menehi pangerten tumrap kita kabeh :”Gusti mung kersa lan siap di rungokaae dening sapa wae  kang gelem lan mangerti sarta mahami. Udinen Gust iAllah katresnanmu ing sajroning kesunyan jiwa”Dheweke bakal ngidungake kanti tegas sarta kebak ing sorak-sorak.
Mangkene suara sero dheweke :
778.”Gusti tansah jumeneng ing ngareping kori lan ngajak  kowe. Yen kowe krungu, bukaken korimu. Gusti bakal lumebuu sajroning wadhag, jiwa, ruhmu  kanthi ora  tangung-tanggng
779.Sapanen  kanthi kidung,sutra jiwa, banjur nyuwuna ppriksa kanthi atimu :”Sinten ta kula punika? Kening punapa Gusti nyiptaaken kawula?”

Gusti mesthhi bakal njawab,
780.”Katresnan-Kawula, kowe wis kupiya nguripake lan nyekel kanthi kenceng pangerten-pangerten-Kawula  tumrap sakabehin umat-Kawula”
781.” Kowe kang kepingin aja nganti ana kang mati   ing antarane para makhluk ciptaan-Kawula, kowe bener-bener suci lan saleh kowe nedya uriping jroning donya-wadhag iki, sadurunge Ndak-dadekake srana rahmat-Kawula”.
782.”Kowe wis kupiya nerangake pangerten sakabehing kang dumadi ing jroning makhluk pinangka kesabaran-Kawula, ing kono mbok terangake maksud-maksud ingsuun, sawijining wewengan kanggo para makhluk  supaya antk keslametan sarta katresnan Kawula”
783Jroning ati kang sepi,yyen dilakoni srana kebak ing kesabarn ruh, lan lumebu ing donyaning Allah, bakal disipati kaelokan kang  kebak pangerten rokhani kang sejati. Kedadeyan iku disebut  kanthi patemonmu karo “Sukma Sejati”
784.Sukma sejatii iku sukma suci kang kudus kang salugune, yaiku awakm udhewe utawa pribadi ruh sejatrimu.
785.Sukma sejati yaiku guru sejatimu kang nduwenitanggung-jawab nenuntun srana menehi pitutur, kawicaksanan  sarta keadilan ngenani penguripan swarga langgeng.
Sukma sejati bakkal menehi pangerten rokhani dalan padhangmu, mangkene :
786.”Kowe kang tansah nganti-anti janji—jani langgenge Gusti, katresnaing atimu, sawijining  bebenr  urip nresnani. Kowe bakal  tansah takon marang  aku, kango mahami,mbuktekake lan mangerteni ketulusaning atimu. Jawabanmu bakal nemtokake keslametanmu ing swargane Gusti.
787.”Kanggo nresnani  kowe, mengkono uga kabeh para makhluk kudu sakcara tulus ngrilakake sakabehing penguripan  kang ora langgeng kejaba Gusti. Gusti kang ana ing sanubarimu  lan saben jiwaning makhluk. Wis samesthine  yen kabeh gelem nresnani ing antarane para makhluk kudu ngrilakake kang ora langggeng, mula kedhamaian bakal katampa”
788.”Kerelaanmu ana Ig pribadhimu dhewe, tegese ana ing niat kang palingjero.Keriloan ingnjroning  pribadimu, dudu hadhiah utawa kadho  saka –piyambak-E,naning sawijining hasil  kanggomu mangerti  bab sesambunganekaro Gusti”
789.”Keriloan lan kepasrahanmu ora bisa disuwun, karana keriloan lan kepasrahanmu, salah sawijining wujud ujian-E  nempuh tanggung jawab penguripan ing donya kango mangerteni sepira gedhene  makhluk ing Gusi kang nresnani Gusti”.
790.”Kowe lan sakabehing para makhluk kang nunguu janji-janji-Ne, kdu nyranti  kabecian urip kan wis kaparingkae dening Gusti . Aja kleru ndeleng nepelekake marag piyambak-E, kang tansah ndadekake kowe sreep  nyenyuwun lan meksa piyambak-Ewiwi kaapan kowe bisa meksa tumrrap Gusti srana penyuwnane, elinga….weningna attttttttimu…..Slulupana ing sanubarimu yen kabecikan-Eana ing kabecikan manungsa lan awakmu dhewe kang dadi angan-tanga-E”.
791.Kowelan para makhluk cipttasan-E  kdu nampa kabecikan urip-E kanthi gumolonging ati, ora kanthi kepeksa, naning tulus iklas, yen sakehing kang urip   kang sumadiya iku becik tumrapmu,arepa ora sempurna kangomu. Lamun mbok deleng kasaangsaraning uripmu lan keora sampurnaning  uripmu lan tansah sesambat tanpa leren..Tegese kangomu, kowe ora lulus nampa kabecikaning Gusti”
792.”Kanggomu, kesabaran dudu karana dikabulkane panuwunamu, “Gusti paringan kawula kesabaran”nanging sawijining keberhasilan nampa kanyatan urip kang wus kaparingkae dening Gusti tumrapmu. Gusti marem nampa ing sakabehing  kahanmu kang plaing ala sewaklipun  kanthi nresnani awakmu kanthi gumolonging ati,  arepa wadhg sarta jiwa pkiranmu kahane ala”.
793.”Kanggoku, bab kerilo-pasrahan dudu koe kudu nampa sakehing kahanan kanthi kebak ing rasa kepeksa., sebab sakabehing  kang nganggo rasa-kepeksa bakal nuwuhake wiji-wiji kang kurang becik tumrap awakmu. Dadi pangertan pasrah ing jeroning awakmu, ndadekake  sakakabehing kahanan kang ora becik dadi becik” 

Oase SatGuru :
“Ya  iki kunci kedhamaian…..rilakna kang ora langgeng, dudu Gusti, dudu iman, Srantekna kabecikan urip ing sakabehing prastawamu. Tampanana kang wis sumadiya arepa  ora sampurna, nanging ngupoyoa kanggo nyempurnakake , kang kurang becik  dadi luwih becik. Sabara lan marema marang  abote kahanan lan kondhisi kang ora maremake, aja cepet narik kesimpulan yen kowe isih emosional. Tresnanana awakmu kanthi gumolonging atimu,. Pasrahna  sakabehing prastawamu klebu susah seneng kang ora maremake tumrapmu, marang Gusti.”


DUWENI PEPINGINAN


“Kawula wisikake  kidung adi ing talinganmu”.

794.Sadhara, rungokna suaraning atimu, apa bener  iku pepingian sejatimu” “Yen iya tutna”, kowe bakal tentrem kanthi wadhag, jiwa sarta Ruhmu
795.Aja  nganti pepinginanmu kagawa saka hawa nafsu rereget kadonyan, karan dheweke kang ngiket kenceng  ing sajeningbbumi ang ndadekake budhak sikile iblis. Nafsu rereget kadonyan mujudake kesadharan murahan  kang baakal  ngedohake kowe saka pangrengkuhe Gusti”.
Elinga marang Kawula.
796. Lamun kowe nduweni pepinginan, aja mbok katutake pepinginns pribadhi wadhagmu utawwa  hawa nafsumu nduweni pamrih  kepentinganmu dhewee, sebab bab iku sing nyebabakke gagal kelakone pepinginamu.
797.Hawa nafsumu kang ala  dipengaruhi dening gravitasi tarik-menarik magnet bumi, dan dheweke tansah kepingin awakmu lengket kenceng marang pepinginan kadonyan. Iku kang ngreridu marang lakumu tumuju ing kratoning kaswargan, kanhi sakabehing cara kang diduweni. Sekabehing wujud kegiatan rokhani kang tumuju menyang  alame Gusti tansah lumawan gravitasi tarik-menariik magnet bumi sarta pepinginane kadonyan thok. Sakehing wujud marganing  kasangsaran tumuju swargane Gusti, kayata pasa,  ndedonga, nglanutake kdung,pujian utawa wujud kegiatan rokhani liyane mujudake kegiatan lumawan pepinginan gravitasi magnet bumi Lamun kowe  ora ditarik gravitasi bumi, wis mesthi  kowe wis tumeka ing pucuking langit-langit swarga  ing pangyunan-E.
798. Mula saka iku,kowe kudu urip rokhan ikanggo lumawan gravitasi bumui kanthi sakabehing wadhag, jiwa pikiran sarta sukmamu, kowe bakal nduweni kekuatan rokhani  swarga kang luar biasa.
“Kawula mangerteni”
799.Sadhara, pepinginane swarga mono kowe sampurna.Tansaha eling tumrap wadhag, jiwa lan  ruhmu. Kowe bakal ganep mbanting sarta ngedhaleni  hawa nafsu tanpa sadhar, sarta mbina hawa nafsu mu kanggo ngisi cipta, rasa, karsa nyata ing bumi, kanggo tumuju menyang padanging kaswargan; ciptakna, rasakna lan karsa ing kesadharan paling dhuwur tumuju kaswargan kanthi kedisiplinan lumawan gravitasi bumi, kayata conto ajaran mati sajeroning urip, ndedonga, tahajud, samadi, pasa , yoga, pernafasan lsp.

“Sadhara …!”
800.Sifat-sifatkesadharan paling dhuwur tawa budi luhr tipis bedane karo bodho, yen dibiji dening haqwa nafsu kadonyan.
801.Gravitasi bumi nggedhekake hawa nafsu alamu, nalika kowe  isih bayi. Kowe dikandhut dening bumi, kadhidhik dening sifat-sifat kadonyan, kaya keangkuhan, angkara murka, sombong, serakah lsp.
802.Jelase,,wadhag lan jiwamu kacurahake muatan zat-zat kandhngan Lamun kowe wis dimiliki dening bumi sakcara wadhag, jiwa  pikirnan lan sukma, kowe bakal tansah kaiket  nganti tekan ing sajroning bumi, kowe bakal tetep dioyak, diburu bumi srana  tarik-menariking gravitasine bumi
803.Siyogoa….peran bumi ngajari kowe pamer keangkuhan srana  nuduhake  kekuatan-kekuatan kang kinandhut, kayadene kanepson, kasekten, kesugihan, ketrampulan lsp.
804.Kemarahn bumi tansaya bakal kaduduhake srana arogan, lamun ana insane sing dipengaruhi lan diajak menyang dalan kasampurnaning urip, srana ngedohi  wadhag bumi tumuju menyang langit-langiting kaswargn.
805.Ora gumun, para suci kang dadi pelayane Gusti kang nglantarake pribadhi pawongan menyang alam kaswargan sering digncang  dening kekuatan arogane bumi jumbuh karo penguripan utawa kahanan lan kondisine. Arogansine bumi bakal nyemburake nesune, lumebu ing sela-selaninmg  bagiyan kang paling ringkih lan rapuh marang para suci  pantraning Gusti, kanggo digoncang keyakinane kang teguh  marang Gusti. Pancen bumi bener-bener licik, lan kowe tansah waspada marang pangrengkuhe sarta ka-eolokane.
Tansaha waspada tumrapmu kanthi keteguhan ati kang kebak kasetyan.
Oase SatGuru
Lamun kowe duwe  bandha  lan barang mewah kang kebak cahya gemelap  nanging ora mbok gunakake tumrap sapepadhamu, padha artine  kayadene watu ing dalan kang ora ana tegese.








WIJINING  KESABARAN.


806.Mangertenana, kowe kudu nduweni kesabaran  kang tanpa wangenan.Nanging siap-siapa kanthi ketulusan lan keiklsan kaserag dening pekara-perkara. Perkara iku kudu mbok rampungake tanpa endha, lamun gagl kowe bakal ngisin-isinake  swarga.

“Resepana prastawa Kawula……….”
807.Aja nganti lena, teguhna atimu..perkara-perkara iku hamung bagiyan saka permainan swarga.Yen kowe ora siap, bakal ndadekake kowe cukup sangsara. Kowe bakal kauji kasetyanmu mawantu-wantu, tanpa diwenehi wektu kanggo sambat kelaran.
808.Sadhara, swarga hamung  nduweni pepinginan  kowe ora perlu sambat kelaran, kebak esem  katresnan jati. Nalika kowe tiba, lambemu ng
mbung watu nganti  getihen, untunu  trugel, kupingmu budheg, tetepa mesem  kebak pemgarep-arep tansah  tunggu  swarga kang nate kajanjekake.
809.Nalika kowe gragapan lan sarwakler, tetepa atimu nikmati keeloan ing uripmu,. Atimu bakal tansah kabina kebak pengrep-arep nyuwun  sih kamulyane Gusti
810.Lamun kowe ora pasrah sarta sabar, kepicikan budi pakartimu  mesthi bakal ngandaake swarga iku bner-bener kejem. Swarga  kejam  karana mbok anggep mung  kepingin kowe dadi manungsa sampurna.
811.Swarga kang mbok anggep kejem iku nduweni pengajab matenono kanthi kejem zat-zat setan iblis ing jroning  sakabehig piranti badaa lan jwa pikiramu.
812. Swarga mbakar zat iblismu ing jeronig getih lan pepinginan nafas jiwa  sarta  tingkah-lakumu.
813.Swarga nduweni pepinginan kanggo urip bahagia lan sentosa  ig jeroning ati-snubari kanthi nyiptakake pengarep-arep sajeroning  nafas penguripan langgeng. Penguripan winadi iku yaiku gelora kesuburan jiwa.
814.Swarga nduweni pepinginan sakabehing kahanan sangsara, panelangsa, kesedhihan, bencana utawa sakabehigng  gelisahmu bakal mbina tetap nduweni jiwa besar kayadene watu karang kang semangat mbendhung ombak, kayadne bayu kang mili saka ing dhuwur mengisortanpa nganggo  leren nggolek  lembah lan daya energi   kayadene geni kang makantar-antar menehi pepadhang tumrap sakabehing kang  peteng
815.Swarga, ngajari kowe ngetokake geih kang ngucurake   ketulusan lan  keihlasankanggo nggayuh “kesabaran”.

Oase SatGuru ;
Sabar, nampa lan nikmati sakehing kahanan kanthi tabah lan ketulusan ati, keiklasan tanpa sesambat lan ngadhuh, yaiku penguripan kang winadi lan kowe bakal mengerti kaya ngapa endahe urip iki “




E M O S I



816“Sapa kang kepengn mangerti bisoa  ngerti, sapa kang kepingin meruhi bisoa weruh,, sebab akeh kang kepingin mangeti lan kepingin meeeruhi,nanig orangupaya ngerti lan weruh
817 Apa kang bakal kedadeyan lamun kowe suwene uurip ing donya ki ora nduweni emosi ahawa nafsu. Gusti paring cahya spirit ing jiwa piiranmu, supaya pirantining wadhagmu bisa nduweni emosi kanggo mencipta, nduweni rasa dan karsa..
818.Cahya spirite  Gusti  diudhunake  ing jeroning sanubari jiwa pikiran kango ngiket ruh sejatimu tetep kaiket  ing wadhagmu supaya urip ing donya iki.
819.Peran cahya spiirite Gusti ndadekake Ruh sejatimu bisa leluasa bebas obah lan nduweni sebtuttan aran.Yen duwe aran, mesthi duwe  wujuud lan bentuk.
820.Gusti ngersakake paring cahya saka swarga kanggo mbakar jiwa pikiranmu kanthi kebak  spirit kang makantar-kantar kanthi karep kanggo keteguhan lan semangat sjud manembah sarta memuji piyambak-E.
821.Cahya swarga kang makantar-kantar nyawiji ing jeroning  emosimu kanggo mbangun langit-langit swargamu.Aja nganti emosimu kang binerkahan dening Gusti mbok taleni kenceng srana kepentingan kadonyan thok kang kebak tabiat kepingin nduweni sakabehing kang ana. Sebab sejatine kowe ora dikeparengake   nduuweni bumi sakjege, sebab bumi sakisine iu kangungan-E.
822.Iblis wis mbelenggu cahya swarga kang kinandhut ing jromning pusat bumi sajroning  gravitasi bumi dsdi geni. Jin, sean lan iblis rak kaciptta saka inti ning geni ? Zatcahya swarga mudhun menyang  bumi dadi zat geni banget cedhak karo karya=karya emosional lan kekerasan, nanging sakakabehe gumantung kowe kang nemtokake lan ngendhaleni.
823.Genining iblis tansh nyiptakae lan nggodha kanthi karya-karya kegagan, supayakowe ora teguh  lan tabah kroning pengarep-arep swarga.Geb\nining iblis tashnyiptakae karya-karya panyamah marang kang nyipta rasa kuciwa lan madhangi petenging sesebngit  nganti terag-terangansengittanpa dikendhalenindadekke emosining donya kan tansah nyumbang ke-ora tulusan, ke-ora riloan, ke ora pasrahan, lan wusanane ora gelemnampa kanyatan urip.
Emosimu kang ora bisa dikendhaleni hamung bakal nuwuhake rasa ke  ora ketulusan, ke-ora riloan, keora pasrahan, kang wusanane ndadekake ora bisa nampa kanyatan kng dumadi  ing kowe.

GUMOLONGING ATI


824.Kudune mbok pisungsungake mahkota kasihmu “nrima sak Madya” nampa kenyataan kanthi gumoloniging ati marang Gusti sembahanmu..

825.Sakwise mbok  bangun pondhasi ketulus iklasan lan kerilo  pasrahan atimu kang kebak cahya swarganing Gusti ing jroning penguripanm,  sepisan maneh  atimu tansaha tansaya kuat, aja ngemir  kasangsaran kang nglarakake.
826.Kanthii campuran beton krikil  kerelaan lan semen kepasrahan, bakal nyikat tuntas sakabehing oyot dosamu nganti  tumeka ing pucuk-pucuke
827.Sakwise kowe digembleng dening ewoning rasa was-was ing atimu, kang tansah kanthi pawadan”keruwetan masalah”kang isih mbok tindakake kanthi sebutan “konflik” isih sadulur tuwa  karo tembung pengecut, sarta sedulur enom karo “pelarian” utawa wedi tanggung-jawab ngrampngake sakehing bentuk resiko utawa  maasalah, kowe bakal nduweni mahkotaning katresnan iku,yaiku  nampa sak madya  utawa mahkota nampa kanyatan sakehing prastawa dumadi  tumrapmu kanthi gumolonging atimu.
828.Iki sawijining pitakon tumrapmu kabeh kang mbok jupuk saka sawijining  keruwetanmukanggo dipikir sakcara kdu, menaw perlu meksa dhirimu kanggo mangerti lan paham, banjur dihayati lan diamalake.
1.Kepriye yen kowe bisa mikir/tumindak dewasa yen kowe durung mangerti ireng kleruning urip sarta putih benere urip?.
2.Kepriye kowe bakal mangerti urip, yen kowe durung mangerteni wujud legokaning sing najis lan mulya?
829.Lamuun kowe kepingin lulus saka pitakonan ik, coba mboktampa “nreima sak madya”(nampa  apa anane sakcara tulus,rila, pasrah lan ngaturkae syukur tumrap sangkan paaraanmu yaiku “Gusti”).
830.Yen kowe ora nduweni niat kanggo ora nampa  rumit-sesale urip, tegese siap-siapa kowe ngadhepi  lara ati ing jroning wadhag sarta jiwamu. Mesthi wae rasa lara iku bakal ngoyot marang awakmu, mertahanake harga-dhiri lan wusanane kowe bakal mangerti nyawijining sesengit, dhengki, cemburu lan serakah  jeroning wadhag sarta jiwamu, sauntara kabeh mau mung bagian saka dolanan ing dolanan kanggo  nguji kowe. Elinga Gusti iku tansah suci.kahane.
831.Lamun kowe ora gelem “nampa sak madya  kowe mesthi bakal dadi pesakitan urip, karana  kowe wis ora nindakake penggawemu srana tulus lan iklas, rla, pasrah lan ngaturake panuuwn syukur utawa  kowe saacara tegas nolak budi luhur.
832.Uwis ta yen kowe wis nduweni niat “nampa sak madya” aja nganti mbesuke mbok kebaki uripmu kanthi rasa sesal-keeseling urip,kang pungkasane  kowe kepingin nypetake kematianmu “Sapa kang ora kepingin lara?”…Ya sumangga yen ora “nampa sak madya”

“Yen kowe ora gelem “nampa sak madya”, kowe mesthi  bakal dadi pesakitan urip, sebab kowe wis ora nindakake  penggawenu srana tulus, rila, pasrah lan bersyuukur, utawa kowe sakcara tegas nolak budi luhur/”



RILA LAN PASRAH


“Kawula banget nduweni pepinginan nyadharake kepiluan uripmu. Apa kowe gelem ?”

833.Yen kowe ora gelem, anggepen   Kawula iki kayadene jangkrik kang lagi ngengkrik  njerit-njerit tumrap kang padha ngrungu nanging durung gelem nampa maknaning urip. Ya…anggepen kayadene jangkrik ngengkrik lan ngithik-ithik uripmmu kareben kowe bisa mesem.
834.Dadekna awakmu  kayadene jangkrik kang ora ana bedane ngupaya nggenepi teges lan makna sawijining petenging wengi kang sepi. Sebab awakmu ngadhepi pepadhamu kang ora gelem mangerti sarta mahami.
“Mangkene……Kawula bakal miwiti ngengkrik tumrapmu”
835.”Hei…. rasa pilu, getun, tangis, kanepson, rasa getnmu mujudake tandha, yen isih nduweni permasalahan rumit kang durung  ganep sarta karampugkae
836.Lamun kowe ora gelem ndadekake permsalahanmu dadi rumit, rilakna lan pasrahna kerumitan uripmu mau sakcara tulus lan ilas , jiwamu bakal, kebak dhamai sarta tentrem utawacpikiranmu  bakal nyaman lan kebak kaweningan tumrap carane  mikir kango ngrampungake sakabehing kerumitanmu.
837.Ke-ora riloan lan ke-ora pasrahan dumadi, akibat awakmu kurang nduweni pangerten  rokhani kang luwih bab pngeerten lan pemahaman  urip jjroning ngribadhat marang Gusti.
838.Pepinginan kang kuat lan pepinginan ngibadah tumrap Gusti lakana peribadhatanmu, kebak rasa rila lan pasrah  sakcara tulus sartapepadamu mung katon ana ing wadhagmu wae, naniingg jiwa lan pikiranmu ora. Lamun kowe kepingin urip kang sejati, uripna kanthi rila lan pasrah sakcara tulus jroning ngibadahmu kanthi sakbehin cawe-cwening wadhag, jiwa sarta ruhmu. iklas.Ingiadahhmu tumrap sapepadhamu
839. Lamun kowe kapola ngibadah kanggo dideleng mripat, mesthi wae bakal kajebak bab rila lan pasrah kang pasif, lan kowe  sakterus keluarga utawa sapa wae kang cedahak .Tegese iku dudu rila utawa pasrah, nanging ngupaya  mlayu mateni  urip.
“Kenapa ora  rila utawa pasrah, nanging meteni urip?”
840.Karana rila lan pasrahmu ora  mbok  tampa srana lapang dada utawa ora kanthi gumolonging ati. Dadi kowe mlayu saka pemnguripamu. Dene uripmu mung titah kang kudu  mbok lakoni, ora kanggo dilalekakake, Nglalekake  titah  dalem iku dosa Mangertia …!
841.Rila lan pasrah sakccara tulus, kudu dilanshesi keiklasan  ang gumolonging ati utawa nrima sak madya, dudu mlayu kang ngungkrahake  semangat uripmu.
Oase SatGuru:
Yen ora gelem ngrumitake permasalahanmu, rilakna  lan pasraa kerumitan uripmu sakcara tulus iklas lan nampa apa anane,tanpa kudu mlayu saka kanyatan uripmu. Lamun kowe mlayu ateges  kowe wis nglalekake titah dakem  Gusti, iku dosa”





TULUS LAN IKHLAS

“Apa tegese  tulus ?”

Urip kanthi tulus dadi sawijining pangerten kang rumesep ing anggamu
”Mangerti  apa ora tegese tulus?”
Bukaken talinganing aitimu, Kawula bakal paring wisik tumrap atimu.
842.Kanggomu, sakwise ora katunggeng dening  teges  lan makna sepihak  lan  kowe wiwit mahami lan mangerti ketulusanlan keikhlasan kanhti nawakake katresnan jati, kowe bakal ngrasakake donya kaya ing swarga kagungan-E
843.Urip ana ing donya iki pahamana marang pangerten mbangun jiwa pikiran wadhagmu.Mangertia kanggo mbangun swarga sejati ing donya iki kowe kudu gawe pondhasi srana kudu ngedhuk jiwa pikiranmu kanggo mbangun pondhasi ati kang kebak ketulusan sarta keikhlasan  sak-jero-jerone, nganti tanpa wangenan. Wis kudune galian tanpa wangenan kang mbok pasang kanthi watu cadhas “kerelaan lan kepasrahan” mbok pasang tanpa ana  sesambat babar pisan..
844.”Rila kanggomu, dideleng  pira jembare kepasrahanmu marang Gusti!.?
845.Tulus lan ikhlas mujudake karya agungmu.Karya kang mbok gawe  saka reroncening penguripanmu supaya luwih katon becik.Tulus lan ikhlas  mujudake kebehasilanmu nresani Gusti. Sebab yen kowe ora tulus lan ikhlas ateges kowe ora kasil nresnani Gusti.
“Ora percaya,buktekna wae tutur Kawula…”
846. Lamun kowe durung bisa mbuktekake lan isih  tansah masa bodho tumrap ke-ora tulusanmu lan ke-ora riloanmu. Mula kowe bakal ngrasakake  wujud ke-ora riloan pasrahmu, ateges sakteruse dadi kepekksa.”Yen Ati kepeksa, wadhag kepeksa, njur kepiye dadiene?  Rusak wadhag, lan jiwa pikiranmu !”
847.Wis mesthi jiwamu, pikiraanmu, lan wadhagmu saya suwe lara, kepenak   jiwa pikiramu bakal katujes dening pepati  sebab kowe ora ngrawat wadhag lan jiwa pikiranmu kanthi becik.Uripmu ing donya mujudake titahe Gusti,  mbok rawat, bina sarta nglestalestarekake kanthi becik kagem Gusti:”
848.Suwene panggawemu tanpa  ana ketulusan lan keikhlasan, tegese panggawemu mau sawijning dosa”.
849.Ke-ora tulusamu lan ke-ora ikhlasanmu bakal naleni sakehing kang ana sesambungane karo kowe lan dheweke  bakal melu kasngsaran iku, kalebu kowe dhewe. Akibate kowe bakal katindhes lan sering ngadhuh, sesambat,nangis, lsp. Kowe bakal ngalami kesusahan kang tansah njaluk diwelasi dening sapepadhamu.
850.Yen srana ketulus sarta keikhlasan, ateges urip ing donya kaya aa ing swarga kang indhah.Tulus lan ikhlas pinangka sumber kesehatan wadhag, jiwa lan pikiran, kowe bakal ngrasakake kabahagiaan lan kedhamaian lan jiwa sarta wadhagmu ora bakal rusakdening dheweke.
851.Kanthi alandhesan ketulusan lan keikhlasanmu, mbok persembahake tumrap awakmu.yen awakmu bebas saka rereget  pepinginan nduweni  sakehing wujud kadoyan. Uripmu bakal ndeleng kanthi jelas pirantining badan lan  jiwa pikiran kaya dene rasa,  ati, kalbu, batin, nurani, nganti naluri, kapisungsungake kagem Gusti sawutuhe

JANJI SETYA KANHTHI GUMOLONG ING ATI.

852.Aja tau kandha “Ya” lamn ing telenging bathinmukandah ora.Aja au kndah “Ora” lamun telenging bathinmu  wissiap nebarakebttitsh.Jarna langit-langiting ruhmu katon dineleng mahkota sih katresnan  dalemGusti dideleng para insan kagungan-E.

853.Supaya langit-langit ruhmu tetep katon ing swarga sakdhuwuring sembarang lir, tulung aja kandha “ora”.Dadia satria kang ngumbara kanggo mbina  insan titah dalem Gusti.Kabarna marang sakehing bukit ruh insan liyane ing cakrawala lan marang ruh-ruh  kang ndedel ing angksa lan marang sakabehing ruh-ruh kang ora jenjem ing angkasa kanggo tetep- ngumandhangake kesanggupan kanggo ngelksanakake  titah dalem Gusti
854.Wartakna mrang kabeh para ruh manungsa kang wis dadi arwah gentayangan ing singgasananing penyesalan kanthi warta suka rena saka swarga. Tumpesen sakehing pengarep-arep kaninikis dadi sawijining kelambu wewayangan swarga  nganti timpuh ing ngarsane Gusti.supaya dheweke penasaran kanggo bali marang piyambak-E kanthi kebak pepujian.
855.Kanthia tuntas kabeh mbok pisungsungake ka-elokan sarta ke-cacat-celamu murih kamulyane Gusti.
856.Sakabehing ruh penkhianat kang isih urip ing donya, nduweni wadhag badaning manungsa, kean, apadene tetuwuhhan lan ruh pengkhianat kang nduweni wadhag badan cahya kayata ruh penasaran utawa makhluk Jim, iblis sarta setan, tekanana dheweke  lan bantingen srana mahkota sih katresnan dalem Gusti keteguhanmu, supaya  dheweke getun lan ngalami lan ngerti marang Gusti pinangka tujuan pungkasan sakabehing  insan
857.Uripmu nguripake ruh-ruh pengkhiantat kanggo nresnani Gusti. Karana iku.Ruhmu bakal mabur ing langit ngatonake cahya  nganti ruhmu kepeksa kasengsem lan ngaturake puji syukur kang banget ing persujudane-E.

“Resepna ing telenging atimu kang paling jero “
858.Pepinginanmu urip ana ing bumi harak bahagia kaya ing swarga. Bab iku bisa wae diupayakake, lamun mbok tetesake kesetyaan kanthi perteguhan getih lan keringet  janji kasetyan kanthi gumolonging atimu.Swarga nyerahake jiwamu karana janji setyamu. Iku.
859.Lamun kowe janji setya, swarga bakal samadi   kesenengen tanpa wusana, nafaske sih katresnan dalem marang kowe kayadene  pertapa ing sajeroning guwa njelajahi langit kang dhuwur, kagem kamulyan dalem  Gusti .Lamun kowe nduweni janji kang teguh setya marang dhiri pribadhi, setya pinangka pelayan dalem Gusti, mula malaikat bakal jungkir walik lan makarya abot kanggo ngangkat ruhmu ing langit kang dhuwur, saperlu sowan junjungne Ya Gusti.
860. Elinga swarga iku sejatine kasedhiyakake kanggo kowe kang wis digusur dening kepentingan kadonyan. Swarga kasedhiyakake kanggo kowe, lamun kowe wis diemohi lan disengiti dening hawa nafsu kadonyan.
861.Setyakna wadhagmu tansah nglakoni kersane Gusti kang berkarya tansah nyipta swarga. Tansaha setya jiwa sarta ruhmu nampa  5 perara marganing swarga, yaiku :
a.Tulus iklas kanthi gumolonging  wadhag jiwa sarta Ruh ngganepi rancangane Gusti ngucap “Injih” kanthi sora tanpa ngras getun kelangan rasa  jroning hanglakoni.
b.Rila,pasrahna sakcara ganep lahir lan batin tumuju marang Gusti. Tanpa rasa khuwatir ngganepi karya-karya keagungan  ing bumi lewat uripmu”
c.Nampa apa anane, lahir trusing batin tanpa ana rasa getun nanging bahagia setya sakcara aktif mbangun sakehing  kang becik dadi luwih becik  lan kang ala dadi, luwih becik.
863.”Temen utawa janji setya kanthi sakabehing  wadhag, jiwa sarta ruh tanpa khianat. Mengkhianati sakehing dhirimu tegese khianat marang Gusti ing kaswargan.
864.”Budi luhur setya kanthi tulus iklas, rila, pasrah lan nampa kahanan kanthi kebak esem karana sifat dalem Gusti ing sajeroning
atimu ing bumi.
Oase Sat Guru:
“Aja dadi pengkhianat. Janjia setya marang sakabehing wadhag, jiwa lan ruhmu supaya kowe bisa mapan swarga ing bumi iki”

KELUHURAN BUMI

865.Sakabehing wadhag, jiwa pikiran lan Ruhmu nduweni hasrat, pepinginan lan nafsu kangggo mbukak tabirmu. Kowe nutup mripatmu, mbok bukak koriing atimu kanthi sakehing nuraimu.Kowe ngundurake  polahing woh wektumu kepungkur.

“Kenapa kowe kudu sabar?’
“Kenappa kow kudu tulus lan iklas?’
“Kena pa kowe kudu rila lan pasrah?”
“Ken apa kowe kudu nepati janji?”
“Kenapa kowe kudu tanggung jawab tumrap sehating wadhag  lan  jiwa pikiranmu?”
‘Kowe kudu mangerti menawa Pribadhi, ddu pribadhi jiwa utawa pikiranmu, dudu pribadhi wadhhag utawa raga?
866.Yen kowe ngaku pinangka pribadhi jiwa utawa pikiran, pasrahaa marang hakekat marang ke-ora ngertianmu marang jroning jurang kebodhoan, mula awakkmu bakal lumebu ing bolonganing kang ina. Mesthi  kowe bakal mundhuk-mundhuk sakjeroning ke-cethekan jiwa sarta pikkiranmu.
867.Jiwa pkikiranmu kang cethek bakal marakake kowe nduweni hasrat  marang kemareaman  jiwa lan pikiran. Serakah, sombong, meri, sengit, lan perilakumu kang nduweni hasrat marang hasrat-hasrat kemareman jiwa lan mikir kang bakal ngrugekake wong liya utawa ngrampas jiwa utawa pikirane wong liya
868.Lamun kowe mung ndhasarake uripmu  ana ing pribadhii wadha jasmani, lan ora ngelingi marang pribadhi ruh kang sak nyatane, uripmu bakal serakah, dening kepentingan kadonyan, satemah banjur  mung nduweni karep ngrampas bandha, kuasa, katresnan, lan sakwernaning kamilikan tumrapm kadonyan.Yen jiwa-pikiran lan wadhag jasmani pinangka inti tindakan, solah tingkahmu ora bedane karo sato kewan utawa iblis. Lamun ora nyadhari anane pribadhi ruh kang sejati.
869.”Elinga, yen batasanmu hamung wadhag lan jiwa-pikiran, dadi kaya apa uripmu, Ruh sejati bakal tansaya ngedoh marang anggamu
870.Ruh sejatimu ngajab  kowe nduwenana budi luhur, ngedohi kebutuhan sarta keputusan kadonyan, hasrat nguasani bandha kadonyan apadene panguasa.
871.Ruh Sejati nduweni pepinginan supaya senyawa karo swarganing Gusti, dudu donya  kang nawakake kenikmatan semu lan ora langgeng.
872.Ruh sejati nduweni pepinginan, kowe tansaha dadi manunga sejati, dudu kewan apadene iblis.
873.Manungsa bisa disebut manungsa yen kabiji saka sifat kamanungsane. “Lamun  dudu manungsa, banjur disebut apa?”Rak wis akeh sandhangan kang diwenehake dening pawongan, kayatta “ Wong kang nduweni awak manunga, nannging jiwane blis utawa nduweni sifat kewan”.
874.Surak-suraka jiwa-jiwa sarta agiyak-giyaka ruh-ruh  jagating katresnan, sebab kowe wis kupiya taqwa  sayang, dadi manungsa kang urip saka pepati.
875. Kowe kabeh tansaha sejiwa  lan setiya jroning sukma sejati. Lerena saka ing  pemberntakan lan perdondi ing jeroning awakmu. “Apa kowe iku manungsa, kewan apa dene iblis” Kawula negasake marang kowe.
876.”Kowe manungsa, akng kudune sampurna ing jeroning persujudan tumrap Gusti. Ayo bebarengan karo sakabehing  wadhag,jiwa lan ruh-mu.Sayang-sayanga, saling nresnani kanthi gumolonging ati, supaya kowe bisa urip bahagia sakjege”
877.”Sengsarakna jroning sakehing wadhag, lan jiwamu kanggo mulyakake Gusti kang kinasih”
878.”Saiki kowe urip, sebab kowe wis wani nyengsarakake wadhag sarta jiwamu murih keagungan ruh sejatine Gusti Alah. Kowe bakal  oleh swarga langgeng.yen kowe  mung ketungkul seneng-seneng srana wasdhag lan jiwamu, bakal tumuju menyang ing neraka.”
879.”Sabda wis rumasuk ana ing getih sart adaging jroningwadhagmu, sebab kowe  wis kupiya mbukak tabir  misteri keagugane Gusti lan kowe wis sinau mati jronig isih urip, utawa nglakoni mati jroningnurip”


Oase SatGuru :
“Mati selagining isih urip sawijining cara ngupaya dalan kang dutuju, yaiku ngudi swarga lan bahagia sakajege



WADHAGMU,SARANA PENEBUSAN DOSA.


880.”Sapa kang nendhaleni jiwa-pikiran lan wadhagmu?” Kawula pitakon marang kowe.

881.Mesthine ruhmu kang sejati, dudu wadhag..Wadhag ora nduweni  nyawa, mung sekedhar jasad utawa pakaian, yen ora ana ruh.Jiwa pikiran hamung  kembang api ruh saka denyut jantug atimu. Lamun  jantung atimu ora denyut, jiwa pikiran wis ora ngiket ruh jroning wadhag  kang wis dad ijasad mau.
882.Wadhag mujudake pribadi  sauntara, pakaian  lan media penebusan  kanggo nyempurnakake  ruh  tumuju maran asal.E.
883.jroning urip, wadhagmu nampa kasangsaran kang ngeneni kebahagian tumrap ruh sejatimu.
884.Jiwa mujudake pribadhi kang  nglantarake pikiran awal saka cipta, rasa, lan karsa jroning wadag, supaya wadhag , nduweni makna lan arti panguripan kanggo ngenalake tumrap kesadharanrnu jroning ruh.
885.Kasangsaraning wadhag bakal bisa diatasi lamun cipta. rasa an karsaning jiwa pikiran ngupaya mutus kasangsaran jiwa kang diakibatake dening polahing  wadhag, kanthi karya  nyetop pepinginan kang nempel jroning kemareman-kemareman wadhag.
886.Lamun wahag dikendhleni jiwa lan sakehing jiwa-pikirannyawiji jroning ruh, mula kowe bakal bisa mmbentangake wolung arah pertahanan…
1..Ndeleng lan nyumurupi kanthi bener.
2.Nduweni pepinginan kang bener.
3.Micara kanthi benerr
4.Tumindak kanthi bener.
5.Migunakake srananing urip srana bener.
6.Ikkhtiar kanthi bener.
7.Mikir kanthi bener.
8.Nyelarasake dhiri kanthi kebak kesadharan universal/toleransi ora winates mung sakkelompok utawa komunitas.
Oase SatGuru :
“Lamun wadhagmu dikendhaleni dening jiwa lan sakabehing jiwa-pikiranmu nyawiji joning ruh mula kowe bakal bisa ngatasi kasangsaraning wadhag, kanthi nyetop pepinginan kemaren-kemareman wadhag lan nindakake sakabehing kang bener tumraping Gusti”



URIPMU, TANGGUNG JAWABMU SAKWUTUHE

887. Wadhagmu  pinangka jasad, jiwamu mujudake hasratt pepinginan wadhag jiwa pikiranmu..

888. Kaya biasane, kowe  srawung jroning rengkuhan  cahya saka swarga kang mihak marang bumi  kayadene buruh kang ngupaya opah saben dina,saben wengine.
889.Terusna ngupaya opah  cahyaing kaswargan, arepa  bengi ngrentangake lintang lan bumi kkang ora jenjem.
890.Apa kowe isih  eling, arepa  mung urip jroning embusan nafas bumimu, nganti para makhluk maspadakane kowe sakdheg-saknyet kowe ora wujud rasa maneh, kayadene aseep musna kang dineleng katiuping samirana.
891U.rip ing arcapada hamung  embusan nafas  kang kebak seseg, ananging kowe ora bosen lan nyatane tansah seneng, arepa kowe sering ngulu idu kasangsaran harga-dhiri. Kawula kelingan kowe ngalem-alem sora, kanthi ngacungake tekenmu.
892.Gusti tangung-jawab maarng uripmu kang wis mbok titipake marang piyambak-E.
893.Gusti wis milih kowe  pinangka dadi badal-wadhag-E.Wis mesthi bakal kaparingan pituwas  karana pengabidianmu tumrap piyambak-E. kareben awakmu kaluputake dening mungshmu, lan mesthekake kowe kakukuhake tembungjmu,supaya  tansah  jujur saran ilatmu lan aja nacad marang piyambak-E.
894. tampana rawuhe Gusti ingsakrie-wengine, ing batinmu,.Jarna malakikating Allah padha suka-suka   nancepake wiji-wijining panah mahkota katresnan ing atimu, nganti kowe  bakal ngrasakake  kasangsaraning  uripmu mujudakke korining kaswargan lan tansah ngarep–arep marang tresanamu., supaya kowe ora  nglaleake sih katresnan dalem Gusti.
895.Jar-na pituwas sabar lan tulus dadi kekuatan tumrap uripmu, supaya koewe tetep tahan lan sabar ngadhepi dina besuke.
896.Jar-na susah lan kesedhihanmu kang or kenal welas-asih,ngece marang kowe kanthi gumbira,karana kowe sadhar nduweni pengarep-arep yaiku Gusti pribadhi.
897.Pituwas tumrap sih katresnan dalem Gusti kang mbok tampa ndadekke kowe nduweni mahkota  sih katresnan, karana kowe wis kasil mbanting kekalahan sarta kegagalamu..  Laku sarta pengalamanmu    nembus alam swarga rohanining Gusti, besuke bakal dadi ayat-ayt suci kang mbok pasang ing jantung satra atimu kang kebak  kamulyan dalem Gusti.
898.kowe bakal ketagiha tumrap pituwas kang diparingake, lan nduweni pengarep-arep rina wengi ora nganggo leren tansah mbesem wewangian kemenyan atimu, kanti ngaturi rawuhe Gusti ing sadengah nafasmu lan ing sadegh detak jantungmu
899.Nafasm kecanduan cahya swarga kanthi  ssuka-suka sadhengah irupan lan hempasan nafasmu ripmu tansah nyuarakake kekidungan: “Gusti……….…Gusti, Paduka lenggaha ing kawula, sampun ngantos 
nilar kawula, ing batos saha batin kawula, pinangka dhampar paduka”
900.Detak jantungmu mbok candui  srana nafasmu supaya tetepa gumantung ing kamlyan dalem Gusti . Saben irama  lan tempo melu ngringi lan nguripi tumrap  sakabehing  kang isih sanggsara, kanthi irama :”Tansah pinujia ing asmane Gusti, aku tansah nduwe pengarep-arep marang piyambak-E
901.Wiwit iku, sengsaramu dudu kasangsaran utawak epedhihan, nanging kebahagiaan langgeng. Keyakinanmu ndadekake percaya, karana awakmu bakal tiba ing langiting kaswargan. Akeh saka ing dheweke kuciwa keblithuk mbasan wis tekan,acihna dudu langit-langiting swarga kang dituju.”
Oase SatGuru  :
Tanggung-jawaba marang uripmu, ing sadengah detak jantungmu marang Gustin Allah, karana Gusti bakal maringake pituwas swarga kanggo kowe, mula sakehing sengsaramu dudu sangsara utawa kepedhihan, naging kabahagian langgeng. 




TEGUH LAN TEKAD


Kawula kidungake tumrap sakabehing titah dalem Gusti.

“Duh Gusti………paduka rawwh wonten ing manah piyambak -ipun lan paduka akeni piyambakipun  ing   swarga kagungan paduka”
902.”Sepinten dangunipun malih, tembung ing manah lan tutuk Kawula kadosdene angin ingkang sumiyut, tuwin lepen ingkang mili tanpa kendhat?” Emanipun piyambakipun angel kangge mangertos lan  sekawanan piyambakipun sregep maoni dhumatneg kawula Kawula nanging namung sekedhik ingkang paham lan mangertos kersa Paduka Gusti.
903.Dhuh Gusti……….rawuh saha nyawijia ing tutuk kawula/Kawula  Kumandhangna suwanten Paduka ingkang agung, ngantos nembus tutuk piyambakipnn supados atinipun  saget paham lan magertos. .
904.Dhuh Gusti……ing jiwa sarta pikiran piyambakipun,kersanipun jiwa pikiran piyambakipun paduka kuaosi, Kersanipun dhiri piyambakipun mboten rila nyumerepi bilih dipun kuaosi  dening pelanggaranipun  lan Paduka teguhaken  kangge terus  berjuang tumuju ufuk lintang Swarga paduka tanpa kendel  nyadharaken sekawananipun.
905.Dhuh Gusti……lenggaha ing wadhag, jiwa-pikiran, lan ruh piyambakipun .Saking kersa Paduka, mugi padka ndadosaken  piyambakipun makhluk kstaria Paduka. Ksatria ingkang berjuang mbangun pondhasi jiwa pikiran piyambakipun, ngantos ruhipin jujur lan tulus tudhuk dhumateng Ati Kudus Paduka.
906.Saking kersa paduka, mugi piyambakipun pinangka  pirantosi Paduka, badhe a Paduka kagungan malaikat  lan para Kudus
907.Dhuh Gusti…….kawula/Kawula  gadhah pengajeng-ajeng sak -laminipun, Paduka tansah dados sumber nafas piyambakipun
908. Saking kersa Paduka, kersanipun kawula Kawula  dipun keparengaken  .nglatih para ksatira Paduka supados  trampil, tansah jujur, kanthi nglairaken paseksi  akal budi pekerti lan  kagem piyambakipun ingkang dereng sami mangertos sarta dereng paham ngengingi keagungan Paduka.Gusti…….
,909..Kawula ora bakal nge-jarrake  wadhag, jiwa sarta ruh piyambakipun  kesasar, lan setya sumendhe wonten ing oyot-oyot  jiwa ingkang kalilit kebohongan lan rekayasa  utek piyambakipun ingkang nate hina.. Jar-na Kawula sregep nyusup jroning sela-sela atosing rego bathok sirahe kang ndadekake kang manggawe dheweke  dadi tolol,lan hina-dina.

“Dhuh Gusti  dedalema sakterusipun wonten ing ati kawula/inngsun
910.Saking kersa paduka, mugi kepareng kawula  Paduka  jaraken tanpa kendhat  ngirup lan ngembusaken  katresnan Paduka, kersa -nipun wadhag  kawula/Kawula mboten tatu lan paduka kepareng –terus tumuju dhateng Paduka.
911.Tuhan Hyang Maha Agung, menawi Paduka dedalem ing ati kawula, temtu kemawon Pauka sampun nyawiji ati, saha jiwa kalian kawula. Kawula pitados Paduka badhe ngasta sifat  kemuliaan Paduka wonten ing wadhag, jiwa pikiran  lan ruh piyambakipun ingkang  tolol, ndableg.
912.Gusti kekasih kawula (ati Kawula) sejiwa kawula, sehati kawula, Paduka  mboten badhe rila menawi wadhag lan jiwa  kawula dipun pilara dening piyambakipun.
913.Gusti,, Paduka mbotn badhe  rila,menawi rancangan   Paduka ing jiwa kawula kaganggu.
914.Kawla pitados, lan klenggaha wonten ing ati kawula, salaminipun.
Oase SatGuru :
Sadhara marang keagungnne Gustimu? Mertobata !  lan telukna kowe  sakcara jujur lan tulus tumrap Gustimu supaya kowe mangeri lan paham ngenani keagungan-E sih katresnan dalem tumrapmu, nganti sakehing piala kang bakal ngenani kowe bakal ora rinasa babar-pisan.


TALENTA


915.Para  Nabi, lan rasul lsarta walining  Gusti, ora bakal disbut walining Gusti lamun wiwitane ora dicamah, difitnah, di-ina lan digeguyu dneing dheweke kang durung mangerti lan durung paham.

916.Ya iki manunggaling Gusti. Ayopada dipahami hakekate Gusti sarta slulupana ke Maha Kuasaan-E.
917.Pangerten rokhani ii murni kahanane lan katujokake kanggo kabeh, mula  saka iku kowe kudu kupiya resik ing ngarsane Gusti.
Elinga pemahaman  Kawula iki,.
918.Gusti ora bakal tau ngukur lan ngetung kesalahanmu. Ya iki mistri keajaibane Gusti, yen Gusti iku  Maha Kasih anane. Piyambake hamung nguji kasetyanmu, ora ngukum kowe, apamaneh paring pacoban tumrapmu.
919.Kowe kabeh diudhunake ing bumi katitahake supaya mbina, ngrawat lan nglestarekake alam semesta, murih sempulur ciptaane Gusti.
920.Kowe kang kapilih nyanyi titah urip, wis janji bakal mertobat lan nyuwun pangapura sakehng dosa, lan Gusti nitahake kowe tumurun menyang donya mung pinangka nguji kasetyanu marang piyambak-E Kasetyan maujud yen kowe wis nggenepi kuajibamu ing donya sakcara jujur, tuluts, ikhlas, rila lan tanggung-jawab.
921.Janji setya kanthi gumolonging ati kang maujud ikukang diisebut penebusan dosa-dosamu tumrap utang-utangmu marang Gusti.
922.Gusti ngersakae kowe nyawiji setya ing jeroning alam wadhag, jwa sarta ruhmu, kanthih sakabehing wadhag, jiwa pikiran lan ruh-mu supaya kowe mangertti lan mahami sih katrenan-E.
923.Wadhagnmu  kudu setya, jiwa pikiranmu setya lan ruhmu kudu setya marang Gusti.
924. Gusti nguji kasetyanmu srana paring titah.Titah iku pinangka anugerahe Gusti utawa disebut talenta. Kowe kabeh nduwei talenta. Augerah utawa talenta katurunake marang kowe jumbuh lan bidhangmu dhewe-dhhewe. Upama kowe pinangka petani, setyoa ko ngatur keseimbangan makhluk-makhluk ing sakngisoring panguasamu ing bumi,kayata tetuwuhan kang mbok  tandur. Kowe ora mbiasakake nebar pangruripan anyar.Tetuwuhan uga  kaparingan titah dening Gusti supaya tundhuk lan ngurmati marang kowe sarta ngabdi marang  kowe. Lwat penebusan-penebusan kanthi menehi hasil panen marang kowe. Intine  makhluk-makhluk kasebut mbok pimpin kanggo menehi pangruipan anyar kanthi hasil panenane.
925.Yen sekawananmu dadi peternak, setyoa mbina lan ngatur ternake kanggo pisungsugsung tmrap Gusti, sebab ternak uga makhluk ciptaan-E. Ternake kudu kabina nganti  dewasa utawa gedhe, banjur mbok wenehi pangerten bab-bab ngenani pengorbanan kang tulus ikhlas tumrap sekawananmu, pinangka tanggung-jawab inti yaiku ngabdi marang piyambak-E kebak kasetyan nganti mati murih pangruipane manungsa. Mbok bimbing sekawananmu tumuju kasampunaning urip, yaiku tumuju marang Gusti kanthi cara ngabdi marang  piiyambak-E.
926. Mangkono uga talenta-talenta liyane padha, jumbuh lan bidhange dhewe-dhewe
Oase SatGuru :
Gusti ora bakal ngukur lan ngetung kesalahanmu. Piyambake hamung nguji kasetyanmu, ora ngukum kowe. Mung kari kepriye kowe ngadhepi keseimbangn alam semesta, yaiku srana nyawijekake sakabehing jiwa, pikiran, lan ruhmu, kango setya marng piyambak-


NEBAR SIH KATRESNAN DALEM GUSTI


Kawula nyuwun marang kowe kabeh kanggo nyawiji jroning kesatuan-E Gusti

927.Kanggone kabeh kang mangerteni nikmat hakekating Allah aja banjur mung meneng  wae, makaryoa, nyawiji kanggo nebar sih katresnan dalem kanthi njawab pepinginan lan kerindhuan insan manungsa  kanggo ngupaya mangerti mahami hakekat.E.
928.Aja mbok jar-ake insan manungsa ngenal lan mahami  Gusti hamung  winates ing pangerten uteke, nanging jiwane  nganti ruh sejatie ngenal marang panjenengane Gust
929.Bebasna saka belengguning pangerten lan pemahaman dheweke kang picik lan pekerti ngenal Gusti. Aja nganti dheweke nyalah-artekake kahanane Gusti murih kepentingan kadonyan thok.
930.Cerahna pangerten  lan pemahaman  dheweke   kanthi pituwasing sih katresnane Gusti, supaya dheweke nyadhari pangerten kang dititahake lan kang nitahake..
931.Jar-na  awakmu ngumbara ngupaya titahe Gusti kang ngupaya yakin lan percaya mahami lan mangerti hakekat-E.
932.Aja mbok jar-ake  jiwamu meneng hamung mangerti lan paham. Nanging jiwamu menghayati lan ngamalake  srana nebar karya-nyata katresnan dalem Gusti kanthi mujudake pangerten lan pemahamane kanthi  basa karya, cipta., rasa lan karsa  jumbuh talentane dhewe-dhewe.
933Kelekna awakmu ana  kalining  perasaan atining Gusti. Jar-na-awakmu  menehi marga padhang menyang ing swarga tumrap dheweke  bab kepriye ngilangi rasa wedi jroning ngleksanake talentane. Dalan padhang iku ya Gusti  kang makarya jroning awake.
934.Libatna  ruhmu jroning musyawarah tumrap Gusti bebarengan para malaikat lan para suci, supaya awakmu mangerti rancangan-E,lan ora salah jroning ngleksanakake titah dalem. Gusti.
935.Gusti priksa apa kang ana jroning jiwa pikiranmu.Kowe  harak kepingin nerangake sawijining bab tumrap umat kagunga nE.,ngenani dalan padhang  kang wus mbok deleng sarta alami ?
936.Tindakna talentamu kanthi gumolonging ati.
937.Lamun kowe dadi wong tuwa tumrap anak-anakmu, jaganen  dheweke lan bimbingen  tumuju  menyang hakekat dalem Gusti.
938.Kowe ora bisa nduweni anak-anakmu, arepa kowe wis nglairake  lan nggedhekake. Yen kowe rumangsa  nduweni  dheweke kanthi nafsu sayangmu, siap-siapa bakal getun lan khawatir.Sebab anakmu iku kagungan-E Kowe hamung nduweni hak mbimbing  lan nglestarekake sih katresnan dalem Gusti  kang ana ing anak-anakmu. Bimbingen lan dandanana anakmu, banjur pisungsungna marang Gusti.
939.Yen anakmu brontak lan ora ngurmati marang kowe. Sapa wae kang ngupaya nduweni lan nguasani kagungan-E tansaya suwe bakal kasangsarakake.Yen kowe ora percaya, buktekna wae. Mesthi……kowe bakal kebak rasa kuciwa   lan kebak rasa kelangan.
940.Lamun kowe dadi anak, tanggung-jawaba marang awakmu pinangka anak, kanthi kebak rasa hurmat marang wong atuamu. Sebab  awakmu  kang bakal mbantu wong atuwamu munggah ing kaswargan.. Mangertia aja mbok kuciwake wong atuwamu. Mangertia, kuciwaning wong tuwamu, sebab  korining kaswargan  ana ing piyambake “Wong atuwamu harak sih katresnan dalem Gusti kang maujud.”
941.Lamunn kowe pinangka suami utawa isteri, aja ana rasa nduweni kang ngluwihi kuasaning Gusti.Lamun kowe asikep keras nduweni dheweke, kowe bakal tansah rumangsa sengit, ora puas, cemburu lsp. Dadekna bojomu pinangka kekasih ati utawa mitra kang setya lan saling nglengkapi. Arepa kowe ora ngalami pepati sebab saka kelangan apa kang mbok arepake saka bojomu. Tresnanana bojomu, karana  dheweke walining Gusti kanggo mbimbing  kowe tumuju hakekating Gusti.”Mangetia”.
Oase SatGuru :
“Saben manungsa katitahake mesthi nduweni talenta kang yen katindakake srana  gumolonging ati, bakal nuwuhake kahagian jronig uripmu. Dadekna awakmu mangerti temenan tumrap talenta-mu.”


WICAKSANA LAN ADHIL.

942.Kawicaksanan rokhani iki ora mungkin bisa dipahami lan dimangerti dening ati kang buthek lan cethek.

943.Yen kowe sawutuhe tumuju marang Gusti kanthi tulus lan iklas, kowe ora bakal didhikte dening nafsu kadonyan Ora ana racuning donya kang bisa mbinasakae kowe. Embuh sing ngracun iku pirantining wadhag, apa jiwamu. Racun wadhag awujud zat hawa bumi dene racun jiwa awujud pikiran dogma, persepsi, pemahaman, makna lan arti.
944.Aja nacad  awakmu,,sebab lamun kowe nacat  awakmu, ateges kowe wis nacat Allahmu, sebab sejatine Gusti ana ing jroning atimu

“Iki mujudake keadhilan lan kawicaksanan Kawula kang mbok sipati “
945.Gusti wis  ngebaki atimu, srana sih katresnan, mula reganana lan jaganen awakmu. Percoyoa ing atimu ana sih katresnane Gusti kang mulang lan, ngajari kesucianmu supaya awakmu kalis  saka ing pangglembukke hawa bumi..
946.Jaganen atimu, pikiranmu, ilatmu, lambemu, mripatmu, kupingmu, tanganmu, sikilmu,  lan kelaminmu. Kebakana kanthi sih katresnan dalem Gusti lan  sebarana nganggo niatmu kang  suci
947.Lamun ilat lan lambemu ora mbok jaga, sawutuhing awakmu bakal diadhili kanthi kebak kawicaksanan dening ucapanmu, ilat sarta lambemu. Sebab atimu wis nyeksensi ucapan ilat lan lambemu .Aja nggrundel lan sesambat, luwih-luwih nyamah, mitnah, lan micara ngapusi sebab bakal mateni jiwa pikiranmu lan jiwa pikiran pepadhamu.
948.Dohna ilat lan lambemu saka hawa nafsu bumi. Sebab  hawa nafsu bumi ngupaya  naleni srana belengune.Yen kowe  tinalenan  kenceng, kowe bakal angel anggone uwal. Hamung kesadharan rokhani  kang bisa nglepasake  iketan .Ora ana obat kang mujarab  kanggo mulihake . Sebab kelicikane iblis tanpa wangenan,
949.Singkirna iblis  kang ndadekake kowe batur tumrap  wadhag, lan jiwa pikiramu.
950.Jaganen talinganmu. Aja mbok jar-ake awakmu dirasuki ke-ora  magertian lan kecemburuan sebab talinganmu kurang ngerti lan kurang paham…Kuping bisa mbakar sakabehing jiwa, pikiran, kaya dene ati, rasa, kalbu, lan batinmu nganti kasiksa sarta sangsara.
951.Pigunakna kupingmu sakcara  katresnan lan kebak rasa rendhah hati. Elinga  yen kowe ora ndewasakake kupingmu, kawicaksanan bakal mudhun tumrapmu sakcara adhil lan kowe bakal kasiksa dening rasa cemburu, rasa  kemeren, dengki, sombong lan ketertekanan nganti kowe sadhara

Oase SatGuru :
“Keadhilan lan kawicaksanan bakal ana ing kowe gumantung dhirimu, anggonmu ngendhaleni sakabehing jiwa pikiran lan wadhagmu”.

M R I P A T


Kanthi jujur Kawula mblakke marang kowe, yen pribadhi sejatimu ya ruh sejatimu.

952. Mripatmu pinangka obor tumrap wadhagmu
953.Yen mripatmu becik, uripmu dadi  padhang, yen mripatmu kebak rasa emosi, sakabehing wadhag sarta jiwa pikiranmu dadi  peteng.
954.Gawenen mripatmu tansah mesem kanthi kebak ing ati,kanggo nebar sih katresnaning Gusti, utawa nebar  penguripan, dudu kematian utawa lesu tanpa semangat nanging kebak pengarep-arep
955.Coba mripatmu mbok ajak nebar  katresnan ing penguripane kanthi kebak pengarep -arep “Gelem ora?” yen gelem, ora  masalah yen durung gelem,bujuken terus kanthi ati lembut. Yen tetep isih durung gelem, cobanen kompromi marang mripatmu.yen perlu tebusen, yen dheweke wis kabelenggu lan kumambang dening nafsu bumi, Cobanen peksa kanthi welas asih,  lan kebak kesabaran. Tebusen srana kebak rasa tanggung-jawab.,lan tulus ikhlas.Dheweke bakal luluh nuruti karepmu lan dheweke bakal ana ing kendhalimu kanthi rasa tundhuk lan urmat marang kowe.
956.Wektu iku mripatmu bakal dadi obor tumrap wadhagmu.Karana mripatmu wis kebak padhang endi kang becik sarta bener tumraping Gusti.
957.Mripatmu bakal mimpin sakehing piranti wadhag jumbuh karo perintahmu.Ngupaya dalan kang bener miturut Gusti. Mripatmu bakal kalatih mimpin sedulur-sedulure sak wadhag,.supaya tundhuk lan takluk marang kowe, lan sujud marang piyambak-E.
958.Mripatmu bakal mrintah sedulur-sedulure sakwadhag kanthi  suara sora:”Elinga sedulur-sedulur, kowe bakal    kapikut lan ngumpulake bandha ing bumi,, nanging kumpulna bandahamu ing swarga lan talenana  sabanjure pisungsungna marang ruh sejati kita, kang nduweni tanggung-jawab sakabehing pirantining wadhag kita, supaya ruh sejati kapuji ing ngarsane Gusti”
959.Mripatmu  bakal ambengok sora marang sedulur-sedulure sak wadha:”Awake dhewe ana, karana dititahake dening Gusti supaya tundhuk ngabdi marang bendara kita, ruh sejati kang ora bakal nyasarake
960.Mripamu bakal ngajak sedulur-sedulure sakwadhag kanggo nolak  pandhangan kang nangekake hawa nafsu  ala,  sebab hawa nafsu ala bakal  tangi yen nyumurupi warna-warnining hawa bumi.
961..Cobanen kanggo mangerti lan paham, yen perlu meksa jiwamu bakal  mesem ngrungu bab  iku “
Oase SatGuru
Mripat pinangka obor tumrap wadhagmu, jaganen supaya  tansah padhang” 



K U P I N G


“Sakjujure sepisan maneh tak blakakke marang kowe ,lamun pribadhi sejatimu yaiku ruh sejatimu

962Kuping pinangka teranging wadhagmu.
963.Lamun kupingmu krungu kanthi kebak ing pangerten lan kepemahaman, mula wadhagmu bakal didandani srana padhang, kang elok,lamun kabeh bakal ndeleng ati dhirimu kanthi kebak pengarep-arep.
964.Lamun kupingmu ngrungu kanthi ora pangerten,, tegese ora paham, mula  bakal katangekake hawa nafsu ala-mu, sakkala wadhgmu bakal peteng ora katon sapa wae kang bakal ndeleng.
965.Kuping….pahamana pepinginanmu”
966..Aja  mbok  jugarake persujudane bendaramu utawa ruh sejatimu marang Gusti. Kowe lan ruh sejatimu bisa dadi racun urip sebab mbok kirim makna, teges lan persepsi  supaya bendaramu mangerti lan paham.
967.Lamun kowe ora waspada, kowe baakal khianat marang ruh sejatimu. Wadhag sarta jiwa pikiran ruh sejatimu  bakal peteng  karana dikebaki  ke-ora pangertenan.  Karana ora terang, lan jelas, wis mesthi  ati ruh-sejatimu peteng,bakal kesadhung pepati saka ruh sejatimu kang   kebak sesengit sarta kebodhoan.
968.”Kuping….pahamana pepinginamu
969. Padhangana wadhag bendaramu kanthi pangerten. Pahamana wadhag jasmani bendaranu supaya kowe bisa  misahake endi kang becik lan bener miturut ruh sejati bendaramu
970.Kuping………..yen kowe ora gelem mahami kekarepane ruh sejatimu., ruh sejatimu mbesuk bakal diukum peksa kanthi sih katresnan-E Gusti bakal mbubrah sesengitmu, lan kemurahan saka piyambak-E nganti kowe tundhuk marang ruh sejatimu lan nganti kowe sujud hormat marang   piyambake”
971.Kuping….. kowe kudu sujud ngurmati ruh sejatimu. Padha wae  kowe sujud nyembah marang  Gusti
972.Kawula percaya, kowe bakal mengerti kang Kawula maksud, kowe mung kabelenggu dening petangening  hawa nafsu bumimu. Kawula percaya kowe bakal rila, tulus, lan iklas sakwise kowe ditebus ruh sejatimu saka belenggu kang tumanduk marang kowe. Penebusan ruh sejati  tumrapmu yaiku merangi hawa nafsu bumimu..

Oase SatGuru :
“Kuping pinangka sumber padhangmu, ing kono dununging ke-pangertenan  lan kepemahamanmu”

“Lamun kepingin nyumurupi kadewasanmu, delengan apa kang wis ditindakak dening kupingmu mripatmu,  lambe ilatmu, tangan sikilmu, lan sakabehnig  wadhagmu, apa  wis maremake turapmu?


TUTUK LAN ILAT


Sakjujure Kawula mblakakake tumrapmu, wadhagmu dudu pibadhi sejati utawa ruh sejatimu.

973.Hai lambe lan ilat, aja khianati bendaramu, ruh sejatimu..Aja khawatir lan kuciwa urip roh sejatimu mimpin kowe. Kowe prajanji marang Gusti bakal ora khianati  ruh sejtaimu.Jaganen  murih kowe ora kuciwa, aja ngukum lan ngadili ruh sejatimu, sebab kowe mujudake salah sawijining bageyan tumrap dheweke.
974.Ruh sejatimu sinau nyadhari peran lamber lan ilatmu. Banjur ruh sejatimu ngajari kowe supaya tundhuk marang Gusti supaya awakmu dadi uyah penguripan. ruh sejatimu nresnani kowe lan ora  gelem nguciwakake  tumrapmu, mula nyawijia ing ati sarta tansaha setya.
975.Ruh sejati paham, lamun kowe kuciwa tumrap dheweke kowe bakal ngukum ruh sejatimu kanthi cara kemunafikan, sesat, cecamah, khianat, me-mada, wedi, khawatir, sombong lan kumalungkung, nganti para makhluk bakal nyengiti lan ngukum ruh sejatimu
976.Hai lambe lan ilat, peksanen awakmu kanggo mesem nganti kowe kalatih lan dadi biasa sakcara tulus lan ikhlas.
977.Hai lambe lan ilat, esemna awakmu, nganti sakehing wadhag lan jiwamu melu-melu mesem nebar sih katresnan ruh sejatimu kanggo sapepadhaning titah kagem Gusti.
978.Ruh sejatimu bakal ngajak mripat sarta kupingmu kanggo ngajari kowe marang dalan kang becik, sarta bener tumrap Gusti.Aja kowe khawatir tumrap uriping roh sejatimu bab apa kang mlebu ing lambe sarta ilatmu.Sebab apa kang mlebu  ora bakal nggawe dosa, nanging apa kang metu saka lambe lan ilatmu kang ngancam penguripan ruh sejatimu tumiba ing dosa.
979.Tansaha dijaga lambe sarta ilatmu kanggo mertahanake lambe lan ilatmu jroning ngucap, sebab ucapanmu mujudake uyahing penguripan.
980.Ngati-atia marang apa kang metu saka kowe, krana ucapanmu, omelanmu, lan sesambatmu.Sebab ora mung awakmu kang nanggung kesalahanmu sakcara langsung nanging sedulur-sedulurmu sakwadhag uga bakal melu nanggung, kalebu ruh sejatimu dhewe kang duwe hak tumrapmu.Ruh sejatimu kudu tanggung-jawab marang Gusti, supaya bisa mbimbing kanggo tumindak bener miturut Gusti.
981.Ruh sejatimu kaparingan dhawuh dening panjengane Gusti kanggo mbina lambe sarta ilatmu, supaya tansah martakake keagungan-E. Nganggo dhasar iku ruh sejatimu meksa kowe supaya sujud lan manembah marang Gusti, supaya ruh sejatimu bisa lumebu ing kaswargan.
OaseSatGuru :
Kasampurnaning uripmu bakal kagayuh ora karana ngalahake nafsumu nanging ngendhaleni”
“Ngalahake lan merangi hawa  nafsu tanpa ana tujuan ngendhaleni hamung ndadekake kowe  nyengiti marang awakmu dhewe lan nggedekake egoismemu”
“Aja kowe  picik  ndeleng apa kang lumebu menyang ing kuping lan ilat  tutukmu, nanging pikiren luwih dhisik apa kang metu saka tutuk ilatmu”



KELAMIN BIOLOGISMU


Sakjujure Kawula mblakakake maarng kowe, jiwa pikiramu dudu pribadhi sejatimu utawa ruh sejatimu, nanging media wadhag alusmu,.kayadene wadhag jasmanimu nanging dheweke  luwih kudus, ora katon nanging bisa dirasakake”

982.Mbok sujudake sakehing wadhag lan jiwa pikiranmu bebarengan marang Gusti.Mbok perintahake lambe lan ilatmu kanggo mimpin sedulur-sedulurmu sakwadhag menyanyi bebarengan misungsungake pepujian marang Gusti.
983.Mbok prentahake kupingmu kanggo mimpin sedulur-sedulurmu sawadhag jroning menehi pemahaman lan pangerten supaya tansah tundhuk lan takluk marang Gusti.
984.Mbok prentahake mripatmu kanggo mimpin sedulur-sedulurmu sakwadhag supaya dadi obor penguripan, lan bebarengan ndeleng keagungan makhluk lan hakekating Gusti.
985.Mbok prentahake tangan, sikil, sakabehing balung lan getihmu kanggo sujud  manembah marang Gusti, lan nglakoni panggawe kang becik lan bener miturut Gusti
986.Mbok prentahake jiwa pikiranmu jroning atimu lan utekmu, kanggo sujud lan manembah Gusti, sarta  mbok ajak mikirake, ngrasakake lan ngrencanakake pakaryan dalem Gusti..
987.Mbok prentahake hawa nafsu biologismu utawa pirantining wadhag kelaminmu kanggo ngrungokake pituturing kuping, lambe, ilat lan mripatmu supaya katon jelas lamun hawa nafsu biologismu katujokake ora kanggo maremake dhiri. Hawa nafsu biologis pinangka kunci kreativitas donya lan kunci mahanani sih katresnan dalem Gusti.
988.Sakwise hawa nafsu biologismu utawa  kelaminmu mangeriti lan paham, apa kang dikandhakake sedulur-sedulurmu. Dheweke nyimpulake lamun kreativitas donya lan pemahaman sih katresnan dalem Gusti kawiwitan saka rasa ketarik proses biologis kanthi gambaran katresnan utawa dualistik antarane lanang lan wadon kanggo nduweni siji lan sijine.
989.Proses kreativitas donya kapicu sakcara kepentingan biologis mekar dadi pepinginan nguwasani siji lan sijine lan mekare ing donya, dadi kreativitas penggayuh nguwasani bandha kang  kinandhut ing bumi, katresnan ora sejati, kekerasan, sesengit, cemburu lsp.
990.Mekaring kepentingan biologis diperjuangake kanggo ngrebut apa kang dipengini siji lan sijine , yaiku ngrebut kemilikan tumrap wong lanang lan wadon pinangka kekasih sakwise katekan, tegese hawa nafsu kamaremake lan bakal mekar ora nganggo leren dadi naluri utawa insting kamelikan jroning penggayuh tumrap hawa nafsu. Sebab kemareman hawa nafsu lamun ora dilereni ora bakal ana pungkasane.
991.Sedulur, Kawula terus nekanake pangerten lan pemahaman bab pangerten hawa nafsu biologis kang ana ing titik kelaminmu srana kunci kreativitas karya kadonyan kang kudu kapisungsungake marang Gusti. Tegese sedulur, Kawula menehi pangerten bab kreativitasa iku kapasrahna sak cara tulus ikhlas jroning wujud karya nyata ing panjenengane  Gusti ing bumi. Kanthi iku kelaminmu bakal atur pasumbang kreativitas jroning wadhag, lan jiwa pikiranmu kanggo nyawiji jroning penciptaan utawa proses donyaning cipta, rasa  lan karsa.
992. Kelaminmu pungkasane sadhar kudu berbhakti lan ngurmati sarta tundhuk marang ruh sejati, yaiku awakmu dhewe. Cipta. rasa lan  karsa kelaminmu dipersembahake  marang kowe, banjur dipisungsungake marang Gusti kanggo nglengkapi senyawa bumi lan langit. Kelaminmu saiki wis bisa ngendhaleni kreativitas hawa nafsune kanggo ora kejebak lan tinalenan jroning kaelokan bumi. Nanging kreativitase dikendhaleni kanggo pisungsung tumrap Gusti murih keseimbangan alam semesta ciptaan-E.

Oase SatGuru:

“Nafsu biologismu mujudake lawang kreativitas kadonyan, wajar yen mbok mekarake imajinasimu lan maujude.”

“Imanjinasimu saka nafsu biologismu  becike mbok pasrahake lan sembahake sakcara tulus marang Gustimu, pinangka dadi imajinasi nafsu surgawimu, lamun ora, hamung nafsu birahi thok”


http://kawuloalitlebetingmanah.blogspot.co.id/2012/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar